Anda di halaman 1dari 3

GEGURITAN LAN ANALISIS STRUKTURE

Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa.
Tembung geguritan asale saka tembung Gurita, tembung Gurita owah-owahan saka tembung
Gerita. Tembung Gerita linggane Gita, tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit
tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang maneka warna
wujuding dhapukane ( Subalidinata, 1994: 45 ).
Kapirid saka wujud lan isine, geguritan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku geguritan gagrag
lawas utawa geguritan tradhisional lan geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren.

Geguritan gagrag lawas ( geguritan tradhisional )


Geguritan gagrag lawas yaiku geguritan kang panulise kaiket dening aturan-aturan kaya dene
cacahe wanda saben sagatra meh padha, cacahe larik saben sapada padha utawa meh padha,
persajakan/rima utawa tibaning swara ing pungkasaning larik padha utawa meh padha, lan
diwiwiti kanthi tembung sun geguritan utawa sun anggurit. Paugerane geguritan lawas :
1) Cacahing batra/larik/baris saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
2) Cacahing wanda/suku kata saben gatrane ajeg, adat saben ana wolung wanda.
3) Dhong-dhinge swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara
(kaya syair ing kasusastran Indonesia).
4) Lumrahe dipurwakani/diwiwiti nganggo tembung Sun Gegurit utawa Sun Anggurit.
5) Geguritan gagrag lawas lumrahe isine piwulang: upamane bab tatakrama.

Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren


Geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan
gagrag lawas. Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya
paugerane geguritan gagras lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing
kasusastran Indonesia, mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani puisi bebas.
Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi
kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R. Intoyo kanthi irah-
irahan Dayaning Sastra. Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan
modheren nduweni titikan/ ciri :
1) Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
2) Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
3) Sajak pungkasan mardika/bebas.
Geguritan ing jaman saiki kang ditengenake yaiku tembung kang mentes lan endah.
Kaendahane geguritan gumantung marang: (1) pilihan tembung (diksi); (2) lelewaning basa
(majas); (3) digunakake ing saben dina. Geguritan migunakake basa kang ringkes nanging sugih
teges. Tembung kang digunakake yaiku tembung kias (entar) kang akeh penafsirane. Bab kang
kasebut mau diarani struktur geguritan kang kaperang dadi loro, yaiku :

1) Struktur Fisik
a) Pamilihe tembung (diksi). Pamilihing tembung uga diarani diksi. Tembung-tembung
kang ana sajroning geguritan biasane nduweni teges konotatif lan nduweni teges rowa
(abstrak). Pamilihing tembung kang trep bisa ngasilake imajinasi.
b) Lelewaning basa (Majas) yaiku tembung kang digunakake penyair kanggo nyaritakake
sawijing bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung liyane.
c) Purwakanthi (Rima/ritma) yaiku mbaleni swara (vocal), mbaleni tembung, kelompok
tembung (frasa) utawa mbaleni ukara. Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo
nyiptakake kaendahan lan kekuatan sawijining geguritan.
d) Tipografi yaiku larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait.
Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran.

2) Struktur Batin.
Struktur batin ing geguritan kaperang dadi papat, yaiku :
a) Bakuning gagasan/ tema (sense); tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi
dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair. Tuladha tema: sosial,
moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
b) Pangrasane penyair/; yaiku Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan
nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa
kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati,
empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
c) Nada utawa sikap penyair marang “pembaca”; Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana
sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap
liyane.
d) Amanat/ pesen; tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos.
Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting
tembung-tembung.
e) Suasana; tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan
nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.

Contoh Geguritan lan Analisise

Ature Simbah

Carang-carang kanga king


Amarga tanpa tumuruning tirta amerta
Nalika tiba ing titi wanci ketiga ngerak iki
Jun-jun kang sumendhe wis asat kawit wingi-wingi
Sambat tangis anggegirisi sumebar
Ing salumahe bawana
Jebul bener ature simbah wingi
Aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi
Banjur saiki coba delengen
Ijo royone gunung kidul omah kae
Kaganti dening jangkar-jangkar
Kang ndadekake bumi mranggas kaya dina iki

Analisis
a. Struktur Fisik
 Tipografi
Geguritan ‘ature simbah’ disajikan dengan bentuk tipografi rata kiri, tidak ada bentuk perbait.
Baris pertama sampai akhir disusun secara teratur tanpa jarak satu spasi. Di sini pengarang
member aksen-aksen pada baris-baris tertentu, yaitu dengan membuat baris tersebut lebih
panjang dari baris lainnya. Bari situ terletak pada baris ke 4, 8, dan 12. Terlihat sistematis sekali
pengarang dalam menyusun tiap baris.
 Diksi
Diksi adalah pemilihan kata yang digunakan pengarang dalam geguritan. Dalam geguritan ‘ature
simbah’ tidak terlalu banyak diksi yang digunakan. Pada geguritan ini makna dari setiap kata
sudah jelas. Hanya ada beberapa diksi yang digunakan yaitu :
Aking : kata ’aking’ ini menggantikan kata ‘garing’ yang berarti kering.
Tirta : merupakan nama lain (dasanama) dari air
Ketiga ngerak : maksudnya musim kemarau yang sangat panjang
Bawana : merupakan nama lain (dasanama) dari bumi atau tanah
Jangkar-jangkar : maksudnya ranting-ranting pohon yang sudah kering
 Imaji
Imaji yaitu kata atau susunan kata-kata yang dapat mengungkapkan pengalaman indrawi, seperti
penglihatan, pendengaran, dan perasaan. Imaji dapat dibagi menjadi tiga, yaitu imaji suara
(auditif), imaji penglihatan (visual), dan imaji raba atau sentuh (imaji taktil). Imaji dapat
mengakibatkan pembaca seakan-akan melihat, medengar, dan merasakan seperti apa yang
dialami penyair.
Dalam geguritan ini penyair menggunakan imaji suara, hal ini ditunjukkan pada kalimat “ sambat
tangis anggegirisi sumebar”
 Kata konkret
Kata konkret yaitu kata yang dapat ditangkap dengan indera yang memungkinkan munculnya
imaji. Kata-kata ini berhubungan dengan kiasan atau lambang. Kata-kata seperti aking, ketiga,
asat menjelaskan bahwa pada puisi itu dibuatsedang mengalami musim kemarau yang sangat
panjang.
 Gaya bahasa
Gaya bahasa yaitu penggunaan bahasa yang dapat menghidupkan/meningkatkan efek dan
menimbulkan konotasi tertentu. Gaya bahasa disebut juga majas. Ada beberapa majas dalam
geguritan ‘ ature simbah’, yaitu :
Majas personifikasi pada :
a. tumuruning tirta amerta
b. Jun-jun kang sumendhe
c. Salumahe bawana
Majas metafora pada :
a. aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi
b. Pencitraan berhubungan dengan alat indera manusia

Dalam puisi ini terdapat pencitraan pendengaran yaitu pada kalimat ‘ sambat tangis anggegirisi
sumebar’. Selain itu juga ada pencitraan penglihatan pada kalimat “ carang-carang kang
king”,”ijo royone gunung kidul omah kae”.

b. Struktur Batin
a. Tema : geguritan ‘ature simbah’ memiliki tema sosial, yang mengungkapkan tentang
pesan dan nasihat dari simbah (nenek) mengenai musim kemarau panjang yang tengah
melanda desa.
b. Rasa : rasa yang diungkapkan oleh penyair adalah rasa prihatin terhadap kekeringan
yang terjadi dimana-mana akibat musim kemarau yang terlalu panjang. Banyak terjadi
kekeringan dimana-mana.
c. Nada : geguritan ini disampaikan dengan nada mengajak untuk bekerja sama dengan
pembaca untuk memecahkan masalah kekeringan.
d. Amanat : melalui geguritan ini penyair ingin menyampaikan bahwa semua perkataan
orang tua itu baik, dan tentunya apa yang dikatakan orang tua itulah yang paling benar.
Meskipun kebenarannya tidak secara langsung terbukti, tapi suatu saat pasti kita
menyadari kebenaran tersebut. Dalam geguritan ‘ature simbah’ pengarang baru
menyadari kebenaran kata-kata neneknya ketika suatu kejadian sudah dirasakan efeknya.
Seperti kejadian kekeringan akibat musim kemarau. Karena perusakan bumi yang
dilakukan manusia secara terus-menerus menyebabkan pergantian musim tak terkendali.
Mungkin pada jaman dulu penyair pernah dinasihati/ diingatkan oleh neneknya agar
menjaga keseimbanagn bumi ini. Dan kini efek itu tengah dirasakan penyair.

Anda mungkin juga menyukai