Anda di halaman 1dari 3

Nama : Muhammad

Kelas : XI MIPA A

Bisa Jalaran Kulina

No Absen : 15

Dina Jumat jam 4 isuk, ora ana udan ora ana angin, ujug-ujug Rahman wis tangi.
Bubar wudhu lan njupuk sarung, bocahe arep budhal menyang masjid. Ora kaya biasane,
dheweke bisa tangi isuk.
Aku takon, Awakmu kesambet apa le, kok tangi isuk?
Aja ngece Mas, adike kepingin dadi wong apik malah diece. Aku arep ndang budhal
sekolah.
Krungu jawabane adhiku, aku saya bingung. Ora kaya biasane, adhiku sing biasane
ditangikne, budhal sekolah mepet jam 7, arep budhal isuk menyang sekolah.
Lha iki malah tambah bingung aku. Wis tangi isuk, arep budhal sekolah gasik pisan.
Ana acara apa ta?
Krungu pitakonku, adhiku malah mung ngguya-ngguyu dhewe.
Iku Mas, aku arep nggarap PR basa Jawa saka guruku. Engko yen budhal isuk, bisa
nurun jawabane kancaku. kandha Rahman karo mesam-mesem.
Keprungu jawabane si Rahman, aku mung bisa ngguyu, ngerti tingkahe adhiku sing
kaya ngono.
Ya wis Dik, ayo budhal menyang masjid karo aku. Oh iya, sesok Minggu ayo dolan
menyang omahe paklik. Mengko sapa ngerti diwenehi gedhang maneh, hehe.
Iya Mas, numpak sepedha wae ya, kan panggone ya ora adoh tur dalane jek lemah
durung diaspal. Aja kaya kapan kaee, numpak motor. Boyokku malih krasa lara lan panas
tekan nggon.
***
Dina Munggu, Aku budhal menyang daleme paklikku bareng karo adhiku. Awak
dhewe budhal numpak sepedha, aku mbonceng adhiku. Nalika tekan prapatan cedhak
lumbung, aku karo adhiku mandheg. Saka kadohan katon gerobake Pak Karman karo pedhete
mlaku menyang lumbung. Nanging aku karo Rahman padha bingung.
Mas, aku ora salah nyawang ta? Kuwi pedhete nggeret gerobak, nanging Pak Karman
ora ana ing gerobak. Pak Karman menyang ngendi, kok pedhete isa ucul? pitakone adhiku
karo kukur-kukur sirah.

Aku langsung mancal pedalku nyedhaki gerobake Pak Karman. Aku karo adhiku kaget
temenan, tibake Pak Karman keturon ana ing gerobake sing lagi digeret karo pedhet menyang
lumbung.
Lho Mas, iki pedhete mlaku dhewe, Pak Karman sing ana ing gerobak keturon. Kuwi
engko apa ora bakal nyasar utawa malah njegur kali ta Mas, pedhete ora ana sing ngobahne?
Lha kepriye maneh ta Dik, aku wae ya bingung. Kok isa ngono jawabku menyang
adhiku.
***
Senin sore, ora kaya biasane, Rahman durung mulih nganti jam 5. Ibuku bingung,
mondar-mandir kaya setrika anane kuwatir karo kahanane Rahman.
Iki adhimu nyang ngendi ta le, ora kaya biasane, jam 5 durung bali omah. Ibuku
ngendika karo kuwatir.
Kula inggih mboten ngertos, Bu. Mbokmenawa dolan menyang griyanipun paklik.
Jam 7 sore liwat, adhiku lagi mulih saka sekolah. Tanpa basa-basi, aku marani adhiku
sing lagi nyopot sepatune.
Awakmu nyapo mulih jam 7? Ndek sekolah ana acara apa? pitakonku marang
adhiku.
Dina iki aku nampa raport Mas. Bijiku elek kabeh. Aku wedi Mas yen ibu ngerti
bijiku elek-elek.
Mulane awakmu yen sinau aja wektu arep ulangan tok. Piye bisa entuk biji sing
apik?! aku ngomong nggawe suara rada mbentak.
Bubar kuwi, Rahman langsung didukani kaliyan ibuku. Bocahe mung bisa meneng
karo nunduk sirahe.
Adhiku langsung mlebu kamare, turu karo katon arep nangis.
***
Dina Minggu sakwise prastawa kuwi, aku ngajak adhiku dolan menyang griyane
paklikku maneh. Sapa ngerti bubar dolan, bocahe ora sedhih maneh.

Ing dalan, aku karo adhiku ndelok Pak Karman keturon ana ing gerobake maneh.
Adhiku sing isih bingung banjur takon marang aku.
Mas, kok pedhete kuwi bisa mlaku bali nyang omahe Pak Karman tanpa kesasar
utawa njegur kali ya? Pedhete kan ora ana sing ngobahake. ptakone adhiku.
Pedhete kuwi mulane ya dilakokake karo Pak Karman, ora bisa mlaku saka sawah
bali menyang daleme Pak Karman tanpa diobahake. Nganti meh wis saben dina pedhete
mlaku ngono, akhire tanpa diobahne ya pedhete bisa mlaku dhewe bali menyang kandange
nggawa pak Karman, jalaran wis kulina. jawabku dawa menyang adhiku sing jek nyawangi
gerobake Pak Karman.
Aku nutukake omonganku, Sinau ya kaya ngono le, ora bisa mung sepisan pindo,
bisa jalaran kulina. kandhaku marang adhiku.
Iya Mas, saiki aku wis ngerti. Yen kepingin bisa utawa ngerti, perkara apa wae, kuwi
kudu dibiasakake wiwit saka awal, ora bisa mung pisan nglakoni langsung paham utawa bisa.
Samubarang prakara yen kepingin bisa kudu dikulinakake. adhiku ngomong karo nunduk
sirahe.
***
Dina Jumat isuk jam 04.00, ora ana udan ora ana angin, ujug-ujug Rahman wis tangi,
arep budhal menyang masjid. Ora kaya biasane, dheweke tangi isuk, ora nggawe alarm. Ibuku
ya meleu kaget ndeleng adhiku wis tangi.
Lho Dik, kok tangi isuk maneh, ana apa? takonku karo rada bingung.
Iki lho Mas, aku arep nutukne sinauku wingi bengi, durung mari. Bubar iki tetep
shalat Subuh
Aku mung bisa meseme ndelok tingkahe adhiku sing kaya ngono.

Anda mungkin juga menyukai