Anda di halaman 1dari 4

NAMA : NOOR AINI

NO : 23
KELAS : XII IPA 3

Bom, Njeblug ing Jakarta.

Jemuah esuk jam 7.47 bom njeblug ing Jakarta. Hotel J.W. Marriott lan hotel Ritz
Carlton di bom. Korban tinggal donya saka mancanegara 9 wong , 5 saka Amerika
Serikat. Wong mancanegara sing tatu 18 wong. Korban sing wis dikaweruhi 61 wong.
Bom mau dijeblugake dening wong 2, siji ana ing Hotel Marriott lan sijine ana ing
Hotel Carlton. Wektu njebluge bom ora let suwe, mung kira-kira sepuluh menitan.
Bom mau arupa bom bunuh diri. Paraga kang njeblugake bom karo-karone nemoni
tiwas.

Miturut katrangan Kapolri, Bambang Hendarso Danuri yen bom mau padha karo bom
sing ditemokake ing Cilacap. Bom dikira-kira dirakit ana kamar Hotel J.W. Marriott
kamar nomer 1808. Bom sing ciri-cirine kaya mangkono iku meh padha karo bom
ditemokake pulisi ing Semarang, Batu, lan Cilacap. Mula ora aneh yen bom mau ana
gandheng cenenge karo terroris international sing nate ditemokake dening pulisi.

Prastawa mau gawe kagete wong akeh. Wis antara suwe ora nate keprungu kabar ana
bom njeblug sabubare prastawa bom Bali. Prastawa iki mesthi wae ndadekake sedhihe
bangsa Indonesia. Negara sing lagi wae arep njejegake demokrasi , Negara sing lagi
wae arep ndandani nasibe rakyat dumadakan digoncangake dening mbledhose bom.
Indonesia nembe nganakake pilihan presiden. Durung rampung KPU anggone
ngetung swara wis ana gara-gara, bom mbledhos. Sing nggawe bom iki sajake ora
kepingin Indonesia tentrem, ora kepingin Indonesia gemah ripah karta raharja sing
kaya dicritakake ki dhalang.

Sapa sing rekadaya gawe rerusuh, durung kaweruhan. Lan sapa sing tanggung jawab
uga ora ana sing gelem ngakoni. Apa wong kaya mangkene iki nduweni tujuwan kang
luhur ? Yen duwe tujuwan luhur mesthine nganggo cara-cara kang luhur uga. Ora
kudu nganggo cara-cara kang ngrusak tatanan. Ora nganggo cara-cara kang gawe
sengsarane wong liya. Sing genah wong kaya mangkene cetha-cetha ngrusak tatanan
sing kepingin dibangun dening bangsa Indonesia lan cetha-cetha nglanggar
prikamanungsan.
Negara ngendi wae ora sarujuk karo patrap sing dilakoni dening kang gawe rerusuh.
Ora ana wong siji wae sadonya iki sing ora kepingin ayem tentrem. Mula tindak sing
gawe rerusuh, tindak sing anarkis kudu enggal dibesmi.

Kapethik saka Ngurip-Urip Basa Jawa 19 Juli 2009


dening Pak Ugeng
PRANATACARA ING PENGAOSAN

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Nuwun,
Bapak Moh. Yasin ingkang satuhu kinabekten saha para rerawuh ingkang
tansah winantu ing suka basuki.
Mangga kita sami ngaturaken syukur alhamdulillah wonten ngarsanipun Gusti
ingkang Maha Agung ingkang taksih paring rahmat saha hidayah-Ipun sahingga kita
taksih saged makempal ing pengaosan mriki.
Nun inggih para lenggah ingkang dahat kinurmatan, keparenga pranatacara
murwani lekasing sedya ingkang punika enggal binuka adicara Pengaosan Isro’
Mikroj Dukuh Cucukan, kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun
karantaman, nun inggih:
Adicara ingkang sepisan inggih menika purwaka.
Adicara ingkang kaping kalih inggih menika waosan ayat suci Al-Qur’an.
Adicara ingkang kaping tiga inggih menika tanggap sabda saking Bapak Moh.
Yasin.
Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika penutup.
Gegandhengan wekdal sampun dhalu pramila sumangga adicara pengaosan
enggal kawiwitan.
Adicara ingkang sepisan inggih menika pembuka, sumangga kita wiwiti kanthi
waosan basmalah sesarengan.
Salajengipun, adicara ingkang kaping kalih inggih menika waosan ayat suci
Al-Qur’an ingkang badhe dipuwaos Bapak Joko Priyono.
Ngancik adicara ingkang kaping tiga inggih menika tanggap sabda saking
Bapak Moh. Yasin. Wekdal saha panggenan kula aturaken.
Kawula ngaturaken matur nuwun dumatheng Bapak Moh. Yasin, mugi-mugi
kita sedaya saged mundhut hikmahipun menapa ingkang sampun dipunaturaken.
Saderengipun acara dipunpungkasi, mbok bilih anggen kula matur wonten
klenta-klentunipun, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Paripurnaning adicara sampun kalempahan pramila sumangga adicara kita
pungkasi kanthi waosan hamdalah sesarengan.
Wassalamu ’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai