Anda di halaman 1dari 4

Wong Wadon Kapang Marang Gustine

Dening : Adel Wanmargeri


Wengi iki swara udan deres banget, kayata ngantemi gentheng-gentheng omah warga.
Ora ana sing eruh udan bakal deres ngene. Lek ngelingi wingi awan, rina wae ogah tukaran
karo srengenge sing panase kaya neraka. Kamangka wektu iku ana pagelaran ning alun-alun
kuta. Nanging panase srengenge nggawe uwong-uwong males metu saka omah, panitia sing
wis nargetne ewonan uwong bakal ndelok pancen kecelek, “Juh syetan” jareke karo muring
muring.
Tapi awan iku, sakbare srengenge puas nggarapi manungsa, para rina ora tega banjur
kekancan petir lan guntur alon-alon nutupi kuta metropolitan sing busuk iku. Angin panas cepet
cepet digenti karo adem sing suwi-suwi nusuk ning njero raga. Ora suwe, udan banjur turun
menyang jagad dikancani swara bahagia lan pisuhan manungsa kang ora tau krasa puas. Banyu
udan betul betul mbusak jejek sikile srengenge awang maeng.
“Sampurna” jareku karo natap langit lawu lan nerusne laku sikil. Rokokku sing ket
maeng mati amarga udan isih panggah keselip ning lambe. Agawe siji alesan, aku wegah
ninggalne rokok terakhir sedurunge kabeh bar. Ing jangkahku sing tanpa arah, panyawange
uwong-uwong beda kayata cah cilik siji iki, dheke nahan biyunge mung gara-gara arep nakoni
aku karo mripate sing ketara bingung.
“Mas, punapa kok mboten agem payung?” jareke karo nyekel jeans saka ibukku seng
teles kebes
Aku ra njawab dee, aku yo ora peduli haturan maaf ibuke. Aku banjur mlaku, pisan-
pisan dikancani petir kang madhangi dalanku sing remeng-remeng. Tujuwanku wis jelas,
Jembatan Kenangan. Uwong-uwong njenengi ngono amerga akeh uwong sing ndadekne nggon
kui dadi kenangan terakhir dheke. Yo, niatku dadi salah sawijine wong-wong iku.
Saktekane aku ning kono, aku mandhek. Aku rodo kaget, ana uwong kang ndhisiki aku.
Wong wadon klamben ireng kang lagi ndelok langit wengi ning pinggir tengah jembatan.
Amarga bingung, aku banjur mlaku menyang tengah jembatan lan mandhek 2 meter saka dee.
Nanging, aneh. Dee blas ora ngerti tekaku. Wong wadon sing tak kiro-kiro sak umuran karo
aku iki isih ngratapi langit karo tatapan mripat sing ora iso dijelasne. Sakjane aku ora seneng
ngurusi wong liyo, nanging utekku wis dibeki akeh pertanyaan. Apa sing dilakokne wong
wedok ning nggon sing cocok gawe kendhat iki? Aku nyawang lambene sing kadang komat-
kamit. Ora jelas opo sing dikandhakake.
Opo mungkin pesen terakhire bener-bener penting? Emang opo masalahe? Tresna? Ora
mungkin, rupane sing ayu bakal nggawe kabeh wong lanang ninggalne tresno bojone. Dhuwit?
Opo meneh iku, jam tangan bermerk ning tangane mesti larang. Tresno wong tua? Yo mung
kui bedhekan sing cocok. Karo bondho sing nemplek ning ragane, mesti wong tuane repot njogo
karir sing wis ditanem saka mbiyen. Yo, paling ora kui maceme wong tua sing putrane kendat
minggu kepungkur.
Ora pengen suwi-suwi bedhek, aku banjur ngejak omong dee.
“He!” jarekku rodhok banter, dee banjur noleh lan mlaku nyedheki aku
“Opo?” aku ndelok wong wadon sing ngadhek pas ning sampingku, ing atiku ana rasa
syukur sitik. Paling ora gusti gelem ngirim widodari sedurunge njungkelne aku ning neraka.
“Kowe nyapo ning kene?”
Wong wedok iku mandek sedilut, ketorone njajal nggolek jawaban seng cocok, dee banjur
nggoyang-goyangne sirahe.
“Podo karo tujuanmu teko rene,”
“Maksudmu opo?” aku nggaya ora weruh, ujug-ujung dee ngelipat payunge lan
nguncalne banter payung iku ning jurang ngisor jembatan. Bar kui dee ndelok ning aku karo
tatapan lega amarga iso njelasne maksude dee tanpa ukara. Podo karo sing tak bedhek, dee
temenan arep mati ning kene. Mesakne, lek aku ora due utang sing nggunung saka wong tua
goblok-ku sak penyakit-penyakite, aku bakal nggowo ngaleh wong wadon iki nggae ndelok
indahe donya sak isine, siji-sijine hal sing raiso tak jelasne ning uripku dewe.
“Iyo, aku ngerti,” bar kui banjur sepi maneh, balek ning pikirane dewe-dewe
“Nyapo?” dee akhire ngomong maneh. Nanging, aku. Aku ndue akeh jawaban, yo ora
enek salahe cerito ning uwong sing bakale yo mati bareng. Cerito saka lambeku mili koyo
banyu, ngoyak kabeh lapis masalah sing tak anggap ora adil lan kebak karo rasa lara.
“Dadi mung goro-goro utang lan penyakit sing di diagnosis ora iso dimari-ne?
Mung? Opo maksude dee ngomong “mung”? pegelku ning njero ati. Tapi aku males mumet
ngadu lambe karo uwong sing paling ora alesane mati podo karo aku.
“Lek kowe?” aku takon kao nada sinis, banjur dee mbales nakoni aku
“Kowe tau kasmaran?”
“Oalah, dadi mung gara-gara tresna. Lah, lek kowe mateni ragamu mung goro-goro
masalah ati, koyoke enek sing salah karo utekmu.” Aku mbales omongan “mung” e dee maeng.
Koyo ora masalah karo omonganku, dee banjur takon maneh.
“Jawaben, kowe tau kasmaran ora?”
“Iyo tau lah, masio uripku peteng ngene, tresno tau teko ning atiku sing busuk amarga
sengsara iki.”
Dee mesem. Pisan iki aku ndelok eseme, manis banget. Tapi manis iki bakal ilang dilut maneh.
“Rasane pie?” dee takon
Aku mandek, pertanyaane dee nggawe aku kelingan pengalaman mbiyen, endahe tresno marang
wong liyo. Throwback nyang dee sing tau nempati ati iki.
“Yo gawe kangen bendino, kepikiran wonge terus.” Jareku
“Kangen iku sing kroso ning atiku saiki”
“Maksude?”
“Aku kapang marang gusti, aku kepengin ketemu.” Jaren dee nggawe aku watuk kaget.
“Sek, opo maksudmu?” aku bingung karo jawabane dee.
“Yo rungokna ya, ning donya iki, ana akeh agama, agama iku nduwe gustine dhewe-
dhewe. Lan keyakinan marang gusti iku beda-beda ben agama.”
“Terus opo hubungane karo kowe sing pengen mati?” takonku
“Yo kui alesane,”
“Aku ora paham,”
“Aku lair saka keluwarga sing percaya marang agama- agama, saking akehe dulur-
dulurku omong lek dee atheis amarga dee ra percoyo marang gusti, kelangan kepercayaane
marang agama, amarga kui aku wani mati kanggo mbuktikne gusti ndi sing paling bener, ben
eruh kebenarane kui, aku kroso kapang pethukan marang gustiku.
Edan, wong wadon iki edan.
“Kowe mung pengen mati goro-goro iki?” takonku
“Opo enek dalan liyane? Mung mati siji-sijine dalan sing bener. “
“Kapan kowe mutusne pengen mati ben ketemu gustimu?”
“Wingi,” polos nadane, aku percoyo wong wadon sing ayu iki wis edan.
“Kowe bener-bener pengen mati? Jajal pikirno dhisik, toh lek kowe eruh gusti ndi sing
paling bener, gustimu bakal ngelebokne kowe ning njero neraka amarga kendhat kui doso,”
omongku, njajal ngomong bijak menehi nasehat.
“Lek ngono, aku percoyo koe karo aku bakal mlebu neraka bareng” jarene dee karo
mesem, wong arep kendhat kok nasehati wong liyo sing arep kendhat. Kui mesthi sing dipikirne
dee.
“Yo tapi luwih apik maneh lek kowe ora kendhat, aku percoyo agamaku bener lek
kendhat iku doso.” Aku panggah mekso dee ben ora kendhat.
“Wes tak omongi kan, aku percoyo gustiku tapi aku ora percoyo agama? Kui alesane
aku arep mbuktikne’ dee ngelokne aku. Skakmat, aku wes ra ngerti arep ngomong opo maneh.
“Yowes, timbang kakean omong ora enek entek e, luwih apik ngko wae sak bare nyawa
adewe dijukuk batu cadas ning kono. Aku wis ora sabar mlaku-mlaku ning alam barzah.”
Aku percoyo setan wae merinding karo ukorone dee, nanging dee bener. Iso-iso malaikat izrail
ngaleh amarga waleh ngenteni aku.
“Ayo.” ujug-ujug dee nyekel tanganku.
“Lek cekelan tangan koyo ngene, adewe bakal dikiro kendhat amarga ora direstui wong
tuwa,” jarene dee ngguyu
Aku melu ngguyu, rasa wediku sing awale nggawe mual maleh ilang.
“Ana pesen terakhir?” takone dee
Aku nggeleng.
“Ayo” aku mbisik.
Karo nutup mripat, adewe bareng lompat ning jurang, sirah dhisik. Aku ngerasakne angin soyo
kenceng, gravitasi soyo narik aku karo dee menyang jeru jurang, detik iku aku pengen mbuka
mripatku nggae terakhir kali ndelok rai widodari ning sampingku. Dee mesem.
“BRAKKK!” ndasku ancur.

Anda mungkin juga menyukai