Anda di halaman 1dari 2

Assalamualikum Wr.Wr.

ingkang kawulo hormati poro alim soho poro ulama’ ingkang kito to’ati fatwanipun

ingkang kawulo hormati poro pini sepuh soho aji sepuh

ingkang kawulo hormati poro bapa-bapak, ibu-ibu, mas mas mbak mbak soho adik
adik keluargi bani karsodirun ingkang kulo sayangi lan bamgga bangga aken.

monggo kito panjataken raos pujo dalah puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT
ingkang sampun maringi kito pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun
dumateng kito sedoyo sehinggo wonten dalu puniko kito saget makempal ing mriki
wonten daleme Bapak Sabar Bekonang kanti mboten wonten halangan setunggal
punopo.

sholawat dalah salam mugi-migi kunjuk dumateng nabi muhammad SAW. engkang
mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito
raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten yaumil
Qiyamah Amin.

wonten mriki kuwulo minegkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acoro
wonten dalu puniko

1. pembukaan

2.wosan ayat-ayat suci alqur’an

3. Kalimat thoyibah

4. sambutan

5. Halal bihalal

6. do’a

1. acoro engkang sepindah enggeh puniko pembukaan, monggo acoro wonten dalu
puniko kito bikak kanthi wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah
2. kito lajengaken acoro engkang kping kaleh enggeh puniko wosan-ayat-ayat suci
al-Qur’an dumateng panjenenganipun bapak fathhurrohman kulo
sumanggaaken……………………. meniko kolo wau wosan ayat-ayat suci al-Qur’an
mugi-mugi saget nambah lancaripun acoro wonten dalu puniko.
3. acoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan, dumateng
panjenenganipun bapak meseri kulo sumanggaaken………………………..mekaten
kolo wau sambutan saking bapak meseri.
4. dilajengaken acoro engkang kaping sekawan enggeh puniko do’a dumateng
bapak KH. Sunarto kulo sumanggaaken.
5. acoro engkang terakhir inggih puniko penutup, monggo acoro ing dalu
puniko kito tutup kanthi waosan hamdalah….. mekaten saking kawulo menawi
wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo
kulo nyuwun agungin pangapunten. wakhiron

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai