Anda di halaman 1dari 2

MITONI

Dhumateng para sesepuh saha pinisepuh ingkang dahat


kinurmatan, Dhumateng pamangku gati ingkang kula urmati,
Dhumateng para tamu undangan ingkang minulya. Langkung
rumiyin sumangga kula lan penjenengan sedaya ngaturaken
raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng
Dumadi ingkang sampun maringi kasarasan sarta
kalodhangan, saengga kita saged anjenengi acara ing wekdal
menika inggih acara tingkepan utawi mitoni garwanipun
bapak Samsul kanthi boten wonten alangan menapa-menapa.
Mugi-mugi kemawon ing dalem kekempalan kita dinten
samenika wonten manfaatipun. Amin.
Para rawuh ingkang kula urmati. Panjenengan sedaya
kaaturan rawuh ing wekdal menika, inggih boten sanes amargi
raos syukuripun bapak Samsul dhumateng ngarsanipun Gusti,
amargi sadangu mangun bale wisma sampun ngajeng-ajeng
momongan utawi putra ing dalem kulawarganipun. Samenika
pangajeng-ajeng menika sampun kalampah kanthi tetenger
mbobotipun garwanipun ingkang sampun ngancik pitung sasi.
Pramila saking menika Bapak Samsul sakulawarga nyuwun
donga pangestunipun saking para rawuh, supados jabang bayi
ingkang taksih wonten madaran menika pinaringan selamet,
semanten ugi ibunipun. Lan mugi-mugi anggenipun lair
dipunparingi gancar, lancar, sarta selamet kekalihipun. Para
rawuh ingkang kinurmatan, Mugi kita sedaya dados tiyang
ingkang estu-estu ngabekti dhumateng tiyang sepuh kalih.
Semanten ugi, mugi-mugi Bapak Samsul sakulawarga
benjang dipunparingi putra ingkang tansah ngabekti marang
tiyang sepuhipun, migunani tumrap nusa, bangsa sarta agami.
Amin.
Cekap semanten saking kawula, minangka panutuping
atur. Nuwun

Anda mungkin juga menyukai