Anda di halaman 1dari 3

 

: (bowo)
“Gegarane.. wong akrami..,
Dudu.. bondho.. dudu..rupo..
Hamung..ati..pawi..ta..ne..
Luput.. pisan.., keno..pi..san..
Yen gam..pang…, luwih.. gampang..
Yen angel a..ngel ke…lang…kung…
Tan keno.. ti..numbas.. arto… “

Syair
Pamintaku nimas sidoasih
Anut runtut tansah reruntungan
Ing sarino saharine
Datan ginggang sarambut
Lamun adoh caketing ati
Yen cedak tansah mulat
Yidoasih tuhu
Kadyo mimi lan mintuno,ayo bareng nimas anglakoni wajib,
sidoasih bebrayan.

Saduran:
Permintaanku wahai kekasih
Selalu bersama-sama
Di ruang dan waktu
Tak berjarak meski cuma sehelai rambut
Kalau jauh dekat di hati
Kalau dekat berpandangan
Begitu sejatinya asmara
Seperti mimi dan mintuno
Ayo bersama melakukan panggilan sosial
Cinta kita berdua tak bermakna jika tak menjalarkan cinta pada
sesama

Bowo Nyidhamsari
Dhuh wong ayu… pepujaning ati
Kaya ngene rasane wong nandhang asmara
Apa ta awakku dhewe
Dhuh dewa Jawata Gung
Welasa mring awak mami
Besuk kapan katekan
Jejer lan wong ayu
Umpamakna nahkodha
Tanpa prau sasad ora den pepetri
Ngidhamsari asmara

Bowo Langgam Caping Gunung


Saben bengi nyawang konang
Yen memajang mung karo janur kuning
Kembang wae weton nggunung
Pacitan sarwi jenang
Panas udan(janjine piyemas2 jo ngesuk2 jo mepet)
aling-aling caping nggunung(jaranan)
Nadyan wadon sarta lanang
Inumane banyu bening

Bowo Wuyung
Rembulane sumunar ndhadhari
Lintang-lintang angebak’i  tawang
Pating gelebyar cahyane
Wanci ratri wus larut
Swara angin semribit ngidit
Saya nggegerit manah
Wong kang nandhang wuyung
Ketaman lara asmara
Dhuh kusuma wilangan sanga lan kalih
Mugi welas mring kula

Bowo Lgm. Ngimpi


Ngambara ing awang-awang
Angelangut bebasan tanpa tepi
Narabase mega mendhung
Miber ngideri jagad
Ngulamndara nglembara ngubengi gunung
Ketungkul ngumbar gagasan
Satemah digawa ngimpi

Bowo langgam Ngujiwat


Pangkur
Dhuh nimas mustikaning wang
Kang ngujiwat maweh reseping ati
Tetulunga raga ningsun
Kang kataman asmara
Esem ira nyirnakke lungkrah lan lesu
Ngilangke rasa kang samar
Tresnaku sundhul wiyati

Anda mungkin juga menyukai