Anda di halaman 1dari 2

Nuwun, kula nuwun…

Bapak saha Ibu Dewan Juri ingkang luhuring budhi. Tepangaken kula Ghafa, badhe
nyariosaken dongeng kanthi irah-irahan “Asal Usule Kutha Sukoharjo”.

Yo 'pra kanca rungokna cerita


Cerita babagan Sukoharjo
Sukoharjo kutha kang makmur
Para warga padha kebak rasa syukur

Kala rumiyin asal-usuling kutha Sukoharjo wonten gegayutanipun kaliyan pindhahing


Kraton Kartasura dhateng desa Sala, amargi geger pacinan. Wekdal menika paprentahan Sri
Susuhunan Pakubuwana kaping kalih. Pindhahipun menika pramayogi saking para sesepuh,
amargi kraton dipun anggep sampun kecampuran pemberontak. Sesampunipun nampi pamrayogi
saking sesepuh kraton, Sri Susuhunan ngawontenaken parembugan kaliyan Kyai Yasadipura,
Kyai Tohjoyo, saha Pangeran Wijil.
Kyai Tohjoyo paring pitedah menawi tlatah benjang ingkang kangge kraton saget
ndugekaken karaharjan. Kyai Yasadipura sarujuk saha paring iguh partikel bilih tlatah menika
benjing dados tlatah ingkang mambet wangi.
Sri Susuhunan sarujuk lajeng paring prentah dhumateng Pangeran Wijil pados panggenan
kraton ingkang enggal. Pangeran Wijil nglampahi jejibahan damel kelompok. Kelompok
satunggal dipunpandhegani Suranata, Kyai Khalifah Buyut, saha Mas Penghulu Pekik Ibrahim.
Kelompok kalih dipunpandhegani dening Raden Honggowongso saha Tumenggung Tirwiguna.
Nuju satunggaling dinten, kelompok kasebut nemokaken panggenan ingkang
dipunanggep cocok, dianggep sreg kangge dipunadegaken kraton enggal. Kalih senapati kasebut
ugi nyiapaken sedaya ubarampe kangge ngedekaken kraton, kadosta papan kangge bacira
ngayun, bacira pungkuran, papan damel senjata, papan kangge damel wrangka keris, papan para
istri raja, saha papan kangge kandhang gajah titihan raja.
Sesampunipun sedaya rampung, piyambakipun paring palapuran, Sri Susuhunan nyuwun
iguh partikel para sesepuh ingkang kanyata ugi njurung asil kasebut. Ananging miturut Kyai
Yasadipura tlatah kasebut babagan keamanan boten cocok kangge kabangun kraton, amargi caket
kaliyan markasipun Pangeran Sambernyawa wonten Nglaroh. Ing wekdal menika nembe boten
sreg utawi boten cocog, pasedherekanipun nembe congkrah kaliyan Sri Susuhunan.
Lajeng, Sri Susuhunan Pakubuwana kaping kalih mrentahaken pados tlatah sanesipun.
Sinaosa tlatah ingkang dipunpitados Tumenggung Honggowongso boten siyos dipunbangun
kraton, adedhasar hasil panaliten kaserat prastawa menika dados asal-usuling nama Kutha
Sukoharjo. Pangajabipun tlatah ingkang suka karahajan.
Mekaten asal-usuling nama kutha Sukoharjo ingkang saking tembung Suka – Raharjo,
tegesipun tlatah ingkang maringi karaharjan.
Bapak – Ibu Dewan Juri ingkang katur kinurmatan,
Mlaku-mlaku tekan Gajah Mungkur
Aja lali ngucap syukur
Semangat iki aja luntur
Kanggo Sukoharjo makmur

Bapak-Ibu dewan juri, cekap semanten anggenipun kula matur babagan dongeng “Asal Usule
Kutha Sukoharjo”. Matur nuwun sampun midangetaken,
Nuwun.
~

Anda mungkin juga menyukai