Anda di halaman 1dari 3

Pepanggihan I Kelas X saha XI

Pawartos Basa Jawi

Kompetensi Dasar : Menyusun tanggapan dari siaran berita berbahasa Jawa


Indikator : siswa saged mangertosi wosipun pawartos
Wacanen Pawartos ing ngisor iki!
Naskah 1

Dinten Kamardikan Republik Indonesia dipun pengeti saben tanggal 17 Agustus.


Nanging ing kalodhangan punika, Dhusun Gading 1, ngadani Gebyar Kamardikan RI ing
wulan Juli 2012, jalaran wulan Agustus sesarengan kaliyan wanci siyam. Warga Gading
Satu, Playen, Gunungkidul tumut kridha jalan sehat salebetipun ngregengaken Gebyar
Kamardikan RI kaping 67taun. Kridha kasebat dipun adani ing wulan Juli, awit wulan
Agustus wekdalipun sesarengan kaliyan wanci siyam. Ing Bale Dhusun Gading 1, ibu-ibu
dasa wisma Gading 1 ngadani bazar jajanan rakyat. Boten namung jajanan damelanipun ibu-
ibu dasa wisma kemawon, nanging kapustakan desa tembayatan kaliyan kapustakan dhaerah
ugi bikak stand kangge nggrengsengaken greget maos masyarakat. (www.jogjatv.tv)

Golekana 5W + 1H saka pawartos basa Jawi ing dhuwur!

…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………

Naskah 2

Pameran dhuwung neksani mapan ing plataran joglo griya dhahar Suwarti Babar Sari
Sleman ing dhinten Jemuah sonten kepengker. Kagiatan menika ugi dados sarana nepangaken
lan suka sesuluh dhumateng warga masyarakat ngengingi dina dipun dhuwung dados simbol
lan budaya adi luhung Indonesia. Atusan pandhemen dhuwung sareng sareng lebet lan jawi
Ngayogyakarta sarta ngadani lan mrisani pameran dhuwung kadasto mendak pondok lan
warangka ingkang dipun asilaken dening griya dhuwung Ngayogyakarta ugi dipun pameraken
ing kalodangan menika. Kanthi menika dipun ajab warga masyarakat pikantuk seserepan lan
pinanggih ingkang leres ngengingi manfaat lan ajinipun dhuwung ingkang adi luhung.

Golekana 5W + 1H saka pawartos basa Jawi ing dhuwur!

…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………
Nama : ……………………………………….

Kelas : ……………………………………..
Pepanggihan II Kelas XII SMA
MAOS SESORAH

Kompetensi Dasar : Memahami dan menanggapi sesorah dalam berbagai kegiatan


di masyarakat
A. Tata caraning (metode) sesorah saged katindakaken kanthi manéka warna,
ingantawisipun:
1. Kanthi maos naskah
2. Kanthi cara apalan
3. Kanthi cara Impromptu
4. Kanthi cara ekstemporan
B. Cengkoronganipun sesorah
Pambuka (salam pambuka, atur pakurmatan, puji syukur, atur panuwun), Surasa
(wosing Pawartos), Panutup (atur pangapunten, salam panutup)
Kawaosa tuladha sesorah wonten ing ngandhap menika kanthi pratitis!
Teks Sesorah Katrangan
SESORAH ACARA BAZAR
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb. ……………………
Nuwun
Bapak Kepala Dhusun Piyungan ingkang kinurmatan.
Bapak Ibu sesepuh lan pinisepuh ingkang pantes sinudarsana
Para warga karang taruba ingkang sutresna

Raos syukur sumangga kita aturaken dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Dene
kulapanjenengan sedaya saged kempal ing acara menika. Kula minangka ketua panitia
acara bazar menika, ngaturaken gunging panuwun dhumateng para warga ingkang sampun
kersa rawuh ing acara menika. Dhumateng para kanca saha para warga ingkang sampun
paring pambiyantu awujud menapa kemawon, satemah acara bazar menika saged
dkalampahan, mugi-mugi kasaenan panjenengan pikantuk piwales saking Gusti ingkang
Maha Mirah. Ing pangajab mugi-mugi bazar menika saged lumampah kanthi sae, trep
kaliyan gegadhangan kita sedaya. Pramila para rawuh sedaya kersaa paring pambiyantu
kanthi mundhut barang ingkang kacawisaken, kanthi mekaten asiling bazar kaginakaken
kangge pembangunan dhusun mriki.

Sasampunipun acara bazar dipunbikak dening Bapak Kepala DHusun, sumangga barang-
barang ingkang kagelar dipunpriksani, menawi wonten ingkang cocog lajeng dipunpundhut,
suku yen kaborong sedaya.

Ing wasana, boten kesupen sedaya panitia nyuwun pangapunten, menawi anggenipun
ngawontenaken bazar, kathah kekiranganipun utawi kirang nuju prana penggalih
panjenengan sedaya. Kula pribadi menawi wonten kalepatan atur saha tindak-tanduk
ingkang kirang mranani nywuwun pangapunten.

Nuwun
Wasalamu’alikum wr. Wb

Wangsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi leres!


1. Sinten kemawon ingkang rawuh wonten ing Bazar?
2. Sinten ingkang ngaturaken sesorah ing nginggil?
3. Menapa pangajabipun dipunwontenaken Bazar?
4. Menaoa wujud pambiyantunipun para warga kangge nyengkuyung acara Bazar?
5. Kenging menapa sadaya panitia ngaturaken pangapunten?

Anda mungkin juga menyukai