Anda di halaman 1dari 1

WEJANGAN KANCA PENTINGE PENDIDIKAN

Tara : Ngesuk dina minggu koe arep meng ngendi lan? mesti ana acara ya?!
Wulan : Urung ngerti kie, aku urung due rencana mengendi-ngendi.
Rehan : Aku si arep neng ngumah bae. Aku mendingan sinau daripada dolan nganah ngeneh ra
jelas.
Budi : Iya aku pada karo Rehan. Daripada keluyuran ra jelas mending sinau bae neng umah.
(Rehan karo Budi beda kambi Tara karo Wulan Rehan karo Budi kue bocah sing sregep sinau,
mentingna pendidikan timbang liane).
Tara : Wah koe dina minggu esih sinau? Pitu dina kue awake dewek kur due prei ping siji nggo
nyenengna awak, ngapa mesti sinau.
Wulan : Iya, koe deneng pada sregep sinau. Padahal sinau nem dina kue wis lewih cukup.
(Budi terus njelasna maring Tara, Wulan, Rehan. Pelajaran kue lewih penting daripada dolanan apa
keluyuran ora jelas).
Budi : Plesiran karo dolan kue emang butuh sih... awake dewek mesti ngerasa bosen nek saben
dina sinau bae. Tapi dewek emut mestine nganti akeh nggo sinau sing bakal dadikna dewek dadi
bocah pinter.
Rehan : Iya aku setuju karo koe Bud. Wis lah, aku ora nglarang kari koe arep pada dolan, tapi
karepku koe tetep fokus karo pelajaran. Aja kakean keluyuran, sementara pelajaranmu di jorna.
Wulan : Sapa sing ngomong aku ninggalna pelajaran. Aku sinau koh...tapi ora sesregep koe cah
loro.
Budi : Nah kue deweke, siki koe kudu mbagi waktu sing lewih akeh nggo sinau mu ben mengko
koe bisa lulus nganti nilai sing apik.
(Tara digawe mikir sekang omongane Budi, (kabean kie mentingna banget pelajaran ketimbang
dolanan) batin Tara neng njero ati.
Tara : Oke, aku tampa masukanmu. Kayane apa sing koe ngomong kue pancen bener. Siki aku
kudu lewih fokus karo pelajaran.
Wulan : Iya yaa...ngapa aku kudu mbuang akeh waktu nggo tujuan sing ra jelas kue sementara
pelajaran sing kudune tek sinau malah tek jorna.

Anda mungkin juga menyukai