Anda di halaman 1dari 4

SAHABAT KANG BECIK

Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Inda sing wes gak
melbu sekolah ono seminggu. Jare konco-koncoku si Inda iku loro tipes, terus aku due ide
urunan gae gawakne roti lan buah-buahan sing di senengi Inda. Aku lan koncoku liane numpak
sepedah bareng mergakne omae Inda ugo gak adoh tekan sekolahan.

Ndilalahe pas nek tengah dalan ora sengojo ban sepedahku kenek paku. “Do, pedahku kok kroso
aneh ya lek di tumpak i”, aku muni nek Dodo !! “Lha emange konopo?” jawabe Dodo. “Sek jajal
mandek tak delok e disek”, balesku. Terus aku karo Dodo jajal mandek gawe ndelok pedahku
sak temene kenek opo, Sementara konco-koncoku liane budal disek gak enek sing eruh. Mbasan
di delok, tibak e pedahku kenek paku lan ban e gembos ora iso ditumpaki.

Akire aku dikancani Dodo nuntun pedah goleki tukang tambal ban. Amergo posisi pas kui tibak
e ora ono tukang tambal ban, aku due rencana nitipke sepedahku ing omae salah siji warga cedak
kunu. Terus aku di gonceng Dodo nyusul koncoku sing wes podo budhal disek menyang omae
Andi. Aku matur suwun banget karo Dodo, amergo Dodo salah sijine sahabtku kang becik atine.
Dodo gelem mbantu koncone pas lagi kesusahan. Setelah kedadean kui aku maleh akeh sinau
tentang artine persahabatan.

Cahya Widyaningrum (07)


LOMBA CERDAS CERMAT SEKOLAH

Nang dina sabtu pas mulih sekolah ana pengumuman babagan arep dianakne LCC utawa
“Lomba Cerdas Cermat”, sing arep dianakne dina senin lan panggone neng lantai dhuwur.
“Farah, kepiye miturut kowe, kowe arep meloni lomba kuwi ora?” Dafi ngesem, “Miturutku sih
lomba kesebut menarik uga sih”, kondho Farah sing banjur mlaku nuju kancane “Dafi, kepiye
yen kowe melu lomba kuwi?

Ya ora kanca-kanca”, Dafi lan Farah lungguh “iya aku lan Maya setuju karo usulan Dafi kuwi”,
Lia lan Maya njawab barengan “Ehmm, yawis lah aku tak melu lomba kuwi”, Farah ngesem
“Nah ngunu, kuwi lagi kancane awake dhewe”, Dafi ndeleng Farah “Eh kanca-kanca awake
dhewe menyang perpustakaan yo”, Farah ngajak kabeh kancane “iya yo aku uga pengen maca
buku”, kabeh kancane njawab karo barengan.

Farah lan kabeh kancane menyang perpustakaan sekolah, neng tengah dalan Rere pengen lunga
menyang toilet “eh Ana aku arep menyang toilat sedhela ya, aku wis ora kuwawa ki” Rere jaluk
izin marang Ana “haha, iya cepet menyang toilet kana” Ana nggumuyokake Rere “nuwun ya”,
Rere mlayu karo cepet nuju toilet, banjur Farah lan kancane lunga menyang perpustakaan meneh
“akhire nganti uga neng perpustakaan”, kondho Dafi marang kancane kabeh lan dheweke banjur
nggoleki buku-buku sing pengen diwaca

“Ana, yen kowe arep nggoleki buku, kowe dhisikan ae soale aku pengen nggoleki buku cerito
dhisik”, Farah mlaku nggoleki-golek buku sing lagi digoleki “iya aku uga pengen nggoleki buku
Matematika”, Ana nuli ngesem lan Dini, ngira uga nggoleki-golek buku cerita bahasa jawa
kanthi tema pendidikan sekolah dan persahabatan. Rere sing mau menyang toilet mau banjur bali
menyang perpustakaan meneh, neng tengah dalan dheweke ndeleng cah wedok sing ayu lan
wedok kuwi nuli nyeluke.

Nonik Agika Stevani (25)


KANCA SAKLAWASE

Jenengku Fajar, aku nduwe konco kang jenenge sodiq. Sodiq iku konco ku awet aku cilik. Sodiq
iku uwonge apikan yo setia kawan. Biasane sodiq ngundang aku tukang ngantukan, tapi aku yo
ora duwe roso risih nek di undang ngono kui mungkin wes biasa dadi yo gak tak gowo ati.
“Duwar...itik-itik suarane sodiq ngageti aku. Kowe lho jhan ngaget-ngageti i aku wae, nek aku
jantungen piye gelem po awakmu tanggung jawab? Jawabku marang Sodiq. Ngapurane lah jar,
kowe sih ngantukan wae, kae uwis bel masuk, selak di senani mengko karo pak guru-guru balas
sodiq marang aku. Sak uwise iku aku lan sodiq mlebu kelas bareng-bareng.
Bel bali sekolah uwes di muni’ke, koyo biasane aku karo sodiq bali bareng, naming tekan
setengah perjalanan aku karo sodiq kepisah amergo sodiq lagi arep mampir mareng tukang
jahitan jupuk klambine ibuke. Akhire aku bali dewean, la teko-teko buku sek tak gowo tibo
“buukkkk” ditabrak bocah cilik.
“Sepurane mas aku gak sengojo e'” “Yo rapopo dek mung buku kok seng gigal, mulakno nek
mlaku kui seng ati-ati ya dek” “Enggeh mas” Koyo biasane aku budal sekolah jam setengah pitu,
yo koyo biasane aku melu pelajarane pak guru lan bu guru. Naming kok dino iki ora koyo
biasane, sodiq kok gak ketok sedino kie, dadeake khawatir maring pikiran aku, aku mutuske bali
sekolah maring omahe sodiq.
Tekan ngarep omahe tika yo bedo ora koyo biasane suasanane ki sepi banget koyo gak ono
uwong. Terus akhire aku takon marang pak satpam, jebule sodiq ora nek omah kono alias pindah
anyar. Bali seko omahe sodiq aku lagi kepikiran loh kenopo kok sodiq pindah kok ora neng kono
wae? Yo kenopo kok sodiq gak ngomong karo aku? Kan aku kancane? Malah aku dadi bingung
dewe karo sodiq.
Minggu isuk aku pamitan marang ibuk arep nggoleki alamat omahe sodiq sek anyar. 1 jam luih
jebule aku muter-muter nglewati dalan sempit-sempit akhire yo ketemu omahe sodiq batinku.
Aku kaget tekan ngarep omahe sodiq seng biasane urip enak lan kepenak saiki malah urip nek
tempat sek kumuh lan sempit.

Olivia Nurkhasanah (26)


TUKU SEPEDA

Ing sore kang cerah, kejaba Wina katon lunggung ono kursi ngarep omahe. Ulate mbesungut,
atine katon nggondok. “Buk, bapak dereng rawoh ta? Kok suwe eram.” Pitakone Wina marang
ibune. Ugo tibak e wisnu wes dijanjeni bapak e arep dijak mlaku-mlaku sore menyang toko
sepedah. Wina terus kelingan janjine bapak yen dhewek e biso rangking 1 arepe di tumbasne
sepedah anyar koyok sing wes dipingini wisnu katon suwe.

“Bapak jek kerjo nu, kayak e bakal muleh rodho telat!”, jawab e ibuk. Wina nimpali dawuhane
ibuk, “Lha bapak wingi pun janji ajenge numbasne aku sepedah anyar lo buk, mosok bapak
kesupen ya!”. Ora suwe banjur ono suworo motor melbu nek ngarep omah, Wisna langsung
mlayu mastekne yen suworo iku teko motor e bapak e muleh kerjo.

“Hore, Bapak rawuh……. Bapak rawuh……..”. Wina Sorak-sorak bungah atine. Wina sing
awale katon lesu, gelisah lan bingung ugo langsung semangat. Polae dino iki mau Wina tompo
rapot lan dilalahe oleh ranking 1. “Pak, sore niki sios tumbas sepedah anyar kagem Wina kan?”,
Wina mastekne menyak bapak e.

“Wah, anakku ranking 1 tenan to? Selamat yo le….. ayo gek dang adus terus budal tumbas
sepedah”, jawabe bapake wina. Banjur tanpo basa-basi Wina langsung njupuk klambi lan mlaku
nak jeding ados. “Sak gebyuran ugo wis cukup-lah kanggo adus sore iki, ben cepet”. Batine
Wina.

Rampung adus, adit di dandani karo ibuke, gawe minyak wangi lan pupuran merok-merok. Bar
kui langsung nemoni bapak e sing wes siap budal ngenteni nek ngarep omah. Ing toko sepeda,
Wina sampek bingung milih sepedah sing di pingini. Akeh pilihan sepedah sing di tawarke mulai
rego 1jt – 3jt apik-apik tur warnane katon nyenengke. Sak wise milih-milih sepeda kang ono ing
toko, wisnu mulai sreg karo salah sijine sepeda kang warnane orange.

Ratnasari (29)

Anda mungkin juga menyukai