Anda di halaman 1dari 2

DHITOSHOMEFREETALK PAGEABOUT

SEJARAH WAYANG
18092006

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia,
kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman
kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya
wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan
asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan
animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.

Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun
petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan
kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake
gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun
bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa
ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan
kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran
wayang.

Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa
Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng
suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya
bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia.

Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing
sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo bangsa
Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat crita
Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure
ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian
wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu
cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia.

Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab Sastra
Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja
Jayabaya soko Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane
roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh
sing ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar.
Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne
kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih
dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu.

Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude
karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse
dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur
diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah. Bebarengan karo
kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-
upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.

Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi
tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane,
terus digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane
dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit
ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko
lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng
keindahane pagelaran kesenian wayang beber.

Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit
ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang
kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono
kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”,
kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga
kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude
wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya
gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan
dadi arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.
Sumangga dipun tambahi lan nuwun sewu menawi wonten luput klerunipun.Nuwun

+dhitos+

Dicuplik lan dirangkum saking sumber tulisanipun RA Sutini BA


Advertisements
REPORT THIS AD

Anda mungkin juga menyukai