Anda di halaman 1dari 1

Alhamdulillah kito kunjuk aken wonten ngayunan dalem Alloh Swt.

Ingkang sampun katah-katah peparing ipun numat dateng kito sedoyo, ingkang setengah saking ipun nimat-nimat kolowahu kito sedoyo saget sami rawuh nindaaken kewajiban tholabil ilmi lan dedepe wonten ngersanipun Alloh sesarengan wonten ing panggenan puniko. Mugi-Mugi rawuh kito ngahos lan dedepe kito wonten ing dalu meniko katampi wonten ngersanipun Alloh Swt. Nukul aken ridlo lan barokah ipun Alloh kangge kito sedoyo. Amin Mugi-Mugi kanti barokah ipun majlis lan pengahosan dalu meniko, kito lan sanak sedulur kito sami: Pinaringan tambah ipun Iman lan Islam. Amin Mundak sergep lan terengginas ibadah ipun. Amin Ingkang nembe sakit mugi enggal pinaringan saras. Amin Ingkang kecingkerangan rizqi mugi enggal pinaringan kajemabaran. Amin Ingkang saampun jembar mugi sami sergep sodaqoh. Amin Ingkang sami sergep sodaqoh mugi pinaringan stentrem uripe. Amin Sehat dhohir batine. Amin Ketekanan kabeh rembuge. Amin Keturutan kabeh penyuwunane. Amin Kaleksanan kabeh panejane. Amin Sing during duwe bojo enggal ketemu jodone. Amin Sing wis nduwe bojo enggal lahir anak turune. Amin. Sing wis nduwe anak enggal nggendong putu-putune. Amin Sing wis dadi simbah-simbah mugi mindak istikomahe. Amin Jo siro ngaji semoyo sugih rung nganti sugih nyowo wis mulih Tambah banda tambah sibuke akeh rembuke cupet waktune Ngoyo kerjane abot pikire gede nafsune serakah wateke Neng jero omah sumpek rasane lali anake lali bojone Jo siro ngaji semoyo tuwo during karuan umurmu dowo Yen wus tuwo ringkih awake abot obahe nggeremet melakune Bongkok gegere jengkerut kulite kempot pipine ompong untune Ilang ayune ilang baguse rino lan wengi nunggu mangsane

Amin yaa Allooh - Amin yaa Allooh Amin yaa Allooh-Aamin ya Allooh Amin yaa Allooh - Aamin yaa Allooh Ya Allooh Rabbal aalamiin x2 Yaa Alloh Kulo Nyuwun Gesang kulo istiiqoomah Yaa Alloh Kulo Nyuwun Benjang pejah husnul khootiimah x2 Yaa Alloh Kulo Nyuwun pinaringan panjang umur Kangge ibadah lan syukur Dunyo akherat saagetoo makmuur x2 Yaa Alloh Kulo Nyuwun Anak sholeh kang purun dungo Manut syareat agomo Tuntunane poro ngulomo x2 Yaa Alloh Kulo Nyuwun Rizqi halal kang baarookah Kanggo sanguine ibadah Iman Islam supoyoo taambah x2 Sangu maatii dudu bondo Emas berlian sawah oombo Nangiing iiman islam sempurno Kelaakuan kang utoomoo x2

Anda mungkin juga menyukai