Anda di halaman 1dari 2

PIDATO PERPISAHAN ( BAHASA JAWA )

Assalamualaikum wr. Wb.


Ingkang dahad kinormatan Bapak kepala sekolah SD negeri Tambaharjo.
Bapak ibu guru ingkang kulo hormati
Lan konco-konco ugi adek-adek sedoyo kemawon ingkang kulo tresnani
Monggo kito sedoyo sesarengan ngonjukaken puji syukur dumateng Gusti ingkang Moho Agung,
ingkang sampun maringi nikmat kuwarasan dumateng kito sedoyo, sahinggo saged sesarengan
kempal wonten adicoro perpisahan siswa kelas enam sameniko.
Sholawat salam kagunganipun Gusti Alloh mugi-mugi konjuk dumateng junjungan kito Nabi
Agung Muhammad SAW.
Bapak ibu guru ingkang kulo hormati

Kulo ingkang tinanggenah Bapak guru kagem nyenyulihi konco-konco keles enem supados
ngaturaken matur sembah nuwun kulo sakonco dumateng Bapak ibu guru ingkang sampun
nggulowentah kulo sakonco dangunipun enem warso wonten pawiyatan meniko.
Kulo sakonco mboten saget maringi menopo-menopo, namung saget ngaturaken agunging
panuwun.
Kulo sakonco inggih badhe nyuwun pangestunipun supados saged ketampi wonten pawiyatan
enggal ingkang sae ingkang sampun dados tujuan kulo sakonco.
Ugi supados kulo sakonco saged dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat,
agomo, ugi bongso lan negoro.
Sejatosipun, kulo sakonco kraos awrat sanget nilaraken pawiyatan meniko.
Kulo gadah sekedik pesen kagem adek-adek kelas setunggal dumugi gangsal, supados sinau
ingkang sregep, supados saged mujudaken cita-citanipun ugi dados lare ingkang lantip.
Cekap semanten atur kulo.

Kulo sakonco tartamtu katah kalepatanipun, lumantar kulo, nyuwun agunging pangapunten
dumateng sedoyo kemawon.
Waakhiron Wabilahitaofik walhidayah wassalamungalaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai