Anda di halaman 1dari 4

Wawancara Blunyah Gede

Pak Dalikan dalam wawancara ini berposisi sebagai moderator sekaligus NS, menyebutkan nama-
nama Narasumber (NS) kepada saya (Wisnu) dan Tantri sebagai yang mewawancarai.

1. Nyonya Dalil Sumodiharjo, 2. Nyonya Amat Dasuki (buta huruf), 3. Wagimin Dugi
Sami Utomo, 4. Muh. Alif.

Pak Wagimin (PW) tiba-tiba bercerita: iki sejarahe kene iki mbiyen ki rembet tok. Dalan medun kui
pring Ori tok. Wit nganu, pring wulung.

Pak Muh. Alif (PMA): Wulung kalih pring Ampel

Kami (termasuk pak Dalikan) meminta tanda tangan dari semua NS

Ny Amat Dasuki (Ny AD) : tandatangan nek nganu kulo wegah wegah loh iku, pokoke.

PMA: Nek nopo?

PD: nek pripun?

Ny AD: iku nek neruske jamane teng kelurahan niko, kulo wegah.

PD: hehe nah nggih, mboten sak neruske

Ny AD: nah nggih, mulane nek teruske jamane teng kelurahan kahanane koyo ngoten niko, kulo
wegah. Kulo pun terang-terangan, makane kulo terima mundur mawon.

PD: nggih Katah. Nggih, mundur kathah.

Wawancara dimulai

Wisnu: kampung ini namanya Blunyah Gede ya, pak? Kira-kira yang pertama menempati, atau yang
membuka kampung ini

Ny AD: boten onten kampung..

PD: nanti satu persatu, nanti saya yang atur.

Wisnu: oh iya.

Ny AD: .......boten onten kampung, iki mung -pohon-pohon- Karet. BS Bse.

PMA: Peneruse

Ny Dalil Sumodiharjo (NDS): nomer loro nek koyo aku

NS secara bersamaan: sing buka, mbah Joyomidin, Joyomidin.


Pak Dalikan membuka Wawancara: bapak-ibu, mas dan mbak, kanti ndadak kulo ngasih wirawuh
onten ing mriki. Iki amargi kulo sakonco mlaku-mlaku ingkang mbiyen ning kelurahan niko loh. Pak
Lurahe koyo ngono, pak Camat koyo ngono, wargane do koyo ngono. Nah niku wonten ing kang
berlawanan (suloyo) saking Blunyah niki, lemah iki lemah Wedi Kengser (WK). Lurahe, oraaaa, kui
lemah Kas Desa (KD). Terus Lurahe dijaluki tandatangan pengajuan, mboten turun mergane KD. Naah
lajeng, bukti nipun KD meniko ngantos sepriki boten wonten.

Ny AD: riyen-riyen ki, nek aku ki dadi Lurah pokoke ning kene iki tak takoni kabeh, verifikasi. Nek ga
jadi Lurah, yo mboten saget wong niki lemah nganu... Nganti sak ngoten niku. Nggih, toh. Jamane pak
Damanat dadi Lurah. Sagu, sak derenge ngangge sertifikat. Ning duwur ora oleh neng lemah iki arep
disertifikatke, mulane nek niki teruske seko kelurahan carane ngoten niku ket mbiyen.

PD: kulo lajeng, kono rak ono buktine. Kene, buktine yo ora nduwe (tertawa). Bukti tulisan status
tanah WK yo boten onten

NDS: boten onten surate, soale sing manggon sikek dewek niku guoblok. Guobloke niku kulo, boten
sinten-sinten. Nek mbah Joyo niku pun boten onten niku ya kulo. teng kulo wong kulo niku sing tuwo
dewek. Ming nyatane kulo niku nek bodo iku kebangetan, dadine riyen manggon wong waton
manggon.

PD: sedoyo ngoten meniko nggih waton manggon, waton manggon, ming pemerintahe yo nompo ora
ditolak. Lemah niku teng kelurahan niku wonten catetane. Sepisan lemah Sultan Ground, terus ping
pindo lemah KD, lemah sing katut KD niku onten catetane. Terus lemah sing hak milik (leter C) hak
milike uwong-uwong niko. Nek KD niku lemah milke atau sing dikuasani kelurahan, nek ora salah
bentuke niku lemah sawah. Bengkok

NDS: sak inget kulo, riyen niku kulon deso (daratan) niko lemah KD. Soale niko pungguhe pak Muh.

PD: lemah KD niku catetane ning buku, leger A. Terus nek lemah sultan teng leger B. terus nek
lemahe uwong-uwong niku leger C. nek WK niku boten wonten leger nopo-nopo, niku lemah negoro.
Ning saget dihaki kanggo sing ngenggoni, niko carane yo ngajukan permohonan lewat kelurahan.
Contone niko ning Terban, nggone kulo riyen. malah Lurahe sing ngajak ayo disertifikasi. Lurahe pak
Wili, ayo do ngajuke sertifikat, sing gelem. Nyatanapun saget dados, anak kulo niko, mantu kulo
lemahe pun sertifikat. Jogoyudan niko pun hak Guna Bangunan. Nah Blunyah, ajeng ngusulke niko
ditolak Lurahe. Sakjane Lurahe (pak Daman) niko yo ora ngerti, dudu wong kene soale.

Ditambahi Ny AD: dudu wong kene, dadi ora ngerti.

NDS: ngeten niku nggih kulo ngerti dewek, pokoke nek saking ceritone ngoten niko kari tandatangan
Lurahe. BPN pun acc, kok. Terus mlebet ning kelurahan, boten saget jare Lurahe boten saget. Nek
riyen aku arep mlebet Cebongan. Yo kulo, boten ngoten niku, nggo rakyat kok lek mlebet Cebongan.
Mlebet Cebongan niko lak nek panjenengan niku sage, disage sedoyo. Maksude pyambane niku
dihukum.

Ny AD: mbiyen niku iseh Lurahu Pogung, po wis Kardani?

PMA: iya, Lurahe Pogung.


NDS: iya, Lurahe Pogung (Blunyah masih masuk Pogung, yaitu pak Salamun)

Ny AD: Lurahe Pogung (pak Salamun), wong mbiyen niku Lurah Sendowo terus Pogung. Gantine
Lurah Pogung yo Kardani niku.

PW: Lurahe Sendowo kui ampuh dewek.

PD: sing mlebu Cebongan niku, ora pak Daman?

NDS: lah nggih maksude niku, Lurahe nek ngekei tandatangan niku ngko aku dihukum. Sakjane boten
ngoten niku.

Ny AD: Lurahe Sendowo niku janji arep dadi Lurah, kon milih dadi Lurah, nek Lurahe kui (Daman)
arep dikei sertifikat. Nek jamane cilikan aku ki Lurahe Pogung. Gantine Lurah Pogung yo Kardani kui
karo pak Daman kui.

PMA: bu Sumastono riyen, terus pak Daman.

PD: bu Sumastono riyen, anake pak Kardani.

Ny AD: nah nggih, Kardani mati ganti anake, anake mati terus niku..

Pak Salamun, Pak Kardani, Bu Sumastono, Pak Damanik.

PD: nggih, kui pak Daman

Ny AD: saiki pak Daman dadi Lurah meneh. (di Sendangadi)

NDS: ngoten iki, kulo niku gampil mawon bu Dalil. Tak arani aku iki wis nisik-nisik orang ngerti aku
ngono luh. Ngko malah munjuk.

PD: nggih niku nganu mawon, pun cangget mawon ro mbiyen. Wis do koyo ngono, enengke wae sek.

NDS: ning nek nganu niku, nek Rt Pitu niku ketoke di Ceng

PD: boten nopo-nopo di ceng. Dalikan kae kok, Rifai (tertawa) boten nopo-nopo. (tertawa). Ajeng di
ceng Lurahe ajeng pak Daman, yo monggo.

Ny AD: karo sak niki niku, nek mbayar ning kelurahan sing lemah niki pokoke mbayar pendak tahun
niku kulo wingi mbayar 1 juta. Pendak tahune mbayar, kulo. Keri dewek bayare ning pak Darmedi,
jamane semono. Terus pirang2 tahun ora mbayar toh doan?

PD: nggih

Ny AD:... kui ntek sejuta. Saiki PBB (Pajak Bumi dan Bangunan).

Anda mungkin juga menyukai