Anda di halaman 1dari 2

MC Pengajian Isra’ Mikraj

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Alhamdulillah - alhamdulillah hirobbil ‘alamin, washolatu ’ala ‘asrofil ‘ambya’i
warmusalin wa’ala ‘alihi wa’as habihi ‘ajma’in, asyhadu’ala illa ha ilallah wa’asyhadu anna
muhammadar rosulullah.

Dumateng ngarsanipun pinisepuh, sesepuh ingkang tansah kinobekten, dumateng poro


rawuh, kakung sumawono putri ingkang dipun rahmati dening Allah SWT. Langkung rumiyin,
wonten kalenggahan ingkang insya Allah katah berkah puniko, monggo kawulo dherek’aken,
ngunjuk’aken raos syukur dumateng ngarso dalemipun gusti Allah SWT, kanti waosan
alhamdulillahirobbil’alamin, dene punopo ngantos saat puniko, kawulo lan panjenengan sami
tasih pinaringan mapinten – pinten nikmat, rahmat, taufiq, hidayah, soho inayahipun, sahinggo
katitik wonten ing dalu puniko, wanci puniko, kawulo lan panjenengan sedoyo saged makempal
wonten ing papan puniko saperlu angrawuhi pengetan Tahun baru islam 1441 H kanthi wilujeng
tanpo wonten kekurangan setunggal punopo kemawon. Sholawat sarto salam mugi tansah katur
kunjuk dumateng ngarsanipun kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo – tenggo
syafa’atipun benjang wonten ing yaumul akhir mangkih. Amin.

Saklajengipun, minongko pranoto adicoro, kirang prayogi menawi kawulo ngathahaken


atur. Pramilo, keparengo kawulo ngaturaken reroncening adicoro ingkang sampun dipun
rinancang.

 Adicoro ingkang pambajeng inggih puniko pambuko


 Adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko tilawah
 Adicoro ingkang ongko tigo inggih puniko waosan Asmaul Husna
 Adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko sambutan
 Adicoro ingkang ongko gangsal inggih puniko Istirahat
 Adicoro ingkang ongko enem inggih puniko Inti pengajian
 Adicoro ingkang pungkasan inggih puniko panutup

Poro rawuh ingkang kinurmatan, sumonggo adicoro wonten ing dalu puniko kito wiwiti
sesarengan kanti maos surat Al Fatihah, (Liridhalillahita’ala wasyafa’ati rosulillah salallahu
‘alaihiwassalam Alfatihah) ………………………………………………………………………..

Mugi – mugi kanti waosan surat Al-fatihah kolo wau, kulo lan panjenengan sami dipun
pinaringan kelancaran kagem nambah ilmu wonten ing pengajian dalu puniko.

Adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko Tilawah utawi waosan ayat-ayat suci Al-
Qur’an ingkang dipun aturaken dening sedherek adik Rana ariffatul rafiqah …. Dumateng
sedherek adik …. Wekdal soho wasono kulo sumanggak’aken. Mugi – mugi kanti waosan ayat-
ayat suci Al-Qur’an kolo wau, kulo sarto panjenengan sami sageto buka ati lan pikiran supados
kedah eling dumateng gusti Allah SWT.
Saklajengipun adicoro ingkang kaping tigo inggih meniko waosan Asmaul Husna ingkang
dipun aturaken dening sedherek adik-adik dukuh bulakan. Dumateng sedherek adik-adik Wekdal
soho wasono kulo sumanggak’aken.

Lumebet adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko Sambutan, Dumateng


bopo…..Wekdal soho wasono kulo sumangga’aken.

Adicoro ingkang saklajengipun inggih meniko istirahat, dumateng poro kaneman karang
taruna hisbul waton ingkang ajeng maringaken unjuk’an lan sanes – sanesipun wekdal soho
wasono kulo sumangga’aken

Poro rawuh ingkang kinurmatan, adicoro ingkang kaping enem inggih puniko inti
pengajian. Ingkang wonten ing kalenggahan puniko badhe dipun wedharaken dening
panjenenganipun bopo haji … / Ustadz …. Dumateng bopo haji … / Ustadz …wekdal soho
wasono kulo sumanggak’aken.

Maturnuwun dumateng bopo haji …. / Ustadz …. , mugi – mugi kanti waosan pengjian puniko
saget’o nambah iman lan taqwa kulo sarto panjenengan sami dumateng gusti Allah SWT. Amin.

Saklajengipun adicoro ingkang pungkasan inggih meniko panutup, mekaten lelampahing


adicoro-adicoro pengajian ing dalu puniko, sedoyo kekirangan kawulo nderekaken adicoro
wonten ing dalu puniko, pinanggih lepat kanti andap asoring manah, kulo nyuwun agunging
samudro pangaksami. Monggo adicoro ing dalu puniko kito tutup kanti waosan hamdalah sareng-
sareng. Alhamdulillahirobbil’alamin. Cekap semanten wahitofiq walidayah Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai