Anda di halaman 1dari 3

PENILAIAN HARIAN

BAHASA JAWA BAB 4


AKU LAN SEKOLAHKU
Nilai:
Nama :
No. Absen :
Kelas : 2-(A–B)

I. Jawablah pertanyaan di bawah ini dengan jawaban yang benar!


Aku lan Sekolahku
Aku sekolah ing SD Negeri Bumirejo 03. Sekolahanku manggon ing sacedhake wanawisata
Gogoniti. Ing sakiwa tengene sekolahanku akeh tanduran sing ijo royo-royo. Sekolahanku
katon asri, mulane aku seneng lan krasan.
Ing sekolahanku ana kantine. Murid-murid yen tuku jajan cukup ing kantin sekolah. Jajan sing
didol resik lan sehat. Jajan sing didol jinise akeh banget.
Latare sekolahanku jembar banget. Papan kanggo dolanan bocah-bocah yen pinuju ngaso.
Saben dino Senin digunakake kanggo upacara.
1. Ing wacanan “Aku lan sekolahku”. Paraga aku sekolah ing …….
a. SDN Banjaran 4 b. SDN Bumirejo c. SD Negeri Bumirejo 03
2. Sekolahanku dununge ing sacedhake……..
a. Wanawisata b. tegalan c. pasar
3. Ing sakiwa tengene sekolahanku akeh….
a. Bangunane b. tandurane c. wong dodol
4. Kantin yaiku panggonan……
a. Gawe maca buku
b. Gawe bocah lara
c. Gawe njajan
5. Kahanane sekolahanku katon…….
a. Rame b. reget c. asri
6. Jajan sing dido ling kantin…………
a. Enak lan murah
b. Resik lan sehat
c. Enak lan larang
7. Saben dina Senin ing sekolahanku dianakake…..
a. Resik-resik b. lomba c. upacara
8. Krana sregep sinau awake dhewe malih dadi bocah sing…….
a. Bodho b. pinter c. males
9. Sekolah sing endah, resik, lan asri njalari para siswa padha……
a. Krasan b. males c. gething
10. Sing duweni tugas njaga apike sekolahan yaiku…..
a. Mung tukang kebon
b. Guru lan murid
c. Kabeh warga sekolahan

II. Isilah titik-titik di bawah ini dengan jawaban yang tepat!

Kerja Bakti
Saben dina Jum’at sekolahanku ngadakake kerja bakti. Saben kelas wajib melu kerja
bakti ngresiki lingkungan sekolah lan kelase dewe-dewe. Ana sing nyapu, ngelapi jendela lan
sakabehe uwuh ing njero lan sanjabane ruwangan diresiki. Suket lan tanduran sing ora
migunani dibubuti banjur dibuwang ing pawuhan. Ruwangan guru, ruwangan kepala
sekolah, ruwang UKS, ruwang perpustakaan kabeh ditata lan diresiki.
Ancase supaya lingkungane sekolah katon resik, endah asri, lan tumata. Kabeh warga
sekolah padha seneng anggone nindakake kegiyatan kerja bakti.
11. Saben dina apa kerja bakti diadakake?

12. Kerja bakti apa sing ditindakake?

13. Sapa wae sing wajib melu kerja bakti?

14. Jroning kerja bakti apa wae sing dibubuti?

15. Apa ancas utawa tujuwane dianakake kegiatan kerja bakti?

Sekolahanku Endah lan Asri


Aku saiki wis kelas loro ing SD Negeri Bumirejo 03. Murid-muride sregep lan pinter-
pinter. Aku lan kanca-kancaku krasan ing sekolahan. Lingkungane sekolahku katon resik lan
asri. Latare amba ing sakiwa tengene akeh tetandurane. Ana wit pelem, cemara, wit pule,
wit rambutan lan akeh tandurane kembang. Tanduran kembang bisa nambahi endahe
sesawangan. Sinau ning njaba kelas pancen luwih nyenengake. Jalaran ora gampang bosen
merga hawane luwih seger.
16. Kepriye kahanane murid-murid ing SDN Bumirejo 03?
17. Kepriye kahanane lingkungan SDN Bumirejo 03?

18. Sebutno ana wit apa waesing ditandur ing latare sekolahan?

19. Apa sing bisa nambahi endahe sesawangan?

20. Geneya sinau ing njaba kelas kuwi kok nyenengake?

Anda mungkin juga menyukai