Anda di halaman 1dari 3

LIBURAN ING SUMATERA

Ing liburan semester 1, aku lan keluargaku lunga neng


Sumatera. Aku neng Sumatera numpak pesawat. Ing pesawat
aku iso delok kaendahan alam saka njero pesawat pas mabur.
Aku nempuh perjalanan 2,5 jam saka Bandara Adi Sucipto
tekan Bandara Kualanamu, sak uwise tekan Bandara
Kualanamu aku langsung tindak menyang umahe Budheku Ing
Siantar.
Sesoke, sak uwise istirahat, aku lan keluargaku jalan
jalan menyang Medan. Neng kono aku ngelewati Istana Maimun
yaiku masjid sing terindah lan termegah ing Indonesia.
Sak uwise neng Medan ing dino ketiga, aku lan keluargaku
lungo menyang Pulau Samosir. Ing kono aku numpak kapal
ferry kanggo nyebrang ing Pulau Samosir, aku iso delok
kaendahan Danau Toba seko kapal ferry, mergane nek meh
neng Pulau Samosir kudu nyebrangi Danau Toba.
Sak uwise tekan Pulau Samosir, aku lan keluargaku
nggoleki penginapan kanggo istirahat. Ing dino sesoke aku lan
keluargaku neng sigale gale, yaiku patung sing dadi sejarahe
wong Pulau Samosir sing diceritake jaman mbiyen patunge iso
gerak dewe utawa iso tari Tor Tor yaiku tarian adat Batak. Ing
kono aku lan keluargaku nari Tor Tor bareng karo sigale gale.
Ing kono aku entuk informasi kebak tentang patung sigale
gale.
Ing Tahun baru iku aku seneng banget, mergane iso
nyambut Tahun sing anyar kuwi kambek keluarga besar. Ing
Tahun baru kuwi aku lan kluargaku saling njaluk ngapura atas
kesalahan kesalahan ing tahun sak durunge. Pagine jam 10.00
WIB aku lan keluargaku lunga ing Gereja kanggo ibadah Tahun
baru.
Ing Tanggal 4 Januari 2015 aku balek neng Semarang. Aku
seneng lan sangat bersyukur amarga iso liburan, natalan lan iso
ketemu karo keluarga besar.

TUGAS PKN
KPK DAN OMBUDSMAN

NAMA : SAMUEL PARLINDUNGAN SITOPU


KELAS : 8 G
ABSEN : 30

SMPN 29
SEMARANG

Anda mungkin juga menyukai