Anda di halaman 1dari 6

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN

DINAS PENDIDIKAN
SD NEGERI 3 KUTOWINANGUN

PENILAIAN TENGAH SEMESTER I


TAHUN PELAJARAN 2023/2024

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : VI (Enam )
Hari/Tanggal :
Waktu :

PITUDHUH
1. Tulisen jeneng lan nomermu ana sing sisih tengen ndhuwur lembar jawaban!
2. Wacanen saben pitakon kanthi premati!
3. Garapen luwih dhisik pitakon sing kok anggep gampang!
4. Titinen maneh garapanmu sadurunge kok aturake marang Bapak utawa Ibu Guru!

KD 3.2
I. Wenehana tandha ping (x ) ana ing aksara a, b, c utawa d sengarepe wangsulan
sing paling bener!

Wacanen kanthi premati!


Gathutkaca Gugur

Perang Baratayuda, perange para Kurawa mungsuh Pandhawa wis oleh pirang-
pirang dina. Raja Astina, Prabu Duryudana, nandang duhkita. Ora sethithik prajurit Astina
gugur ing Tegal Kurusetra jroning Paprangan Baratayuda. Prabu Duryudana
njumenengake Adipati Karna dadi senapati perange Astina. Adipati Karna kinen tumuju
pakuwone para Pandhawa. Kamangka wektu kuwi wis ndungkap wayah bengi. Pangajape
Prabu Duryudana, mumpung para Pandhawa padha kepenak anggone nendra mula
gampang diperjaya.

Prabu Kresna paring dhawuh marang Raden Gathutkaca. Raden Gathutkaca


kadhawuhan ngundurake sapa wae kang gawe rusuh wanci bengi ing pakuwone para
Pandhawa. Prabu Kresna uga ndhawuhi Raden Werkudara lan Raden Arjuna supaya njaga
katentreman lan kayuwanane pakuwon.

Bengi kuwi kridane, Raden Gathutkaca nyingkirake para Kurawa kabiyantu dening
prajurit raseksa kang dipandhegani pamane, yaiku Brajawikalpa lan Brajalamatan. Para
Kurawa kasil diundurake. Raden Gathutkaca satriya kang kendel, tansah ngugemi
kewajibane njaga katentremane pakuwon. Katon Adipati Karna nitih kreta. Raden
Gathutkaca daya-daya nyegat lan ngendheg lakune kreta kang tinithan Adipati Karna.
Sejatine Raden Gathutkaca rada ngedhap, dene kudu adu arep karo Adipati Karna. Nanging
rasa wedi iku disingkirake. Atine digawe teteg ngadhepi Adipati Karna.

Adipati Karna duwe gaman ampuh kang awujud panah arane Senjata Kunta.
Gathutkaca ngendelake anggone bisamabur tanpa elar.Saben arep diwales, Gathutkaca
banjur mabur luwih dhuwur. Suwe-suwe Adipati Karna panas banget atine. Mula banjur
njupuk panahe kang aran Senjata Kunta, banjur dipanahake munggah. Panah mau bias
nggoleki dhewe amarga kasurung dening rohe Kalabendana ya pamane Gathutkaca.
Wekasan Senjata Kunta bias ngenani Ghatutkaca nganti nemahi palastra.

16. Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku . . . .


a. Perang Baratayuda
b. Kurawa lan Pandhawa
c. Gathutkaca Gugur
d. Tegal Kurusetra
17. Tembung ‘palastra” ana ing wacan tegese . . . .
a. Mati
b. Urip
c. Sekti
d. lara
18. Senjata sing bisa ngalahake Gathutkaca arane . . . .
a. Kala Bendana
b. Senjata Kunta
c. Panah Pasopati
d. Brajawikalpa
19. Kang mbiyantu Gathutkaca nyingkirake para kurawa yaiku . . . .
a. Prabu Kresna
b. Adipati karna
c. Kala Bendana
d. Brajawikalpa lan Brajalamatan
20. Pamane Gathutkaca aran Kalabendana. Basa karma ukara kuwi yaiku . . . .
a. Pamane Gathutkaca jenenge Kalabendana
b. Pamane Gathutkaca asmanipun Kalabendana
c. Pamanipun Gathutkaca asmanipun Kalabendana
d. Pamanipun Gathutkaca jenenge Kalabendana
21. Gathutkaca ngendelake anggone bias mabur tanpa elar. Tembung elar tegese . . . .
a. Tangan
b. Swiwi
c. Driji
d. Sikil

Wacanen kanthi premati!


Karna Mandeg Senopati

Perang Baratayuda, perang gedhe antara Pandhawa lan Kurawa manggon ing Tegal
Kurusetra wis nuwuhake raja pati lan kurban kang ora sethitik. Akeh satriya kang wis
padha nemahi pralaya. Senopati Kurawa, Pandhita Drona wis gugur ing madyaning Tegal
Kurusetra kaperjaya dening Drestadyumna. Adipati Karna satriya ing Ngawangga madek
Senopati Kurawa maju ing palagan. Sejatine, Karna wis mengerti yen mbelani Kurawa kuwi
dudu tumindak kang becik. Nanging, Karna wis kaputangan budi karo Duryudana Raja
Hastina kang ambeg angkara murka. Mulane dheweke gelem sabaya mukti sabaya pati
tegese gelem mbelani Hastina.
Mangerteni yen Senopati Kurawa kang maju ing palagan Adipati Karna, Pandhawa
banjur ngutus Raden Gathutkaca dadi senopatine. Adipati Karna lan Raden Gathutkaca wis
padha bandayuda. Padha adu kasekten, jaya kawijayan, guna kasantikan. Suwe anggone
padha bandayuda nganti tekan wengi durung rampung. Raden Gathutkaca mabur ing
angkasa, saya dhuwur anggone mabur dimen panah Kuntawijayadanu nembus ing dadane.
Raden Gathutkaca gugur nalika dina kaping 15 perang Baratayuda.
Mangerteni, Gathutkaca gugur ing madyaning palagan dening Adipati Karna,
Pandhawa banjur geger. Raden Werkudara ngamuk, ngobrak-abrik sak kiwa tengene
palagan. Tegal Kurusetra dadi karang abang. Raden Arjuna banjur madeg dadi senopati
Pandhawa ngandhepi Adipati Karna.
Raden Arjuna maju ing madyaning Tegal Kurusetra. Karna lan Arjuna padha adu
kadigdayan. Eling-eling, kekarone kaya sedulur sinarawedi, jalaran lahir saka ibu kang
padha yaiku Kunti. Perang prasasat ora ana sing bakal menang amarga kekarone padha-
padha sekti mandraguna.
Prabu Kresna kang dadi kusire Arjuna tansah wanti-wanti supaya Arjuna ngati-ati
anggone perang lan ngeningkake cipta rasa karsa yen tetandhingan lawan Karna.
Panengahing Pandhawa iku banjur menthang lengkap panah Pasopati. Panah mlesat
banter banget ngenani janggane Adipati Karna. Senopati Kurawa kang mandeg senopati
iku banjur gugur ing madyaning Tegal Kurusetra.

22. Adipati karna gelem dadi senopatine Kurawa amarga . . . .


a. Karna wis kaputangan budi karo Duryudana kang ambeg angkara murka
b. Pandhawa ngutus Raden Gathutkaca dadi senopatine
c. Senopatine kurawa wis gugur
d. Adipati Karna lan Raden Gathutkaca wis padha bandayuda
23. Perang Baratayuda manggon ana ing . . . .
a. Pandhawa lan Kurawa
b. Tegal Kurusetra
c. Ngalengka
d. Astinapura
24. Sing ngganteni Gatutkaca dadi senopati Pandhawa yaiku . . . .
a. Duryudana
b. Adipati Karna
c. Arjuna
d. Werkudara
25. Panah kang ngenani Adipati Karna arane . . . .
a. Panah Arjuna
b. Panah Srikandi
c. Panah Pasopati
d. Panah Gatotkaca
26. Panengahing Pandhawa jenenge raden. . . .
a. Janaka
b. Puntadewa
c. Nakula
d. Sadewa
27. Wayang ing sisih kiwo iki satriya ing . . . .
a.Madukara
b. Jodhipati
c. Amarta
d. Pringgondani

II. Wangsulana pitakon - pitakon ing ngisor iki!


28. Asmane bapak lan ibune Raden Gathutkaca yaiku Raden . . . . lan Dewi . . . .
29. Raden Gathutkaca banjur njaluk pangestu marang ibune. Tembung pangestu tegese . . . .
30. Gawenen ukara nganggo tenbung-tenbung ing ngisor iki!
a. Gaman
b. Puser

o0o

Nama :
Nomor :

LEMBAR JAWAB
PENILAIAN TENGAH SEMESTER I
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : VI (Enam )
KD 3.1
I. PILIHAN GANDA

1. A B C D 7. A B C D
2. A B C D 8. A B C D
3. A B C D 9. A B C D
4. A B C D 10. A B C D
NILAI KD 3.1
5. A B C D 11. A B C D
6. A B C D 12. A B C D

II. ISIAN
13. ……………………………………………………………………………………………………………………………..

14. ……………………………………………………………………………………………………………………………..

15. ……………………………………………………………………………………………………………………………

……………………………………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………………………………….

KD 3.2
I. PILIHAN GANDA

16. A B C D 22. A B C D
17. A B C D 23. A B C D
18. A B C D 24. A B C D
19. A B C D 25. A B C D
NILAI KD 3.2
20. A B C D 26. A B C D
21. A B C D 27. A B C D

II. ISIAN
28. ……………………………………………………………………………………………………………………………..

29. ……………………………………………………………………………………………………………………………..

30. ……………………………………………………………………………………………………………………………

……………………………………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………………………………….
KUNCI JAWABAN DAN PEDOMAN PENILAIAN BAHASA JAWA KELAS VI

KD JAWABAN SKOR
3.2 16. C 5
17. A 5
18. B 5
19. D 5
20. C 5
21. B 5
22. A 5
23. B 5
24. C 5
25. C 5
26. A 5
27. B 5
28. Raden Werkudara lan Dewi Arimbi 10
29. Donga 10
30. a. Raden Arjuna duwe gaman aran Panah Pasopati 20
b. Warangkane senjata Kunta manggon ana ing pusere Raden
Werkudara
(Kebijakan Guru)
Nilai KD 3.2 100

Anda mungkin juga menyukai