Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahi robbilalamin, washho-laatu wassa laamu ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina
waala aalihi wa askhaabihi ajmain.
Asyhadu alla ilaaha ilalloh wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna mukhammadanabduhu
wa rosuluhu laa nabiya badah.
Wonten pangarsanipun Bapak Kyai Haji Rahmat Basuki ingkang tansah kulo hormati,
Wonten pangarsanipun Bapak Kyai Haji Muslim Ismail ingkang tansah kito tadzimi.
Wonten pangarsanipun Bapak Kyai Sujadi ingkang tansah kaulo hormati,
Wonten pangarsanipun Poro kyai, poro alim ulama dusun kanci ingkang tansah kito dereki.
Dumateng poro hadirin samudayanipun ingkang tansah kaulo hormati,
Lan boten kesupen dumateng poro kadang kaneman Panitia Amalan Bulan Ramadhan ingkang
tansah kaulo tresnani
Sumangga langkung rumiyin kula derekaken munjuk atur panuwun dhateng Alloh SWT, ingkang
sampun kepareng maringi barakah, hidayah saha inayah-ipun dumateng kita sedaya, sehingga
kula lan panjenengan sedaya waged lenggah makempal, manunggal wonten papan menika
saperlu ngawontenaken pengetan dinten Nuzulul Quran.
Boten Kesupen sholawat soho salam sejahtera Alloh mugi tetep dipun limpahaken dateng
tauladan kito Nabi Agung Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan sahabatipun. Amin.
Dumateng jamaah rakhimakumullah ingkang dipun rahmati Alloh, wonten dinten menika surya
kaping 17 Ramadhan 1437 H kula panjenengan sami ngawontenanken pengetan dinten Nuzulul
Quran,

inggih

menika

satunggaling

dinten

temurune

ayat

suci

Al-Quran

ingkang

kawahyukaken dumatheng nabi Muhammad SAW.


Saklajenganipun, kula ngaturaken agungeng panuwun dhumateng panjenengan sedaya
ingkang sampun danganaken wekdal sak perlu ngrawuhi adicara ing ndalu menika. Ugi boten
kesupen, kula ngaturaken agungeng panuwun dhumateng rencang-rencang panitia ingkang
sampun paring pambiyantu awujud menapa kemawon ingkang loyogipun kangge nyekapaken
sedaya kabetahan acara ing ndalu menika. Mugi menapa ingkang dados amal kesaenan
panjenengan sedaya tinampi Alloh SWT lan pikantuk lelintu ganjaran ingkan sakathahkathahipun. Amin.
Ingkang sak lajengipun kaulo ngaturaken agunging sich samudro pangapunten dumateng
panjenengan sedoyo menawi wonten kalepatan kulo soho rencang-rencang anggenipun ngaturi
papan soho palenggahan ingkang kirang nujukrono wonten pangarsanipun panjenengan
sedoyo. Pramilo sepindah maleh kulo mewakili panitia ngaturaken agunging samudro
pangaksomo.
Kintenipun namung mekaten ingkang saget kulo aturaken kirang langkungipun sedoyo
kalepatan kulo nyuwun agungipun pangapunten.
Akhirul kalam Wabilahit taufiq wal hi-dayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai