Anda di halaman 1dari 3

LATIHAN SOAL BASA JAWA KELAS 2

DINA MINGGU
Kulawargane Pak Wibawa pancen guyub rukun. Saben dina tandang gawe manut tugase
dhewe-dhewe. Kabeh duwe tanggung jawab. Ora lali uga tulung tinulung. Dina Minggu
kulawargane Pak Wibawa resik-resik omah lan pekarangan. Pak Wibawa ngresiki latar.
Tanduran sing ngrembuyung dipaprasi, disuda pang-pange. Bima ngrewangi bapake.
Godhong lan pang sing morat-marit diklumpukne, banjur dibuwang menyang pawuhan. Bu
Dewi nyaponi jogan. Ora lali ngelapi kaca cendhela. Rini kebagean ngepel. Kabeh tandhang
gawe kanthi temen. Ora ana sing ngresula.

1. Kaluwargane Pak Wibawa kepriye ? ...


A. Tukar padu
B. Asih
C. Guyub rukun
D. Morat-marit
2. Kapan kaluwargane Pak Wibawa resik-resik? ...
A. Dina senin
B. Dina sabtu
C. Dina jumat
D. Dina minggu
3. Sapa sing kebagean ngresiki latar? ...
A. Pak Wibawa
B. Bu Dewi
C. Rini
D. Bima
4. Bu Dewi nyaponi apa ? ...
A. Latar
B. Jogan
C. Pawon
D. Tegalan
5. Sapa sing oleh tugas ngepel ? ...
A. Pak Wibawa
B. Bu Dewi
C. Rini
D. Bima
6. Bima saben esuk tangi jam ...
A. Telu
B. Papat
C. Lima
D. Enem
7. Tugas sing dadi tanggung jawabe mesthi ...
A. Rampung
B. Ditandangi
C. Akeh
D. Disawang
8. Saben esuk Bima nduwe tugas ...
A. Ngepel
B. Nyapu
C. Umbah-umbah
D. Resik-resik
9. Ing wayah esuk hawane ...
A. Panas
B. Adem
C. Seger
D. Udan
10.Dhawuhe bapak ibune Bima wong iku kudu ...
A. Sregep sinau
B. Sregep tandhang gawe
C. Ngulinake urip resik
D. Sregep resik-resik
11.Piranti kanggo ngresiki meja arane ...
A. Sapu
B. Sulak
C. Kain lap
D. Pel-pelan
12.Ibu goreng iwak nganggo ...
A. Wajan
B. Panci
C. Dhandang
D. Kuwali
13.Ibu tindhak menyang toko ... beras.
A. Tuku
B. Tumbas
C. Mundhut
D. Blanja
14.Yen ibu repot kowe kudu ...
A. Ndelok
B. Nyawang
C. Dolanan
D. Ngewangi
15.Saben esuk bima nyapo latar nganggo ...
A. Sulak
B. Sapu duk
C. Sapu sada
D. Cikrak

Anda mungkin juga menyukai