Anda di halaman 1dari 2

Panugasan Basa Jawi : Andamel karya Jurnalistik

Nama

: Novita Triswi Handayani Aks B (15)

Warga Murka kaliyan Pamungonan Bandara wonten Temon


Temon - Gambar menika dipendhet saking pinggiran mergi Daendels.
Pemandangan mekaten saged kita panggihi wonten sakdawan Congot dumugi
Karangwuni sisih kilen. Saking seratan-seratan menika saged kita pirsani pripun
pamanggihan para warga babagan rencana mega proyek pamungonan bandara
wonten Temon menika.
Dereng dangu saking dinten menika,
kirang luwih seminggu kepengker para
warga murka kanthi nyabuti pathokpathok ingkang sampun dipasang dening
PT Angkasa Pura ugi nuntut kades Desa
Glagah supados aluwung ngutamikaken
kawigatosan

warganipun

kawigatosan

pihak

dibanding

njawi.

Salah

satunggalipun warga ngendika menawi piyambakipun mboten lila menawi dalemipun ugi
tegilipun dipungusur kangge kawigatosan pamungonan bandara ingkang naming ndamel
bising ugi ngirangi katentremanipun warga. Dialog ingkang dipunwontenaken kangge
mungkasi kadadosan menika ugi mboten nemahi penyelesaian ingkang saged
menguntungkan kalih pihak, kepara malah kalaksanan kanthi panas ugi kathah
kontroversi.
Gubernur DIY, Sri Sultan Hamengku Buwono kaping sedasa sabda menawi
pemerintah provinsi dereng bade ndherek intervensi kaliyan permasalahan menika,
amargi taksih nggadhahi pamanggihan menawi pemerintah Kabupaten Kulonprogo saged
mungkasi ugi maringi panyelakan kaliyan warga babagan sengketa lahan menika.
Bupati Kulonprogo, dr.H.Hasto Wardoyo,Sp.OG(K) piyambak sampun ngendika
menawi pamungonan bandara menika sampun dados harga mati, saengga piyambakipun

nggadhahi pangajab supados para warga bersikap dewasa ugi nyarujuki amargi mega
proyek menika saged dados sarana ingkang majengaken masyarakat Kulonprogo.
Wonten sakjroning masterplan ingkang sampun diandharaken dening PT Angkasa
Pura, bandara enggal DIY menika anggadhahi wiyar lahan 637 hektar kanthi panjang
landasan langkung saking telung kilometer ugi lebar landasan 45 meter. Bandara menika
direncanakaken saged menampung 20 juta dumugi 22 juta penumpang saben tahun utawi
thikel tiga langkung ageng saking bandara Adisucipto wonten Maguwoharjo, Sleman.
Kepala Bappeda, Ir Langgeng Agus Basuki ugi ngandharaken menawi
pamangonan bandara menika bakal ndamel dampak ekonomi ingkang sae kangge
masyarakat Kulonprogo manikel-thikel. Ananging dumugi sakmenika, sengketa lahan
taksih dados masalah utama ingkang kedah dipunpungkasi dening pemerintah
saenggalipun.-Triswi

Anda mungkin juga menyukai