Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapa Ibu juri ingkang kula urmati, Bapa Ibu guru ugi ingkang kula urmati, saha
kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Ing kaludangan punika mangga panjenengan dalasan kula sesarengan


ngaturaken puja lan puji, puji syukur dumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun
paring rahmat saha hidayahipun satemah kula lan panjenengan saget makempal
wonten ing adicara punika tanpa alangan setunggal punapa. Salawat saha salam
mangga kita aturaken dumateng Nabi Agung Muhammad SAW. Ingkang sampun
nuntun kulalan panjenengan dumateng agami Islam. Agami ingkang dipun ridhoi
dumateng Allah SWT, lan mugi-mugi kita pikantuk safaatipun kanjeng Nabi
Muhammad SAW, Allahuma amin.

Miderek kawontenan lan kita raosaken wonten wedal sakmenika kathah


warga ingkang kirang ngurmati negeri nasionalipun inggih punika saged
ngresahaken menawi dipun terasaken saget dados perkawis ingkang saestu
mboten mranani. Wonten jaman sakpunika sampun kathah luntur raos kebangsaan
nasionalisme, awit kathah kawula muda ingkang ngelaleaken jati dirinipun dados
warga Indonesia amargi para kawula muda langkung condong dumateng budya
barat kadosto acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah warga ingkang
remen mundut produk luar negeri. Amargi reginipun langkung mirah lan
kualitasipun langkung sae. Prekawis punika saged dipunicalaken lan saged
wangsulaken raos cinta tanah air negeri tercinta Indonesia punika kalihan salah
sawijining cara inggih punika mundut barang produk Indonesia, tansah remen
dateng jasa pejuang, tindak dateng musium, lan monumen perjuangan.

Mekaten ingkang saged kawula aturaken, mugi-mugi saged ndadosaken


kawontenan ingkang sae, utawi damel kuwating raos nasionalisme dumateng kita
sedaya. Kekirangan saha kalepatan kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai