Anda di halaman 1dari 1

Atur Wacana ing pahargyan Paska

Ingkang kinasih Bapa Pdt. Widyatmo Ph, S.Th.


Ingkang kinasih Bapa Pdt. Christian Subagyo, S.M., Th.
Ingkang kinasih Bapa Pdt. Sediyoko, M.Si.
Ingkang kinasih Bapa/Ibu Majelis
Saha para kinasih warga pasamuwan GKJ Semarang Barat lan para tamu ingkang rawuh ing
pahargyan Paska sonten menika.
Syaloom, Mugi sihing Pangeran kaparingaken dhateng kita sedaya.

Puji dan urmat kita unjukaken konjuk dhateng Gusti Yesus Kristus ingkang Minulya.
Awit saking kanugrahanipun, kita kaparingan wekdal ing sonten menika, sami saged kempal
sesarengan ing pahargyan Paska 2017.
Pahargyan Paska 2017 GKJ Semarang Barat menika kanthi tema ingkang katetepaken dening
Sinode inggih menika "Katangèkaken Sesarengan Kristus" (Dibangkitkan Bersama Kristus).
Pahargyan pengetan Paska menika kapantha miturit kegiatan maos Paska, ingkang kawiwitan
kanthi kagiyatan
1. Ibadah Rebo Awu (Rabu Abu)
2. Aksi Puasa
3. Ibadah Kemis Pethak (Kamis Putih)
4. Bujana Suci Jumat Adi
5. Ibadah Setu Sonya (Sabtu Sunyi)
6. Ibadah Paska lan ngempalaken pisungsung Aksi Puasa
7. Sarta ing tanggal 30 April 2017 kawontenaken aksi sosial/diakonia kanthi mbagi 200
paket sembako kangge sedherek ingkang mbetahaken.
Bapak, Ibu, lan para sedherek kinasih, mangga kita sesarengan saos sokur konjuk dhateng Gusti
lan sami sukarena awit saking wungunipun sang Kristus saking seda, ingkang dados spirit
tumrap para putraning Allah.
Kula minangka Ketua Panitia Paskah 2017 GKJ Semarang Barat, ngaturaken gunging panuwun
awit saking panyengkuyung Bapak Pendhita, Ketua Majelis Wilayah, sedaya anggota Majelis
GKJ Semarang Barat, sedaya anggota panitia, para petugas lan para pengisi acara, sarta sedaya
warga pasamuwan GKJ Semarang Barat, awit saking panyengkuyung Panjenengan sedaya kita
saged mahargya Paska menika kanthi sae.
Makaten ingkang saged kula aturaken, mugi dados renaming Panjenengan sedaya. Lan, kula
nyuwun pangapunten, mbok bilih wonten kekirangan ing pahargyan menika lan wonten
kalepatan anggen kula matur.
Matur nuwun.

Anda mungkin juga menyukai