Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Warahmatullahi wabarakatuh,

A’udzubillahiminasyaithanirrajiim. Bismillahirrahmanirrahiim. Alhamdulillahirabbil ‘alamiin.
Wabihi nasta’inu ‘alaumuriddunya waddin, washalatu wassalamu ‘ala sayidina
muhammadin wa’ala al, ihi washahbihi ajma’iin. Amma ba’du

Hadrotal Mukarromah Panjenenganipun Ibu Nyai Uswatun Khasanah ingkang kulo takdzimi
Dumateng sedoyo Bapak Kyai ingkang mboten saget kawula sebat setunggal mboko setunggal
asmanipun ingkang tansah kawula dereki,
Sedaya Ibu Nyai ingkang mboten saget kawula sebat setunggal mboko setunggal asmanipun
ingkang tansah kawula takdzimi ugi
Ingkang kawula hormati Bapak Kepala desa Kalipucang sak jenjang rawatipun sekalian ketua
NU Ranting desa Kalipucang
Dumateng sedaya pengurus Muslimat, Fatayat, Anshor ingkang kawula hormati,
Sedaya Hadirin Hadirot ingkang kawula hormati ugi

Sakderengipun kawula matur minangka talang atur saking rencang-rencang penyelenggara


Pengaosan Rutin Muslimat Desa Kalipucang punika, ingkang sepisan mangga sareng-sareng
kita ngunjukkaken raos syukur kita dumateng Allah SWT ingkang sampun paring rohmat lan
hidayahipun, dumateng kita sedaya, saenggo ing wekdal meniko kita saget makempal muwajjah
wonten ing majelis ta’lim ingkang mubarokah menika kanti mboten wonten alangan setunggal
menopo, Mila raos syukur kita, kita ikraraken mawi kalimatut
tahmid...Alhamdulillahirabbil’alamiin.

Mboten kesupen shalawat saha salam tansah kita aturaken dumateng uswah hasanah kita inggih
punika Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafa’atipun wonten yaumil
qiyamah. Allahumma Aamiin.
Para rawuh ingkang kawula hormati,

Sepindah, minangka wakil muslimat, kawula ngaturkan agunging panuwun kagem Bapak ketua
NU, Ibu2 Muslimat, Adik2 Anshor lan fatayat, ingkang sampun paring pambiyantu awujud
menapa kemawon, sahengga acara pangaosan lapanan NU saget kaleksanan kanti lancer

Ingkang kaping kalihipun, kawula ngaturaken sugeng rawuh saha maturnuwun dumateng Bapak-
bapak, ibu-ibu saha adik-adik sedaya ingkang sampun kersa rawuh wonten pengaosan menika.
Mugi rawuh panjenengan kagolongaken amal solihah, dipun tampi Allah SWT. Aamiin...

Ingkang kaping tiga kawula atas nami panitia penyelenggara nyuwun pagapunten dumateng
sedaya kekirangan anggenipun paring pekurmatan, arupi papan palenggahan, penyambutan,
minggahipun pasugatan ingkang kirang nuju prana dumateng penggalih panjenengan sedaya.

Hadirin lan Hadirat ingkang kawula hormati, mangga sedaya kegiatan Muslimat tansah kita
dukung, mugi2 tansah mbeto berkah manfaat kagem masyaratakat desa Kalipucang lan warga
msayarakat umumipun

Kados semanten kemawon ingkang saget kawula aturaken. Kathah klenta klentunipun anggen
kawula matur nyuwun agunging pangaksami.

Akhirul Kalam...
wallahul muwafiq ilaa aqwamith thariq Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh..

Anda mungkin juga menyukai