Anda di halaman 1dari 8

KENDUREN

Disusun Oleh :
Agung Prawira Samsuri
Avicenna Hilmi Chesta A
Bariq Assidhiqie
Rafi Aqsha W.
Rijalul Haq Muhammad R
Putu Raditya Vigyan B
Yusgiantoro Setyo W

SEKOLAH MENENGAH ATAS (SMA) NEGERI 1 GENNTENG BANYUWANGI


2023
PRAWACANA

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatu


Sedurunge laporan iki digawe, monggo baremg-bareng manjatake puji Syukur marang
kehadirat Allah SWT, atas Rahmat-Nya lan karunia-Nya awakdhewe bisa ngerampungaken
laporan tepat waktu. Topik sing awakdhewe usung yaiku “Kenduren”.
Mboten lali awakdhewe haturake matur nuwun marang Pak Nirbito Hanggoro Pribadi
selaku guru Bahasa Jawa. Ing laporan iki, mungkin akeh kesalahan sing boten disadari.
Amerga niku, awakdhewe mohon saran lan kritik saking panjenengan demi penyempurnaan
laporan niki.
DAFTAR ISI

PEMBUKAAN.....................................................................................................................................4
ISI.........................................................................................................................................................5
PANUTUP............................................................................................................................................7
KAPUSTAKAAN................................................................................................................................8
PEMBUKAAN

Assalamualaikum wr.wb. Dadi teng mriki awake dewe nggowo ngenani kenduren.
Alasan awak dhewe nggowo tentang babagan kenduren yaiku amarga kenduren umume
dilaksanakake karo lanang lanang. Nah, berhubung kelompok iki isine lanang kabeh,
kenduren dadi topik sing pas kangge tugas laporan. Kenduren diikuti mulai saka arek cilik
nganti bapak-bapak. Kenduren due Sejarah kang unik ing Jawa Tengah. Kenduren awale
budaya kang teko agama hindu nanging dimodifikasi kaleh para wali nganti dadi kang kaya
saiki. Nanging miturut Agus Sunyoto, kanduren justru gawaan saka tradisi wong muslim
Campa (Kamboja) sing berpaham Syiah Persia sing teko ngungsi ing Jawa ing sakitar tahun
1446 nganti 1471 Masehi. Kenduren dilaksanake karo warga sing ana hajat, banjur ngundang
keluarga, tetangga gawe doa bersama supaya hajat utawa harapan saka tuan rumah dikabulke
Tuhan Yang Maha Kuasa. Kenduren yaiku kegiatan doa sami-sami sing dihadiri karo para
tetangga lan dipimpin karo tokoh agama gae memohon keselamatan utawa ngirim doa gae
leluhur sing wes ninggal dunya. Seng due acara biasane ngehidangaken pangan panganan
koyok nasi tumpeng, nasi golong, ingkung ayam, sayur, lauk pauk lan sak liyan-liyane. Mari
doa bareng, dilanjutne karo mangan bareng. Sayange, Kenduren ning zaman iki malih jarang
dianakake merga wong wong zaman saiki akeh sing individualis mikirne awake dhewe tanpa
mikirne perasaane wong liya.
Padahal, kagiatan kanduren bisa nguwenehi manpaat akeh kangge Masyarakat sing
ngikuti, kayata ngeraketake tali silaturahmi, tempat kangge cerita, lan sak liyane. Alasan
liyane kenduren ing jaman saiki wis berkurang yaiku Kadang wong-wong nganggep
kenduren iku acara kang dilakoni pas ana acara kaya acara lahiran utawa nikahan, padahal
uga bisa acara syukuran, meringati hari besar Islam, sewu dinaan, lan sakliyane. Biasane yen
acarane gedhe, tempate ana ing masjid amargadi ruang sing dibutuhake uga gedhe. Ing
laporan iki, arep dirembug ngenani tradisi kenduren.
ISI

Kenduren iku salah siji budaya tradisional sing kaya makna lan ragam ing Indonesia.
Acara kenduren iki biasane digelar ing berbagai hal ing kehidupan masyarakat, kayata
pernikahan, kelahiran, sajeroning pagelaran dina agama. Kenduren, disebut uga kenduri.
Upacara adat sing siji iki yaiku salah siji acara adat sing dianakake kangge parwujudan teko
rasa syukur marang tuhan, atas kekabule donga lan harapan. Kenduren kuwi akeh jinise,
nanging ing intine kenduren iku adat istiadat kanggo bersyukur. Sakliyane kangge syukuran,
acara iki uga dadi tempat masyarakat kumpul. Umume diikuti para lanang lanang kangge
njaluk kelancaran ngenani sesuatu sing dipingini saking penyelenggara. Kenduren ngundang
wong wong sakitar (tetangga, sederek, kanca kanca,dll) sing dipimpin kaleh wong sing tua
utawa sing ahli ing bidang ngaji.
Kenduren ing sakitar sing awakdewe temoni biasane dimulai ba’da maghrib. Kanggo
panganane, disediakake sega tumpeng berkat sing saget digowo mulih tamu saking acara niki.
Isi saking berkat rata rata yaiku iwak pitik, mie, tahu, lan tentu wae sega. Kanggo nyiapaken
panganan, para tanggi dugi pirangane jam utawa dina sedurunge acara dimulai sing disebut
Rewang. Umume rewang niku diikuti kaleh ibu ibu, nanging cah enom uga bisa ngewangi
seng luwih tuwa gawe masak panganan lan jajan jajan.
Tujuan saka kenduren iku dewe yaiku njaluk slamet gawe sing didongakne, lan
keluargane, sakliyane kuwi kenduran uga bisa dilakoni kanggo ngrayakaken kasuksesan saka
wong utawa anggota keluarga sing nylenggarakake kenduren. Ing pirangan daerah, kenduren
iku dhewe bisa ditemoni karo jinis sing macem-macem, kaya:
1. Kenduren wetonan (wedalan), dijenengi wetonan amarga tujuane kanggo selametan ing
dina laire wong. Ing pirangane panggonan, kenduren jinis iki dilakoni karo meh saben warga,
biyasane sak keluarga siji weton kang dirayakaken, yaiku kang paling tuwa utawa dituakan
ing keluarga kasebut. kenduren iki ing tindakake kanthi rutinitas saben selapan dina (1 sasi).
2. kenduren munggahan. kenduren iki miturut crita tujuwane kanggo ngundhakake para
leluhur. pirangan panggon nyebute selametan pati, artine kenduren iki ditujukake dadi do’a
kanggo ahli kubur saka keluarga kang nggelar kenduren kasebut. nggo saperangan wong
kenduren iki uga biyasane dikenal dadi kenduren/selametan ke-7, ke-40, ke-100 lan ke-1000
dina wafate wong.
3. kenduren likuran. kenduren iki dilaksanakake ing tanggal 21 sasi pasa, kang dimaksudke
kanggo mengeti nuzulul qur’an.
4. kenduren awak . kenduren iki dilaksanakake ing riyaden, ing tanggal 1 sawal. kenduren iki
padha kaya kenduren likuran, tujuwane kang liyo yaiku kanggo ngudhunake leluhur. kang
mbedakake mung, sadurunge kenduren awak, biyasane didahului karo nyekar menyang
makam leluhure keluarga.
5. kenduren ujar. kenduren iki ditindakake dening keluarga kang nduwe surasa utawa tujuwan
tertentu, utawa kang nduwe ujar/omong. kenduren iki uga sering ditindakake nalika ono
wong kang wis oleh anugrah.
6. kenduren mauludan. kenduren iki ditindakake ing tanggal 12 sasi maulud. jero saperangan
tradhisi kenduren uga ditindakake ing dina gedhe islam. kerep awake dhewe temoni ing
sawetara kalodhangan ing sawetara laladan ngenani ritual kenduri iki berbeda seje, apik
jroning wangun jeneng, pelaksanaan, konsep kang dianggo malah menu sajiane. nanging,
saka kesekian macem ritual kasebut nduweni tujuan kang padha, yaiku berdoa. becik kanggo
sing nduwe hajat utawa wong liya. munajat doa iki lah kang dhisik konon diolehi saka
dampak keluwesan lan dinamisasi ajaran ajaran kang digawa dening walisongo jero nyebarak
PANUTUP

Ing laporan iki, awak dewe njelajahi carane kenduren dilaksanaaken kanggo
ngomongi perkembangan teknologi lan tren global. Carane media sosial lan konektivitas
global ngaruhi carane kenduren digelar, lan carane kenduren bisa dadi panggung kanggo
ngenalake sugihe budaya Indonesia marang dunia internasional. Kenduren, uga disebut
kenduri, kagiatan iki dianakake kangge mujudake rasa Syukur maring Tuhan, atas doa lan
harapan sing kekabul. Kenduren ora sekedar tradisi sing bertahan,nanging uga suatu perayaan
makna lan tujuan sing jeru. Kadang kenduren pisan di laksanakaken nganggo tujuan
ngewangi wong kang kakurangan sangking segi ekonomi. Dadi kenduren uduk kegiatan sing
ngandung unsur bid’ah (kegiatan kang ngandung unsur syirik lan ora ana kaitane marang
gusti Allah SWT). Kenduren umume dimulai sakwise magrib nganthi adzan isya’ nanging
yen ora ngono biasane wong wong jagongan nganthi tengah wengi mbahas lika liku kauripan.
KAPUSTAKAAN

Pambudi, Kholiq.(2022, Maret 03). Kenduren Adat Jawa. Diakses pada 20 September 2023 melalui
https://gunungsari.keckaranggayam.kebumenkab.go.id/index.php/web/artikel/126/370

Lestari, Sutri.(2018, Januari 22). Kenduren Dalam Tradisi Muslim Ditinjau Dari Aqidah Islam Studi
Di Dusun Tulung Agung Kecamatan Banjit Kabupaten Way Kanan. Diakses pada 20
September 2023 melalui http://repository.radenintan.ac.id/3060/

Kompasiana.(2015, Februari 10). Bumi Kejawen. UNIVERSITAS ISLAM NEGERI (UIN) RADEN
INTAN LAMPUNG Diakses pada 21 September 2023 melalui
https://bumikejawen.wordpress.com/2015/02/10/kenduri/

Salam. Santos El.(2019, Mei 30). Tradisi Kenduren, Tujuam dam Asal Usulnya. Diakses pada 21
September 2023 melalui https://santossalam.blogspot.com/2019/05/tradisi-kenduren-tujuan-
dan-asal-usulnya.html

Danuha, Imawan(2015, Juni 24). Kenduren? Apa Tuh?. Diakses pada 21 September 2023 melalui
https://www.kompasiana.com/imawandanuha/55186200a333114c07b665ab/kenduren-apa-tuh

Anda mungkin juga menyukai