Anda di halaman 1dari 3

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang tuhu dahat kinurmatan


Panjenenganipun Bapak Ketua Komite Sekolah ingkang tuhu minulya ing budi
Bapak/Ibu Wali Murid kelas 9 ingkang tuhu kula urmati
Bapak/ibu Guru lan Karyawan ingkang tansah bagya mulya
Para kanca-kanca ingkang kula tresnani
Langkung rumiyin, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken
ngonjukaken puji syukur ngarsanipun Gusti Ingkang Mahakuasa, ingkang
sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan lan kula, katitik, wonten
ing papan menika kanthi wilujeng boten wonten alangan setunggal menapa
Para Bapak,Ibu, sagung para ingkang sami rawuh ingkang kula urmati
Nyuwun pangapunten kula kumawani munggel pangandikan sawetawis. Nun
inggih, awit wonten ing wekdal menika kula ingkangkadhawuhan ndherekaken
lampahing acara “Perpisahan Kelas IX SMPN 5 YOGYAKARTA”
Para ingkang sami rawuh ingkang satuhu kinurmatan, saderengipun acara
kawiwitan, keparenga kula ngaturaken menggah urut-urutan ing acara wonting
ing wekdal menika:
1. Pambuka
2. Tanggap Wacana saking Kepala Sekolah
3. Tanggap Wacana saking Ketua Osis
4. Drama Penutup saking Kelas 9
5. Penutup

Bapak/ibu sagung para rawuh ingkang tuhu kinurmatan, makaten menggah urut
reroncening acara wonten ing wekdal menika

Kepareng angancik acara ing sepisan, nun inggih Pambuka. Awit saking menika
mangga kangge murwakeni acara, panjenengan kula dherekaken ndedonga.
Ndedonga kawiwitan..
Acara salejengipun inggih menika Tanggap Wacana saking Kepala Sekolah.
Dhumateng Bapak Muryono, wekdal lan papan kula aturaken.

Assalamuallaikum warohmatullohi wabarakatu


Ingkang kirnumatan bapak saha ibu wali murid SMPN 5 yogyakarta
Ingkang kirnumatan bapak, ibu Guru saha karyawan SMPN 5 yogyakarta
Ingkang Kinurmatan para tamu undangan, lan para siswa – siswi kelas songo sing tak
tresnani

Puji syukur konjuk dumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal
menika kita sedhaya taksih pinaringan rahmat ugi kasarasan, saengga saged makempal kanthi
pinaringan kaharjan wonten ing Aula SMPN 5 menika, dene sakperlu ngawontenaken
tasyakuran pelepasan siswa – siswi kelas songo SMPN 5 ingkang sampun nuntasaken
kewajiban anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Para rawuh ingkang kinurmatan, kita sedhaya nderek bebingah dene putra lan putri kita,
siswa – siswi kelas songo SMPN 5 Yogyakarta, wonten ing tahun meniko 2015 lulus
satunggal atus persen. Kahanan meniko amargi saking usaha lan kerja keras para guru lan
bapak ibu wali murid sedhaya anggenipun mbimbing dumugi paripurnanipun ujian nasional,
semanten ugi kita sedhaya kedhah nderek bebingah amargi anggenipun putra lan putri kita,
siswa – siswi kelas songo ngawujudaken semangatipun anggenipun sinau dene ngantos
pikantuk nilai ingkang sae kangge bekal nglanjutaken sekolah SMA utawi SMK, lan mugi
kathampi wonten ing sekolah ingakang saged maringi dasar pendidikan ingkang langkung sae
kangge bekal masa depanipun lare – lare kita sedaya.

Dene kanggo anak – anakku siswa lan siswi kelas songo, bapak pesen tetep padha andhap
asor lehne dadi siswa marang ngendi wae, lan isoh ngawujudake budhi pekeri sing apik, tetep
duweni semangat belajar sing tekun, ugi nindakake apa kang diajarke agama, mugi Gusti sing
Maha Agung tansah pinaringan berkah lan ,asa depan sing gumilang lan uripmu padaha bisa
gawe tentrem lan migunani tumraping liyan, bangsa lan negara sarta agama. AMIN

Semanten atur kula, bilih wonten atur kula ingakang mboten mranani panggalih bapak ibu lan
anak – anakku siswa – siswi kelas songo, kawula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamuallaikum warahmatullohi wabarokatu
Matur nuwun sambutan saking bapak kepala sekolah.

Acara salejengipun inggih menika Tanggap Wacana Ketua Osis. Dhumateng


Saudara Radya Cintana, wekdal lan papan kula aturaken..
AssalamualaikumWr.Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu
Guru saha karyawan ingkang kula hormati, rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal
menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged
makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa
upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah
dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca
ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu
Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan
kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik
sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel
Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten
mranani penggalih panjenengan sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi
tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin.. Wasana cekap semanten atur kula,
menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun
pengampunten.Wasallamuallaikum warohmatulohi wabarokatu
Matur nuwun sambutan saking Ketua Osis
Adicara saklajengipun inggih menika Drama saking Kelas 9, dhumateng para
kanca ingkang badhe paring panglipur, wekdal saha papan kula
semanggakaken..
Bapak/ibu para ingkang sami rawuh ingkang tuhu kinurmatan saha para
kanca ingkang kula tresnani, mekaten lampahing acara “Perpisahan Kelas IX
SMPN 5 YOGYAKARTA” wonten ing wekdal menika. Dumugining titi wanci
acara panutup sumangga acara menika kita tutup kanthi ndedonga muji syukur
wonten ngarsanipun Gusti Kang Mahakuasa. Ndedonga kawiwitan
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken
agunging pangapunten dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten
lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta
menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai