Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum wr.

wb
Alhamdulillahi robbil alamin, wassholatu wassalamuala asyrofil anbiyaI
walmursalin sayyidina wamaulana Muhammadin waala alihi washohbihi
ajmain Amma Badu.
Para Bapak,Ibu, saha sedaya jamaah Shalat Subuh ingkang kula hormati.
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngaturaken raos puja puji syukur dhumateng
ngarsanipun Allah SWT, ingkang dumugi titiwanci menika taksih paring nugraha kawilujengan
dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing enjang menika saged nindakaken
shalat Subuh kanthi jamaah ingkang insyaallah dipunlajengaken pangaosan.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kula panjenengan sedaya nabi
agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun,
saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kula panjenengan tansah pikantuk syafaatipun.
Amin
Para bapak/Ibu saha sedaya jamaah subuh ingkang kula hormati, sumangga pengaosan ing
enjing menika dipunwiwiti kanthi waosan syahadat dipunlajenganken rodhidubillah,
sumangga....

Asyhadu anla ila-ha illa Allah Waasyhadu anna Muhammadan Rasulullah,


Rodhitubillahi robba wabil Islaamidiina, wabil Muhammadin Nabiyya wa
Rasuula,rabbiyidni ilma waryukni fahma, aminaya robalalamin.
Matur nuwun, ingkang saklajengipun inggih menika pengaosan, pengaosan ing enjing menika
dipunslirani panjenenganipun Bapak . . . . , dhateng bapak . . . wekdal saha papan kula aturaken.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ..
Matur nuwun dhateng Bapak . . . . ingkang sampun paring pengaosan wonten ing enjing menika,
mugi-mugi panjenenganipun Bapak . . . pikantuk lelintu ganjaran saking ngarsanipun Allah
SWT. Amin
Para bapak/Ibu saha sedaya jamaah subuh ingkang kula hormati, caos pirsa bilih infaq ing enjing
menika pikantuk Rp 00000,00. Alhamdulillah.
Mekaten pengaosan bada Subuh wonten ing enjing menika, sumangga dipuntutup kanthi
waosan akhiratul majelis

Subkhanaka allahuma wabikhamdika asyhadu anla ila ha illa anta astagfiruka


wa atubu ilaik. Alhamdulillahirobilalamin.
Kathah kalepatan anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksama.

Wassalaamualaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

Anda mungkin juga menyukai