Anda di halaman 1dari 2

Panugasan Basa Jawi : Andamel karya Jurnalistik

Nama

: Novita Triswi Handayani Aks B (15)

Warga Murka kaliyan Pamungonan Bandara wonten Temon


Temon

Gambar

menika

dipendhet saking pinggiran mergi


Daendels. Pemandangan mekaten
saged

kita

sakdawan

panggihi

wonten

Congot

dumugi

Karangwuni sisih kilen. Saking


seratan-seratan menika saged kita
pirsani pripun pamanggihan para
warga babagan rencana mega
proyek

pamungonan

bandara

wonten Temon menika.


Dereng dangu saking dinten menika, kirang luwih seminggu kepengker para
warga murka kanthi nyabuti pathok-pathok ingkang sampun dipasang dening PT Angkasa
Pura ugi nuntut kades Desa Glagah supados aluwung ngutamikaken kawigatosan
warganipun dibanding kawigatosan pihak njawi. Salah satunggalipun warga ngendika
menawi piyambakipun mboten lila menawi dalemipun ugi tegilipun dipungusur kangge
kawigatosan pamungonan bandara ingkang naming ndamel bising ugi ngirangi
katentremanipun warga. Dialog ingkang dipunwontenaken kangge mungkasi kadadosan
menika ugi mboten nemahi penyelesaian ingkang saged menguntungkan kalih pihak,
kepara malah kalaksanan kanthi panas ugi kathah kontroversi.
Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengku Buwono kaping sedasa sabda menawi
pemerintah provinsi dereng bade ndherek intervensi kaliyan permasalahan menika,
amargi taksih nggadhahi pamanggihan menawi pemerintah Kabupaten Kulonprogo saged
mungkasi ugi maringi panyelakan kaliyan warga babagan sengketa lahan menika.
Bupati Kulonprogo, dr.H.Hasto Wardoyo,Sp.OG(K) piyambak sampun ngendika
menawi pamungonan bandara menika sampun dados harga mati, saengga piyambakipun

nggadhahi pangajab supados para warga bersikap dewasa ugi nyarujuki amargi mega
proyek menika saged dados sarana ingkang majengaken masyarakat Kulonprogo.
Wonten sakjroning masterplan ingkang sampun diandharaken dening PT Angkasa
Pura, bandara enggal DIY menika anggadhahi wiyar lahan 637 hektar kanthi panjang
landasan langkung saking telung kilometer ugi lebar landasan 45 meter. Bandara menika
direncanakaken saged menampung 20 juta dumugi 22 juta penumpang saben tahun utawi
thikel tiga langkung ageng saking bandara Adisucipto wonten Maguwoharjo, Sleman.
Kepala Bappeda, Ir Langgeng Agus Basuki ugi ngandharaken menawi
pamangonan bandara menika bakal ndamel dampak ekonomi ingkang sae kangge
masyarakat Kulonprogo manikel-thikel. Ananging dumugi sakmenika, sengketa lahan
taksih dados masalah utama ingkang kedah dipunpungkasi dening pemerintah
saenggalipun.-Triswi

Anda mungkin juga menyukai