Sesorah Basa Jawa Jer Basuki Mawa Beya
Sesorah Basa Jawa Jer Basuki Mawa Beya
NIM : 23010170077
Kelas : PAI L
No. : 19
Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna
muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.
“Jer Basuki Mawa Beya”. Jer (mesthine), basuki (aman utawa sejahtera),
mawa (mbutuhake utawa migunakake), beya (biaya utawa pangorbanan).
Tegesipun yaiku kanggo mujudake idham-idhamane, manungsa perlu ngetokake
ongkos utawa pangorbanan sing samurwat. Sing dikarepake ongkos utawa
pangorbanan ora mung awujud bandha donya, nanging uga sing magepokan karo
patrap lan batin. Kayata, nyambut gawe tumemen, jujur, sabar, lan sapanunggalane.
Tegese ora ana gegayuhan bakal kaleksanan yen mung dilakoni kanthi ongkang-
ongkang.
Sing baku unen-unen iki aja diplesetake, jalaran nggegegi paribasan iki.
Tegese, mbenerake sadhengah cara utawa rekadaya kang salah sajroning mujudake
gegayuhan. Contone kepengin enggal sugih banjur wani kendel korupsi, nyogok
mrana-mrene amrih lancar dalane.
1
Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging
pangapunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.