Anda di halaman 1dari 1

ALAS RUSAK

GAJAH-GAJAH PADHA NGAMUK

Desa cacah 9 ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra Selatan
dilapurake diserang gerombolan gajah, Selasa (2/11). Gajah-gajah mau ora mung ngrusak
pategalan duweke warga wae nanging uga mlebu desa lan mgobrak-ngabrik omahe pendhudhuk
ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan, Danau Kuning Lan Buai Pamanan
Miturut pejabat sementara Bupati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis wani
nyerang manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak. Ruli ngaku pihake sarwa salah
anggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan amarga gajah kalebu
kewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora dipateni grombolan gajah kasebut wis
mbebayani tumrap warga padesan. kang bisa dilakoni dening rawi mung aweh pengumuman
marang masyarakat supaya waspada marang pangamuke gajah-gajah mau.
Rawi nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombe
merga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah baseh
dening tumindake menungsa. miturut Dinas Kehutanan Simatra Selatan, saka total ambane alas
3,7 hektar, 60 % ing antarane jroning kahanan rusak amarga panembangan liar. kajaba kuwi alas
produksi kang ambane 1,2 hektar saka total 2,4 hektar uga jroning kahanan gundhul
ing taun 80-an uga tau kadedean ana grombolabne gajah kang nyerbu perkampungan warga.
nanging nalika iku gajah mau bisa digiring menyang Taman Nasional Way Kambas Lampung
kanthi nggunakake helicopter duweke kodam Sriwijaya. Miturut Rawi bisa wae cara kang kaya
ngono dibaleni meneh, nanging mbutuhake ragad kang gedhe

Anda mungkin juga menyukai