Anda di halaman 1dari 4

Assalamu'alaikum Wr.

Wb

 Karaharjan berkah saha rahmat kagunganipun Gusti Ingkang Maha


Mirah mugi tansah tumedhak lan tumanduk kajiwa kasalira dhumateng
panjenengan sedaya dalasan kula sumrambah kulawarga waradin sagung
dumadi lestantun raharja.

Ingkang tuhu kinabekten para sesepuh myang pinisepuh ingkang tansah


nindakaken mring wewarahing kautaman kinarya tepa palupining putra
wayah

Sanggya 'alim, para 'ulama ingkang tansah hangugemi mring tuntunan


kitab suci, ingkang satuhu luhuring budi.

Para manggalaning praja kinarya pangayomaning pabrayan ingkang pantes


sinudarsana.

Sanggyaning kadang werda, madya, taruna ingkang tansah cinaket ing


manah, tinangkep ing kekadangan saha tinangsulan raos pasedherekan
rinonce sekaring katresnan

Para kadang sutresna budaya adiluhung ingkang tansah memetri


mardawaning budaya tulus ingkang pantes nampi pakurmatan.

Sagung tamu kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan.

 Kalangkung rumiyin sumangga kula dherekaken muji syukur konjuk


dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, Dzat ingkang minangka sumbering
sumber hanyumberi sekabehing sumber, nenggih Allah SWT. Kacihna
sampun mbabar kanugrahan ingkang mawurahan,paring kekiyatan dalah
kawilujengan satemah panjenengan sedaya dalasan kula saged
pepanggihan kempal manunggal ing papan menika kanthi winengku ing
suka dalah basuki

Rahmat saha salamipun Allah SWT mugi tetep linuberna dhumateng


priyagung unggulaning manungsa sesotyaning bumi mustikaning jagad
nenggih Nabi Muhammad SAW dalah kulawarga sumrambah para sohabat,
mugi saged lumuber dhumateng sagung pandherek kalebet panjenengan
sedaya dalasan kula, ingkang tansah hangrantu payung pitulunganipun
utawi safa'atipun wiwit wonten donya prapteng delahan

Salajengipun mugi wonten keparengipun kula……….. cumanthaka lumarap


atur satemah hangirangi kamardikan nyigeg anggenipun imbal wacana .
Kula ingkang kapiji handherekaken upacara wiwahan dauping pinanganten
sarimbit nenggih putra putrinipun bapa …………… ingkang asesilih
kusumaning ayu ………. Kadaup kalian bagus ……….. atmaja kakungipun
bapa …………… ingkang lenggah dedalem ing ………………….

Sanggyaning tamu kakung saha putri ingkang tansah sinugata ing


pakurmatan, wondene reroncening adicara ingkang badhe hangrenggani
upacara wiwahan dhauping Penganten Sarimbit wekdal menika ingkang
sampun rinancang, rinacik, rinumpaka dening kulawarga sumrambah para
kadang panawung kridha darma, nenggih ingkang badhe katur mekaten:

1. Titi laksana ingkang sepisan nenggih pambuka.

2. Kalajengaken adicara ingkang urut kalih nenggih lumarabing sri


atmaja penganten putri ing sasana rinengga.

3. Ingkang rinacik ing adicara urut tiga nenggih rawuhipun penganten


kakung kalajengaken srah panampi.

4. Wondene adicara urut sekawan, upacara bedol kembar mayang


kalajengaken upacara adat panggihing penganten sarimbit.

5. Pamaosing ayat suci Al Qur'an rinacik ing adicara urut gangsal.

6. Ndungkap adicara ingkang urut enem, nenggih atur pambagyaharja,

7. Kirabing temanten. Rinonce ing adicara urut pitu ingkang sepisan


kirab kanarendran ingkang urut kalih kirab kasatriayan

8. Saparipurnaning kirab, tumuli kalajengaken adicara ingkang urut


wolu nenggih

wedharing sabdatama saha hastungkara utawi donga.

9. Wondene ingkang minangka warujuning adicara nanggih panutup

Mekaten sagung tamu kakung saha putri, reroncening adicara ingkang


badhe angrenggani Pawiwahan wekdal menika ing dinten …..katiti surya
kaping …….. wulan ……warsa …… mapan ing …………………….

Salajengipun kanthi tansah hanyadhong pangayoman mring Gusti Ingkang


Maha Agung, mugi tumapaking gati wiwit purwa madya dumugi wasana
tansah pikantuk payung kawilujengan satemah lestantun raharja.

Rehning sedaya sampun samekta tuwin satata miwah sri atmaja temanten
sarimbit ugi sampun purna nggenya ngrasuk busana temanten, pramila
adicara badhe kula purwakani. Minangka pambuka, kula ngaturaken
sesanti" PAMIYAKING WARANA KINARYA SARANA HAMEMAYU HAYUNING
SASAMA ".

Katur dhumateng para tamu, kula dherekaken sekeca lenggah kanthi


mardikaning penggalih hangrantu adicara salajengipun, nuwun.
Dhumateng kadang pandaya swara kasuwun nyigeg ungeling gendhing
ingkang nembe kapiyarsa.

Sanggyaning tamu kakung saha putri ingkang sinugata ing pakurmatan,


sampun wonten pratanda saking kadang juru sasmita, bilih mustikaning
pawiwahan nenggih Penganten putri sampun purna nggennya ngrasuk
busana temanten. Pramila boten dangu malih penganten putri gya kakanthi
manjing sasana wiwahan.

Pramila katur dhumateng juru pangadi busana, nenggih ibu…saking


sanggar rias penganten…ingkang mapan ing…kasuwun mratitisaken
adicara menika.* Katur dhumateng juru pandaya swara kasuwun
hangiringi kanthi larasing gendhing Puspawarna.

UNTUK MENUTUP ACARA

Sanggyaning tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu bagya lan


mulya, sedaya

reroncening adicara sampun dhungkap paripurna, hananging saderengipun


kula dherekaken ing adicara panutup, kula ingkang piniji minangka juru
laksitaning adicara saestu nglenggana kathah cicir cewet kuciwaning atur
jalaran kirang pana pandhapuk ing basa, kirang runtut wijiling ukara,
inggih awit saking menika kula hamung sedhah siti boga binuntel roning
kalapa.

Salajengipun kula hamungkasi adicara pahargyan menika kanthi


manjalmaning sesanti "

JAYA-JAYA WIJAYANTI MUGI RAHAYU INGKANG SAMYA PINANGGIH ".


Temanten sarimbit jinajaran rama ibu jengkar saking palenggahan saprelu
hanampi tambahing donga pamuji saking sagung tamu lumantar jawat
asta. Dhumateng juru sumbaga nenggih ibu ………….. kasuwun
jengkaraken penganten sarimbit,

katur dhumateng juru pandaya swara kasuwun hangiringi gendhing ayak-


ayak Umbul donga
Katur dhumateng para tamu, sepen saking raos panundhung, namung
saged ndherekaken sugeng kondur,ing pangajab sedaya tansah pikantuk
pangayomaning Gusti Ingkang Maha Agung, satemah lestantun raharja
dumugi papan palenggahan sowang-sowang

Minangka panutuping atur, billahi taufiq wal hidayah, wassalamu'alaikum


Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai