Anda di halaman 1dari 2

JUBAH PUTIH

Maritza : “Assalamualaikum, mas rafli sida dioperasi mengko bengi jam 9 mas.
Tak suwun pandongane panjenengan lan mbak novita.”

Yudha : “Iya dhik, tak dongake operasine berhasil lan enggal dhangan.”

Maritza : “Mbak novita menyang ngendi ta mas? Nakokake ipene.”

Yudha : “Lha kae lagi nyepakake terpal plastic kanggo nguras tambak
mene.”

Novita : “Telpon saka sapa to pak?”

Yudha : “Saka maritza, bojone rafli, jare rafli operasi engkobengi jam 9.”

Novita : “Arep operasi kok bola bali mudur, win genah penyakite kanker ing jero
ati, jane piye to karepe dokter-dokter iku, sedih aku ngrasake. (Nganti
tekan tambak ing Gresik novita katonbunek praupane)

Yudha : “Ana apa sampeyan buk? Kok kudu nesu wae ora kaya adate.”

Novita : “Gak apa-apa pak, aku iki sakna karo rafli, penyakite ora waras-waras,
nek waras sering dolan mrene ndeleng iwak ing tambak. (kasile
tambake yudha lan novita akeh banget, panen iwak, di dol marang
tengkulak, sisane dibagi marang tangga separo lan dimasak dhewe)”

Yudha : “ Buk aku mengko gorengno iwak tombro sing gedhe dhewe olehe
aku nyekel mau.”

Novita : “Wis tak gorengne ndang didhahar, iki karo sambele.”

Yudha : “Kanthi lahap, “UK” howak howek tangane nyekel gulune, buk erine
iwak nyantol tenggorokanku.”

Novita : “Oalah pak… pak kelelegen eri iwak kok nganti nggupuhake wong sak
omah.”
Yudha : “Aku tak turu dhisik yo buk, guluku isih loro mergo eri iwak, wis tak
ombeni banyu akeh isih pancet loro. (olehe turu wiwit jam rolas awan
nganthi wolu bengi)

Novita : “Pak ora tangi wis dalu iki?”

Yudha : “Tangi turu ambek kurek-kurek mripat cerita bojong buk aku ngipi
diparani wong tuwa nganggo “jubah putih” udhenge putih.. rumangsa
ku eri iwak sing nyahthol ing tenggorokanku dioperasi wong kui.”

Novita : “Mulane pak nek dhahar ora usah kesusu, sing ati-ati.”

Yudha : “Lho buk tenan eri iwak sing nyanthol ing tenggorokanku wis ilang, ora
loro maneh, guluku kaya mari dioperasi ghoib karo wong jubah putih
mau.”

Rafli : “Aku tak telpon marang mbak novita, mbak aku rafli.”

Novita : “Iki rafli tenan ta? Tangane novita gemeteran nampa telpon, kaya ora
percaya yen iku mau adhine rafli.”

Rafli : “Iya mbak novita, aku adhimu rafli ora sido operasi.”

Maritza : “Nyaut telpone rafli, iya mbak. Mas rafi ora sido operasi, ing ruang
operasi mau mas rafli keturon, banjur kaya-kaya diparani wong
nganggo jubah sarwa putih lan udhenge yo putih, jenggot putih
dumadakan penyakite ilang dhewe/waras dhewe, padahal dokter
durung ngoperasi doktere ya gumun kok bisa waras dhewe.”

Rafli : “Nyaut telpone, aku waras tenan, dokter ora sido ngoperas, doktere ya
gumun kok isa.”

Novita : “Ora entek-entek rasa gumunku saben mikir anane wong jubah putih
sing nulung bojone lan adhine.”

Maritza : “Sing penting saiki mbak, ayo padha ngucap syukur marang gusti Allah
swt, mas rafli lan mas yudha padha waras

Anda mungkin juga menyukai