Anda di halaman 1dari 6

CONTOH PRANOTO ACORO BASA JAWA

Tuladha Atur Pambuka Panatacara Ing Pawiwahan Temanten

. . . . .
Kawula nuwun, Panjenenganipun para alim para kyai ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning illahi, mirungganipun dumaten panjenenganipun bopo kyai.soho kyai sanesipun ingkang mboten saget kawulo sebat asma setunggal lan setunggalipun, minangka panuntun kiblating panembah, satuhu luhuring budi ingkang sampun pono ing pamawas lebdo ing pitutur ingkang pantes pinundi soho kinakbeten. Panjenenganipun para pepunden, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dematen pepoyaning kautaman satuhu luhuring budi ingkang dahat kinurmatan. Panjenenganipun para priyagung dharmaning nata, para sarjana sujaning budi. Para pangemban pangembating praja para satriyaning negari, minangka pamdam pamdoming para kawula dasih, ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. Para kadang sutrisna mudha wreda ingkang pantes sinudarsana, punapa dene para tamu kakung sumowono putrid ingkang dahat kalingga murdaning akrami. Kanthi linambaran pepayung budi rahayu, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, mugi keparenga kawula hambuka wenganging wicara dwaraning kandha nun inggih mradapa awit saking keparengipun ingkang hamengku gati (Bp), kawula piniji hanjejeri minangka pangendali wara, saperlu mratitisaken murih rancaking titi laksana adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan punika. Saderengipun kawula ngaturaken menggah urtut reroncening tata adicara, murih purwa madya wasana tansah manggihi rahayu kali sing rubedo nir ing sambekala, sumangga langkung rumiyin kawula derekaken manungku puja, ngunjukaken sembah puji syukur wonten ngersanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, awis agung barokah saha rahmatipun Allah SWT ingkah sampun rumentah dumateng kito sedaya, sehinggo kito saget hanglonggaraken penggalih kempal manunggal wonten ing sasana pahargyan mriki saperlu hanjenengi saha paring berkah pengestu dhumateng panjenenganipun bapa/ibu.. (ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi tetepa winengku ing suka basuki. Para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, wondene menggah urut reroncening tata adicara ingkang sampun rinacik, rinacang, rinumpaka dening para kawulawangsa nun inggih : - Minangka purwakaning aadicara pahargyan, nun inggih waosal ummul kitab. - Kalajengaken waosan ayat - ayat suci Al Quranul karim - Atur pasrah temanten kakung - .. Mekaten menggah urut reroncening tata adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan punika, pramila sumangga kito wiwiti adicara ingkang sepisan nin inggih purwaka kanthi waosan suratul fatihah, wondene pimpinanipun kawula aturaken dhumetheng panjenenganipun Bp.. dhumatheng panjenenganipun ing wasana wekdal kasumanggaaken. Nuwun! Matur nuwun kawula aturaken mugi - mugi khanthi waosan suratul fatihah kalawau adicara ing pahargyan punika saged kalampahan khanthi nir ing sambekala, nir ing sansoyo sak panginggilipun kali sing rubedo. Para rawuh para lenggah ingkang pantes sinudarsana, waosan ayat - ayat suci Al Quanul karim badhe kawaos dening bp. Wekdal kasumanggaaken. Sanadhan wus paripurna waosan ayat suci Al Quran dening tetuwangga ingkang piniji, parandene tasih kapireng suwantenipun lamat-lamat demeling akasa sumusup hima himantaka, saya ndedel nggayuh wiyati satemah maweh prabowo henelahi. Mratandani katarima pamintane mring gusti, mbabar kanugrahan suci, tumanduk panjenenganipun ingkang hamengku gati, ingkang katemeben hamiwaha putra mahargya siwi tetepo winengku ing suka basuki, lestari salami-lami, tur kathah rejeki, lumintu dhumatheng para rawuh kakung sumawana putri.

Para lenggah kakung putrid ingkang satuhu kinurmatan, salajengipun dumugi laksitaning tata adicara atur pasrahipun saking duta saraya badhe/calon kadang besan. Wondene ingkang pinangka sulih salira nun inggih panjenenganipun Bp.. Wekdal kasumanggaaken. Mekaten para lenggah kakung saha putrid, atur pasrahipun Bp. . pinangka duta saraya ing kalenggahan punika, khanthi prastawa cetha wijang wijiling pangandika kaduk ruruh hangarah prana ingkang salajengipun pasrah badhe katampi panjenenganipun Bp. .. minangka sulih sarira Bp. . Sarimbit (ingkang mengku gati) wekdal kasumanggaaken. Nuwun! Kanthi cetha terwaca atur panampi saking panjenenganipun Bp. .. minangka sulih saliranipun ingkang hamengku gati, ingkang salajengipun dipun wonteni khutbah nikah wondene ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Bp. . Paripurna khutbah nikah saking panjenenganipun Bp. ingkang salajengipun ngancik tata upacara akad nikah /ijab qobul. Minangka wali ingkang dipun sarirani panjenenganipun Bp.. saha Bp. . Ing salajengipun dhumatheng panjenenganipun para-para ingkang piniji sasana swasana kawula sumanggaaken, sumangga! Para rawuh saha para lenggah ingkang dahat kinurmatan. Ngancik adicara salajengipun nun inggih waosan donga/haspungkara. Wondene ingkang piniji kepareng badhe ngaturaken donga panjenenganipun Bp. ingkang punika, sasana wekdal kasumanggaaken, sumangga! Sampun paripurna waosan donga dening tetuwangga ingkang piniji. Mugi-mugi panjenenganipun Bp. .(ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi darmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi tetepa winengku ing suka basuki, semanten ugi temanten sarimbit anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan tansah sakinah, mawaddah, warahmah, atut runtut, ayem tentrem, bagya mulya ingkang sinedya, rahayu ingkang tinemu. Para rawuh saha para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, kados sampun paripurna tata adicara ing siang/ndalu punika, wiwit purwa, madya, wasana sampun kalampahan kanthi wilujeng kali sing rubedo nir ig sambekala. Hamung semanten panjenenganipun para rawuh saha para lenggah pahargyan ing ri kalenggahan punika, mila awit awal ngantos dumugi akhir kathah kekilapanipun saha kirangipun labed budi dayaning manungsa kirang sampurna ingkang sarta kirang pana anggen ngaturaken agenging sih samudra pangaksami.
Diposkan oleh ABQON ROBETH

Dinten Kartini

Assalamualaikum Wr. Wb Ibu-ibu, ingkang tansah kula bekteni, para sedherek remaja putri ingkang bagya mulya lan dados idham-idhamaning nagari. Kula minagka pangarsa pepanggihan menika ngaturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa sami nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi serat sedhahan ingkang sampun kaaturaken panjenengan. Saget ngrawuhi pepanggihan pengetan dinten Kartini ing wekdal menika. Raden Ajeng Kartini miyos ing tanggal 21 April 1879. Pramila saben tanggal 21 April kita sami mengeti dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti sedaya lelabuhan inggih perjuanganipun R.A Kartini ingkang sampun ngangkat drajading wanita sami kaliyan drajadipun priyayi utawi emansipasi wanita. Rikala sugengipun R.A. Kartini, para wanita tansah wonten ing pingitan, boten dipunkeparengaken sekolah, boten dipunparegaken gadhah padamelan ingkang sami kaliyan priya. Wanita naming anca wingking, ingkang ayahipun naming wonten griyo, olah-olah (masak), umbahumbah (mencuci), lan manak (nglairaken putra lan nggulawentah). Ananging samenika para wanita drajadipun sampun sami kaliyan para priya. Buktinipuning wekdal samenika kathah menteri dipunlenggahi para wanita, kathah dokter waita, kathah kelenggahan ing peprentahan ingkang samurwat kaliyan kelenggahan para priya ingkang dipunpimpin para wanita, lan sapiturutipun. Salebetipun kita mengeti dinten wiyosanipun R.A Kartini menika, ingkang kedhah kita pengeti inggih menika semangatipun ing babagan emansipasi wanita. Boten namung mengeti anggenipun Kartini ngagem nyamping, lan mawi sanggul ageng. Ananging kados pundi Kridha lan gumregutipun R.A Kartini anggenipun majengaken para wanita. Malah saumpami R.A Kartini ing wekdal menika tasih sugeng lan mirsani kawontenanipun para wanita ing wekdal samenika, badhe nangis lan ngelus dhadha, jalaran kathah ingkang kebablasan, nglanggar unggah-ungguhipun wanita, kakdosta kathah wanita ingkang sami ses (ngrokok), mawi celana ingkang nyethet sanget, anggenipun nyandhang pengangge sami ketingal wudelipun. Kamangka menika sanes emansipasi, lan R.A Kartini boten nggadhahi gegayuhan emansipasi ingkang kados mekaten. Emansipasi ingkang dipunbudidaya lan dipunperjuangaken R.A Kartini inggih menika ngengingi hak ingkang sami antawisipun priya kalihan wanita. Menawi priya dipun keparengaken sekolah wonten pawiyatan luhur para wanita nggih dipunkeparengaken ngudi ngilmiwonten ing pawiyatan luhur. Wanita boten naming kanca wingking, supados masak la manak kemawon. Saderengipun wonten emansipasi ada-adanipun R.A Kartini, waita padamelanipun naming wonten pawon, boten wonten kaum wanita ingkang nyambut damel wonten ing kantor kados samenika. Amargi sampun wonten pemanggih, wanita menika senadyan inggil sekolahipun, naming ing tembenipun bakal nyambut damel wonten ing pawon. Ibu-ibu ingkang tansah kula bekteni, para remaja putri ingkang utami ing bebuden. Samenika para wanita sampun sami nyambut damel kangge majengaken bangsa lan negari lan ugi agami, nanging para wanita ugi tansah nggulawenthah raharjaning keluwarga, ugi tumut majengaken generasi mudha. Mekaten atur kula, menawi wonten lepating atur kula tansah minta aksama. Para panitya ugi ngaturaken agunging panwun dhumateng para rawuh ingkang sampun sami anyengkuyung wontenipun pengetan menika kanthi paring pambyantu ingkang arupi menpa kemawon, mugi pikanthok leliru saha pinwales ingkang samurwat saking ngarsanipun Gusti Allah S.W.T Akhirul kalam bilahit taufik wal hidayah Wassalamualaikum Wr. Wb. ================================================================================ Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarokatuh Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu Guru ingkang kinurmatan, sarta rencangrencang ingkang kula tresnani. Ingkang kaping sepindah, mangga kita sareng-sareng ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking kamirahanipun kita sedaya saged makempal salebetipun pahargyan pengetan dinten kartini. Salam lan shalawat mugi-mugi tetep tercurah dhumateng Nabi Muhammad SAW lan para sahabat. Bapak-Ibu Guru ingkang kula kurmati, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula lan pankenengan sedaya. R.A Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhut sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal punika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa.

Bapak-Ibu Guru lan rencang-rencang ingkang kebaking kabagyan. Pancen sampun dipunkodrataken wanita punika saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten punika, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang mboten kenging dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya. Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun, mad sinamad, sih sinisihan, lan sami asah, asih, lan asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepat salahipun kula nyuwun agunging pangapunten. Pengetan Dinten Kartini Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan. Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani. Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika. Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah. Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika. Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia. Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah. Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya. Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.

Assalaamualaikum warahmatullaahi wabarkaatuhu, Alhamdulillaahirabbilaalamiin. Assholaatu was-salaamualaa asyrofil an-biyaa-i wal mursaliin. Syayyidinaa wa maulana muhammadin waalaa alihi wa shohbihi aj-maiin. Amma bad. Catatan : 1. Contoh salam pembuka ini hanya boleh diucapkandigunakan apabila pembawa acara / pranatacara adalah seorang Muslim. 2. Apabila pembawa acara / pranatacara beragama Islam tetapi mayoritas yang hadir bukan muslim, sebaiknya salam pembuka ini tidak digunakan. 3. Sebagai pengganti salam pembuka tersebut, bisa digunakan kalimat : Mugi sih wilasaning Gusti ingkang Maha Peparing tansah kajiwa lan kasarira dhateng panjenengan sedaya dalasan kula (atau menggunakan kalimat lain yang intinya memanjatkan doa kepada Tuhan Yang Maha Esa), kemudian diteruskan dengan kalimat di bawah ini. Dhumateng ngarsanipun para pepundhen, para pinisepuh saha para sesepuh ingkang pantes pinundhi. Para pangemban pangembating praja satriyaning negari, nun inggih panjenenganipun Bapak Dukuh , Bapak Ketua RW .. menapa dene Bapak Ketua RT ingkang tuhu kinabekten. Para Bapak saha Ibu minangka tokoh masyarakat ing tlatah Pedukuhan ingkang tansah kula hormati. Mboten kesupen dhumateng para kanca pengurus ..(nama organisasi) ingkang tansah kaantu -antu kiprahipun ing sak lebeting gesang kemasyarakatan. Langkung rumiyin keparenga kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara pepanggihan ing titiwanci punika, nyuwun lumunturing sih samodra pangksami dene kula cumanthaka nggempil kamardikan nyigeg pangandikan panjenengan sedaya, saperlu badhe amurwakani laksitaning adicara ing titiwanci punika. Anamung sak derengipun, murih ing samangke sageta jumbuh menapa ingkang dados wigatining pepanggiha menika, keparenga badhe kula aturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun karantam, ingkang ing samangke badhe kapurwakani kanthi adicara ingkang angka sepisan nun inggih Pambuka. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, atur pam bagyaharja saking Ketua .. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh.. Adicara ingkang angka sekawan, minangka wigatining pepanggihan menika nun inggih Musyawarah, ingkang samangke lampahing adicara musyawarah menika kaaturaken dhateng sedherek Ketua Paripurnaning adicara musyawarah, kalajengaken adicara mirunggan ingkang badhe kaaturaken wontenipun sawetawis atur saking pengurus. Wondene adicara ingkang angka enem minangka pungkasaning adicara, nun inggih adicara Panutup. Para bapak, para ibu saha para sedehrek sedaya ingkang tansah kinurmatan. Sumangga adicara pepanggihan ing titiwanci punika tumunten kita awiti. Minangka pambuka laksitaning adicara, sumangga kita purwakani kanthi sareng-sareng ndedonga kanthi nenuwun lan nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Basmalah, kula dhereaken. Ndungkap adicara ingkang angka kalih, atur pambagyaharja saking Ketua . Ingkang me nika dhumateng sedherek Ketua .kasumanggaaken. =====(setelah pambagyaharja dari ketua selesai)===== Mekaten manggah atur pambagyaharja ingkang sampun kaaturaken denening sedherek . Kalajengaken adicara ingkang angka tiga, Pangandikan saking Bapak Dukuh Dhumateng Bapak Dukuh . wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga. =====(setelah Sambutan Dukuh selesai)==== -

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami. Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika. Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki. Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih: Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan. Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi. Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Anda mungkin juga menyukai