Anda di halaman 1dari 3

Gambuh

KLEPON
Dening : Aprina Asti Ningrum

Klepon iku pangananku,

rasane legi kesenanganku,

panganan iku aku ra bakal lali,

sing nukokke ibuku,

klepon sing warnane ijo.

Aku kelingan sliramu,

mangan klepon bareng karo aku,

ra bakal lali karo prastawa iki,

iku sejarah awakku,

naliko jaman semono.

Klepon jajanan pasarku,

warna-warni klepon sing tak tuku,

bahan baku sing digawe saka kanji,

ilmu sing kanggo awakku,

kanggo geneping lelakon.

Oleh-oleh kanggo aku,

le tuku klepon ing Pasar Minggu,

parudan kambil ing nduwur klepon iki,

kabeh kuwi jajananku,

mangan limo njur keturon.

Mangan klepon karo lungguh,


ing ngarepan mangan karo aku,

dina minggu aku tuku klepon siji,

ketemu bakul cah bagus,

diteruske dadi awon.

Kenangan karo awakmu,

tuku klepon batrng karo aku,

diboncengke nganggo motor tender iki,

sing cahbagus karoaku,

nganggo klambi warna ijo.

Tresnamu kanggo awakku,

bukti rasa nganggo klepon iku,

yen dipangan kelingan wong siji iki,

mbendina nyawang fotomu,

dilan neng bengawan solo.

Anda mungkin juga menyukai