Anda di halaman 1dari 11

MAKALAH

Sejarah Bahasa Jawa

Mata Kuliah Bahasa Jawa

Dosen Pengampu : Drs. Sukardi, S.Pd., M.Pd.

Disusun Oleh :

1. Alvian Dwi Prasetyo 1401417273


2. Hastrika Cahyaning Tyas 1401417278
3. Dwi Wahyu Nugraeni 1401417279
4. Yuanida Oftafiani 1401417283
5. Nur ‘Izza Afkarina 1401417376
6. Eva Fauzi 1401417430

PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR


FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN
UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG
2020
Atur Prawacana
Ngaturaken sembah lan sujud syukur mugi katampi wonten ngarsaning Gusti
ingkang Moho Agung, amargi kanthi berkah lan pitulunganipun Gusti tugas makalah
kanthi irah-irahan Sejarah Bahasa Jawa punika saged purna kasusun.

Tugas punika kulo susun kanthi temen lan estu kagem netepi lan
njangkepitugas makalah piwulang waseso jawi lan wonten pinten-pinten pitulungan
saking rencang, kerabat lan pangucal sahinggo saget purna kanthi sae lan endah.

Sedanten seratan menika mboten estu lumrah hak leres, kagem nyempurna
aken klenta-klentu lan kiranginipun tulisan menika pramila panyaruwe saha panyendu
tansah kulo anti-anti saking sinte ke mawon ingkang maos. Mugi-mugi seratan
menika saget paring manfaat lan ngelmu ingkang manfaat kaegm sedanten ingkang
maos seratan menika, sugeng maos.

Semarang, 04 Maret 2020

Penyerat

i
BAB I
PENDAHULUAN

A. Latar Belakang
Wonten pepatah minangka basa menika wusana bangsa. Indonesia inggih
punika negara ingkang gemah ripah lohjinawe, sugeh sumber energi, ekonomi,
agama, budaya lan basa Jawa punika bagianipun sangking kepulauan NKRI
ingkang paling padet pendudukipun. Penduduk wonten ingg pulau jawa inngih
punika 136 juta, pulau jawa punika pulau ingkang pendudukipun paling katah
wonten ing Indonesia.
Zaman rumiyen, jawa punika pusat kerajaan Hindu-Buddha, kesultanan Islam,
pemerintahan kolonial Hindia-Belanda, saha pusat pergerakan kemerdekaan
Indonesia. Pulau Jawa gadahi dampak ingkang ageng dumateng keuripan sosial.
Politik, lan ekonomi Indonesia.
Basa Jawa inggih punika bahasa ibu sangking 100 juta penduduk Indonesia,
saha katah ingkang migunaake basa Jawa punika tinggal wonten ing pulau Jawa.
Nanging ing jaman saniki penduduk jawa ugi sampun mulai luntur anggone
migunakake basa jawa merga perkembangan jaman ingkang pesat.
B. Rumusan Masalah
1. Pripun Sejarah Basa Jawa?
2. Pripun Perkembangan sejarah Basa Jawa?
C. Ancas
1. Saged mangertos sejarah Basa Jawa
2. Saged mangertos perkembangan sejarah Basa Jawa

1
BAB II
PEMBAHASAN

A. Sejarah Bahasa Jawa


Asal muasal bahasa Jawa inggih menika saking bahasa austronesia.Bahasa
Austronesia inggih meniko bahasa ingkang digunaaken dening bangsa pribumi
ingkang wonten ing benua Asia.Dene perkembanganipun bahasa Austronesia
ingkang wonten ing negara Filiphina dados bahasa tagalok inggih menika bahasa
nasional filiphina.Bahasa Austronesia ing Indonesia mekar dados manika warna
bahasa wiwit bahasa Jawa, bahasa sunda, lan bahasa madura.Bahasa Jawa
sakmenika dereng dimangertosi ingkang paten sakderengipun datenge agama
Hindu.Ingkang perlu dimangertiosi bahasa Jawa ing jaman menika dereng gadah
aksara, lan bahasa Jawa ingkang wonten ing wekdal menika inggih bahasa Jawa
kuno utawi bahasa kawi.Kabukti dening wontene prasasti pallawa ingkang
migunaake bahasa sansekerta , sami kalian ingkang katulis wonten ing prasasti
Yupa ingkang wonten ing Kalimantan Timur.
Sanes kaliyan kang katulis wonten nginggil, katerangan liyan mitutur inggih
bahsa Jawa kuno ing wekdal menika gabung kaliyan tiyang hindu dados bahasa
campuran inggih menika bahasa Jawa lan bahasa sansekerta ingkang migunaake
aksara hindu.Kabukti dening wontene prasasti, anane rasasti ingkang ditemukaken
ing dieng wekdal 731 tahun saking 909 tahun.
Wonten ugi ing carios asal usul bahasa jawa menika kadados amargi wonten
tiyang kasatrian asmanipun Aji Saka.Aji Saka meenika tiyang ingkang prigel nulis
sajak ing sakmeniko kasebut aksara jawa ngantos sakniki.
Aksara Jawa, utawi ingkang dipun kenal Hanacaraka lan Caraka, inggih
punika salah setunggalipun aksara tradisional Nusantara ingkang digunaake kagem
nyerat bahasa Jawa saha bahasa daerah Indonesia sanesipun kayata bahasa Sunda
saha bahasa Sasa. Tulisan aksara jawa sami kaliyan aksara Bali.
Berdasar tradisi lisan, aksara Jawa dipun ciptaake dening Aji Saka, tokong
pendatang sangking India, sangking suku Shaka (scythia). Legenda

2
ngelambangake rawuhipun Dharma (ajaran lan peradaban Hindu-Budha) dateng
pulau Jawa. Sakmenika kata Saka tasek digunaake wonten istilah Bahasa Jawa,
saka atau soko, ingkang artinipun penting, pangkal, utawi asal-mula. Aji Saka
bermakna “raja asal- mula” utawi “raja kaping setunggal”.
Basa Jawi ingkang sepisan dipunginaaken dening masyarakat Indonesia
asmanipun basa Jawi purba. Basa Jawi purba dipunginaaken dening masyarakat
wonten salah sawijining kerajaan ing Indonesia inggih menika Kerajaan
Salakanegara antawis tahun 3 Masehi. Sejatosipun basa Jawi purba inggih menika
basa ingkang tasih setunggal serumpun kaliyan basa Melayu purba kang kalebet
wonten basa Austronesia. Ananging basa Jawi purba menika angel dipunpadosi
bukti otentik utawi bukti ingkang awujud tulisan. Sahingga basa Jawi purba
menika angel dipunpadosi sejarahipun.
Sabanjure basa Jawi purba katingal basa Jawi ingkang asmanipun basa Jawi
kuno utawi basa kawi. Miturut Slamet Mulyana (1992 ; 19) tulisan wonten basa
kawi angsal interverensi kaliyan tulisan basa Sanskerta. Basa Kawi mulai
ngrembaka salah sawijining amargi bangsa India mlebet wonten wilayah
Indonesia, banjur masyarakat pribumi kaliyan masyarakat imigran (India)
ngadopsi tradisi tulisan ingkang dipunrembakaaken turun-temurun.
Basa Kawi sebagian besar angsal pengaruh kaliyan pemerintahan Hindu,
antawis zaman Dinasti Syailendra ngantos Dinasti Sanjaya ingkang miturut
nguasai Indonesia wiwit kekuasaanipun Rakai Mataram 732-760 Masehi ngantos
Rakai Watuhumalang. Saderengipun dipundamel wonten awujud teks, basa Kawi
sampun dipunginaaken wonten tulisan ing werna-werniipun prasasti, antawisipun
Prasasti Canggal (732 Masehi), Prasasti Kalasan (778 Masehi), Prasasti Karang
Tengah (804 Masehi), Prasasti Gandasuli (832 Masehi), Prasasti Ratubaka (856
Masehi), Prasasti Argapura lan Prasasti Salingsingan (876 Masehi).
Basa Jawi ngrembaka kanthi pesat wonten masa pemerintahan Kerajaan
Mataram. Perkawis menika dipunsebabaken amargi wonten urusan politik
Kerajaan Mataram migunaaken basa Jawi minangka alat damel nggayuh ancas-
ancas politik. Wonten kerajaan Mataram ugi dipunrembaka sastra babad. Sastra

3
babad menika dipunginaaken damel ancas-ancas legitimasi. Supomo Surjohudojo
jlantrahake menawi sastra babad dipunserat damel ngagungaken kadudukanipun
Raja ingkang manguasa. Sanes iku kahanan ngrembakane babad ingkang wonten
ing masyarakat, ugi ngrembaka unggah-ungguh basa.
Miturut Supomo Surjohudojo lan A.H Johns unggah-ungguh basa dados alat
politik. Wonten perkawis menika pujangga kraton anggadahi peran ingkang
penting minangka panyerat babad. Pujangga kraton mboten namung migunaaken
karya sastra ingkang dipunserat kemawon damel ngagungaken raja ingkang
nguasa, ananging para pujangga kraton uji nyerat babad damel pacelathon wonten
kegiatan padinan. Sahingga ketingal unggah-ungguh basa inggih menika basa
ngoko lan basa krama.
Babad ingkang ngrembaka wonten Kerajaan Mataram menika dipunandahi
wonten panguasanipun Sultan Agung antawis abad 17 Masehi. Unggah-ungguhing
basa minangka alat damel ngawontenaken jarak sosial.
Nanging wonten sisih sanes, unggah-ungguh basa ugi minangka produk
saking panguripan sosial. Perkawis menika saged dipunjlantrahaken menawi
struktur masyarakat minangka faktor panggawene saking struktur basa. Utawi ugi
saget dipunsebat struktur basa minangka pantulan saking struktur masyarakat.
Struktur basa ingkang ngemot unggah-ungguhing basa minangka pantulan saking
struktur masyarakat ingkang mangertosi undak-undakan sosial utawi stratifikasi
sosial.
Kula mboten saged unggah-ungguhing basa, kagem ngendikan kalih tiyang
sanes. Sejatine unggah-ungguh basa mung dibedakake dadi basa ngoko lan basa
krama. Basa krama dipunginaaken damel srawung kaliyan kanca sapantaran, utawi
tiyang sepuh ingkang ngendika kaliyan tiyang ingkang langkung enom. Basa
krama biasane dipunginaaken damel ngendika dening tiyang enom dating tiyang
ingkang sepuh, utawi tiyang ingkang dipunanggep langkung sepuh, utawi tiyang
ingkang anggadahi jabatan langkung inggil. Basa krama asring dipunginaaken
wonten daerah keraton. Amargi masyarakat wonten daerah keraton njaga sanget

4
budaya lan unggah-ungguhing basa. Dados basa krama asring dipunginaaken
wonten masyarakat sekitar keraton kagem ngendikan padinane.
Sultan Agung inggih menika pemimpin ingkang sukses ndadosaken basa lan
budaya minangka alat damel gayuk kejayaan politik. Sultan Agung ugi
ngrembakaake unsure-unsur budaya jawi sanes antawisipun tari jawa, gerebeg,
gamelan sekaten, pancipta tradisi kraton ingkang enggal, lan ngrembakane sastra
ugi basa. Sultan Agung kepincut sanget dating dunia sastra lan basa. Perkawis
menika dipunbuktiaken dening panyeratan Babad Tanah Jawi.
Sabanjuripun Sultan Agung sedo, basa Jawi terus ngrembaka. Ananging basa
Jawi mulai mbleret nalika penjajahan colonial Walanda tahun 1755. Amargi
Perjanjian Giyanti Kerajaan Mataram dipecah dados Kerajaan Surakarta lan
Kasunan Yogyakarta. Amargi kolonialisme Walanda, VOC manggon wonten
tlatah Jawi lan kuasaning raja-raja wonten tlatah Jawi sansaya ical. Ananging
kuasaning kabudayan Jawi sansaya kuat. Kawibawan dibangun wonten jalur
budaya.
Tuladhanipun inggih menika Sultan Pakubuwana X ingkang sansaya
ngrambakaake simbol-simbol lan mitos-mitos Jawi. Tuladhanipun Grebeg
Maulud, penyucian jimat kraton, lan wayang kulit. Wayang kulit dipundadosaken
seni ingkang “adi luhung” amargi saget mbangun pranata masyarakat Jawi kanthi
cariyos rakyat lan basa.
B. Perkembangan Bahasa Jawa
Ing abad XVI ing pangembangan kerajaan Islam ing Jawa wiwit katon, kayata
Demak lan Pajang, nanging Kraton niku ora suwe, banjur status ing abad XVII
ngowah dados kabupaten ing ngisor kuasanipun Mataram. Mulane Pajang lan
Demak ora akeh ninggalake akeh panganggo ing pangembangan budaya, ing
wangun sastra. Ora uga kita nemokake kabudayan kraton utawa babad, mulane iku
kita ora nemukake jaman kasusastraan Demak utawa Pajang , senadyan ana ing
jaman kasusastraan Islam. Nanging iku ora ateges kita bisa nyimpulaken yen ing
jaman Demak utawa Pajang ora ana kabudayan Kraton. Kabudayan Demak lan
Pajang pisanan majeng saka Mataram, amarga ing wektu iku Demak lan Pajang,

5
kahanan Mataram isih kawujud alas. Mung sawise diasta dening Ki Ageng
Pemanahaan, Mataram ngrembaka dadi negara. Mulane, ing pangembangan awal
Mataram, Demak dadi modelipun. Banjur ngembangake kabudayan padha karo
kapentingan politik Mataram. Dening jaman Demak lan Pajang kita ora ngerti
rong Kraton iki nggunakke sastra lan basa supaya entuk tujuan politik. Iki cukup
beda saka Mataram, ana Saperangan sarjana nunjukaken yen sastra babad wis
digunakake dening Mataram tujuane kanggo legitimasi. Contone Supomo
Surjohudojo, diterangno yen Satra babad ditulis kanggo mantesaken kadudukan
raja sing mrentah.
Ingkang menika, bab menarik kanggo dicatet yaiku, jaman pangembangan
sastra babad kang katepatan karo pangembangan unggah- ungguhing basa. Miturut
pangerten Berg , Supomo Surjohudojo lan A.H. Johns , dadi ketepakan yen
unggah-ungguhing basa dadi alat politik . Ing kasus iki mesthi gedhe perane saka
pujangga minangka penulis babad keraton . Minangka panulis , pujangga Kraton
ora mung nggunakke karya sastra sing ditulis kanggo ngluhurake para raja sing
mréntah ing basa umum digunakake kanggo umum ( amarga padha ora ngerti
tingkatan basa ) nanging uga bisa ngluhurake Raja nganggo basa sing khusus
kanggo kelas ndhuwur.
Dadi pujangga Kraton ing jaman Mataram nduweni tugas nulis babad, ora
mung nganggo tembung kurmat sing kagolong ing kelas ndhuwur, nanging
nggunakake basa sing khusus kanggo kelas ndhuwur.
Panganggone tembung Jawa kuna utawa manca, supaya kanggo ngluhurake
wibawa pujangga, mbantu perkembangan ngoko-krama uga, amarga tembung
Jawa Anyar kang digunakake saben dina lan kanggo kabeh wong dipandang
kanggo wong saka kelas ndhuwur. Akeh sarjana wis neliti lan nyimpilaken yen
pangembangan babad sawetara ing abad kaping pitulas, Sultan Agung minangka
panguwaos ing wektu iku ndadeaken babad berkembang. Raja Mataram wis kasil
nggawe basa lan budaya minangka kanggo alat tumuju kajayaan politik. Mulane
iku Sultan Agung ngembangake akeh unsur anyar ing kabudayan.

6
Sawise sedane Sultan Agung pangembangan basa Jawa terus berkembang ,
lan wiwit mbleret pangembangane sawise kolonial Walanda mecahaken Mataram
dadi loro ing taun 1755 , wiwit kasepakatan Gianti sing mecahaken Kerajaan
Mataram dadi Kerajaan Surakarta lan Kasultanan Yogyakarta .
Wiwit tentara saka Sultan Agung disabetake VOC ing Batavia taun 1629,
mboko sithik VOC utawa Kolonial Walanda nguasai Mataram , ditambah maneh
pambrontak sing nggulingake Mataram karo bantuan saka kolonial Walanda. Ing
jaman kolonial Walanda , paperangan relatif ora ana amarga para panguasa Jawa
wis ngakoni kadhaulatan Walanda lan Walanda njamin katerusan kadudukanipun.
Bisa diarani, kakuasaan politik saka raja-raja Jawa dadi ilang , nanging kekuasaan
budaya mereka sing malah luwih kuat . Ing ora anané kawibawan politik ,
kawibawan digawe liwat budaya . sakmenika , contone , ing dilakoke dening
Pakubuwono X ( Waca Kuntowijoyo , 2004 ) . Pakubuwono luwih berkembang
lan njaga simbul mitos , contone , bab grebeg Mulud ,nyuciaken jimat-jimat
Kraton sing kramat.
Antarane simbol lan mitos , mesthi punika wayang kulit. Wayang kulit
digawe seni " adhi luhung" saka iku pranata masyarakat Jawa sing dibangun ,
liwat crita lan basa . Wiwit jaman pra - kolonial , luwih saka alat komunikasi ,
basa Jawa wis dadi bagéan saka ritual kapercayaan,ka negaraan , lan kabudayaan .
Nanging ing jaman kolonialipun, basa Jawa isih dadi bagéan saka ritual-ritual sing
padha , malah sanadyan dening masyarakat ing Kauripan. Dadi peranan basa ing
jaman Kolonial Walanda mung dadi symbol-simbol kakuasaan raja, nalika
kakuasaan raja-raja dikunjara dening kolonial Walanda .

7
BAB III
PENUTUP

A. Dudutan
Saking uraian makalah punika kita saged pikantuk ilmu babagan sejarah basa
jawi lan perkembanganipun basa jawi ing Indonesia. Asal muasal bahasa Jawa
inggih menika saking bahasa austronesia.Bahasa Austronesia inggih meniko
bahasa ingkang digunaaken dening bangsa pribumi ingkang wonten ing benua
Asia.Bahasa Austronesia ing Indonesia mekar dados manika warna bahasa wiwit
bahasa Jawa, bahasa sunda, lan bahasa madura. Lan mugi mugi kanthi maca
makalah punika kita sedoyo saged jogo lan nglestarikakke basa jawi niki supoyo
mboten ilang kepangan jaman.
B. Saran
Jroning panyungunanipun makalah punika tartamtu taksih kathah
kekirangan. Mila saking menika panyaruwe lan saran ingkang nggugah saking
pamaos sanget dipunbeahaken. Supados ing tembe panyerat saged nyungsun
makalah langkung sae.

8
DAFTAR PUSTAKA

Ahmad Habib. 2016. Makalah Basa Jawa.

Heru Wiranto. 2013. Sejarah Perkembangan Bahasa Jawa dan Tantangannya di


Masa Kini (online : http://margawiratama.blogspot.co.id)

Kusuma.wardhana.com/artikel/sejarah-basa-jawa/2014

Kusuma.wardhana.com/artikel/sejarah-basa-jawa/2014

Prawiroatmodjo, S. 1957. Bausastra Jawa-Indonesia. Jakarta. Gunung Agung.

Anda mungkin juga menyukai