Anda di halaman 1dari 7

Pindhah Kontrakan

Awit Ngrumangsani kontrakane kurang nyaman lan cedhak banget karo sekolahan, Pak Joko
Lono kepingin pindhah golek kontrakan liya. Saka kartangan kanca gutu banjur diwenehi weruh kira-
kira karotengah kilometer karo sekolahan. Pikire Pak Joko Lono adoh sithik ora apa-apa awit bisa
numpak sepedha motor. Sing bauku papane kepenak lan rada jembar.

“ Hmmm.... sepurane Mas, Badhe madosi sinten inggih?” pitakone wanita tuwa sing umure
kira-kira umure seket lima tahun.

“ Badhe nyuwun pirsa, menapa dalem mriki badhe dipunontrakaken.”

“Ohhh... iya Mas, saking pundi?”

“Kula guru enggal ingkang mucal wonten SMU 1 mriku.”

Mangga Mas... menawi mekaten mlebet rumiyin.”

Pak Joko Lono banjur unjal ambegan. Perasaane isih bingung, kaya ngapa satemene omah
sing bakal dikontrak kuwi. Mripate lingak-linguk karo nyawang kahanan omah sing pancen resik lan
tumata kuwi.

“ Ngaten menika griya kula. Lha ing soisih iring kiwa menika wonten kamar nganggur ukuran
rolas meter persegi diperang kalih. Ingkang ngajeng ruwang tamu dene wingkingipun kagem sare.
Lha namung kamar mandinipun taksih dados setunggal.”

Pak Joko Lono mung bisa nyawang kamar kuwi saka jendjela kaca. Pancen lumayan cukup,
apamaneh ana kamar tamune.

Mbokmenawa pancen wis bejane Pak Joko Lono bisa ditampa manggon ing omah kuwi
nyritakake kaluwargane.

“ Mas Joko Lono, anaje ibu niku kalih. Sing siji sampun omah-omah ing semarang. Dene
ragilku saniki lagi kuliyah, eman bocahe rada mbeling. Daksuwun Nak Joko Lono bisa ngerti.”

“ Kuliyah wonten pundi Bu?”

“ Halahhhh... wonten ing kutha mediun mriki mawon. Lha badhe kuliyah dhateng njaban
kutha, kula mboten angsal. Mangke sing ngancani ibune ora ana.”

“Lha bapak....?”

“Hmmmm.... bapak arang-arang bali awit penggawean..” wangsulane Bu Darwati sajak


sedhih.

Weruh kahanan kaya mangkono, Pak Joko Lono ora mbacutake pitakonane.

“Menawi makaen mangke tiga menapa sekawan dinten kula pindhah mriki...”

“Iya Nak Joko, Seuporane ibu ora bisa nyuguh apa-apa iki mau. Hahhh... kok nganti lali ki
piye?”

“Mboten menapa-menapa. Kula inggih badhe nyuwun pamit.”


“Hahhh.... matuw nuwun Nak Joko, muga-muga bisa krasan dhateng mriki lan ngancani ibu
supaya ora nglangur ing omah dhewe/”

Nalika arep ngadeg saka kursi dumadakan ana sepedha motor teka lan mandheg ing iring
omah.

“Lha... tunggu rumiyin Nak Joko. Ragilku si Ronald lagi teka. Sapa ngerti saged jagongan
ingkang kepenak lan dakmdamelake unjukan...”

“Wadhuh repot sanget..”

“Mboten menapa-menapa.”

Ronald banjur mlebu omah lan nyalami tamune.

Bocah lanang kang gedhe dhuwur, pakulitane putih kuwi sajak grapyak semanak marang tamune.

“ Sugeng siyang Mas...”

“Iki Ron.... asmane Pak Joko Lono Guru SMU.

Niyate arep ngontrak kamar iring kuwi.” Ujarane Bu Darwati.

“Hahhh... kebeneran, Aku bakal ana kancane.”

Weruh sikape ronald kang sajak seneng gawe tambah mantebe PakJoko Lono anggone arep
manggon ing omah kuwi.

Sawetara Nu Darwati banjur menyang mburi niyat nggawekake minuman.

“Matur nuwun Mas, kersa manggon ing kene.

Awit selawase iki aku rumangsa sepi. Dadi mengko bisa guyon lan dolan bareng,” ujare Ronald sing
tanpa nganggo unggah-ungguhe basa, awit pengaruh saka kanca lan kiwa-tengene. Pak Joko Lono
dhewebisa. Nyadhari pamncen jamane saiki akeh bocah nom wis ora ngerti marang unggah-ungguhe
basa kang becik.

“ aku matur nuwun banget Mas, muga-muga manggonku ing kene ora gawe repotmu lan
kaluwarga.”

“ Ora kok Mas malah padha seneng. Mesakake ibu menawa aku ora ana ing omah dheweke
mung nonton tivi utawa ngurusi tetandurane. Lha pie, bapakku arang bali.”

Ronald katon sedhih karo unjal ambegan. Sajak ana wadi kang disimpen ing kaluwarga kuwi.
Nanging, Ronald tetep nutupi kahanan satemene kang ora kawetu.

“ Mas, wis suwe mulang ing SMU kuwi?” ujare Ronald nylimur rembugan.

“Lagi rongsasi.. mung guru honorer”

“Hmmmm.. seneng Mas, Para siswine kendel-kendel.”

Pak Joko Lono mung mesem, awit apa sing dikandhaake Ronald pancen ana benere.

“ Yah... kuwi tugas abot tumrape para guru. Kepiye bisa ndhidhik marang siswane supaya ora
kebacut klakuane.”

“Hahhh.... kejaba kendel uga ayu-ayu...” ujare Ronald karo mesem.


Lagi wae padha gayeng anggone jagongan Bu Darwati teka nggawa ronggelas wedang kopi
lan pisang goreng.

“ Mangga Mas Joko unjukanipun, namung kangge anget- anget kemawon”

“Ayo Mas, diombe...!” sumelane Ronald

“Hahhh Ron... menawa matur karo pak guru sing becik. Kok senengane nungkak krama...”

“Mboten menapa Bu, malah saged langkung raket.”

“Mas Joko ya ana-ana wae. Wis mangsa bodhoa kepenake kono. Saiki ibu daknerusake
panggawean pawon.”

“Inggih...!”

Sawise padha nyruput wedang kopi, ronald lan Pak Joko Lono mbacutake anggone jagongan.
Ndyan lagi wae kenal lan ketemu sajake kaya kanca lawas wae. Dhasare Ronald pinter crita sing
gawe senenge Pak Haryoko.

Dumadakan saka ngarep ana sepedha motor kang mlebu ing pakarangan omah.

“Lha kuwi bapak ngepasi rawuh...”

Pak Haryoko mung noleh nyawang saka jendhela kaca. Bareng bapakne Ronald nyopot
helme, pancen isih katon gagah uga pasuryane semringah.

“sugeng siyang Pak,” ucape Pak Haryoko nalika woong tuwa kuwi mlebu ing omah.

“Oh... inggih, sugeng siyang,” wangsulane karo mesem. Ogh.. inggih kula Pak Harto.. Niki
Mas Joko Lono ta, ibune wau telpon,” banjur lungguh.

“ Leres Pak, kula Joko Lono ingkang badhe ngontrak dalem mriki.”

“Hahhh... matur nuwun Mas, muga-muga wae mathuk lan krasan.”

“Inggih, kula sampun remen kok.”

“Ohhh... inggih kaleresan. Satemene ngene Mas, aku iki ora arep nyewaake omahku.
Nanging, dakpikir- pikir lha ibune kerep ing omah dhewe mung karo Ronald ragilu iki. Menawa
ronald dolan utawa kuliyah mesakake ibune. Karomaneh Ronald uga ben betah ing omah awit ana
kancane jagongan. Awit saka ikuanggepen omahe dhewe. Bapak ora bakal ngrembug pira gedhene
sewa lan kudu dibayar langsung. Sing baku Mas Joko Lono seneng lan mathuk. Perkara sewan wis
ora usah diangel-angel. Kang baku Mas Joko Lono bisa melu njaga omah iki lan ngancani ibune uga
Ronald.”

“Inggih pak, matur nuwun sanget.”

“Lha Ron.. saiki wis ana Mas Joko Lono. Aja kerep dolan maneh. Anggepen kaya kakangmu
dewe. Sinau marang pengalamane.”

“Ya Pak,” semaure ronald.

“saiki daktinggal ing mburi dhisik nemoni ibu.

Menawa mas Joko Lono kepingin usung-usung baang, Ronald diajak ngrencangi.”

Pak Harto banjur ninggalake papan kono niyat menyang mburi.


“Kapan Mas pindhahan, mengko dakbiyantu.”

“Matur nuwun, mengko dakkabari.”

“Piye Mas, krasan ora manggon ing omahku?”

Pitakone Ronald nalika ngopi bareng ing lesehan dalan anyar bunderan.

“ Ya muga-muga wae, kahanane katon ayem tentrem. Pepethetane edi peni gawe swasana
tambah seger. Aku seneng banget...”

“Ya Mas, ibu saben dina senengane ngulek- ulek tanduran. Mbokmenawa kuwi sing bisa
aweh lelipur marang dheweke.”

“Nanging, menawa oleh kandha. Sajake ibumu nyimpen rasa kang gawe polatane kala-kala
sedhih. Satemene aku dhewe ora pati nggagas. Bareng kerep meruhi sikape ibumu dadi penasaran.”

“Hahhh.. bener mas,” Ronald unjal ambegan. Mengko Mas Har bakal ngerti dhewe.
Satemene kaya ngapa kahanan ing kaluwargaku..”

“Sepurane aku ora teges arep melu cawe-cawe marang perkara kaluwarga. Nanging, thukul
mesaake marang ibumu.”

“Bejane Mas Joko Lono manggon ing omahku.

Dadi saora-orane bisa gawe ramene omah. Kanthi mangkono ibuku ora nemen-nemen anggone
rumangsa sepi banjur pangagene tekan ngendi-endi.”

“Lha ngapa ibumu nganti sedhih banget?”

“ Putrane ibu mung loro, aku karo Mbak Sofi. Telung tahun kapungkur Mbak Sofi rabi karo
Mas Joko banjur diboyong menyang Semarang. Saiki kancane ibu mung karo aku wae.”

“Lha Bapak, ngastanane ana ing ngendi kok kala-kala ora kondur.”

Ronald mung seneng wae karo unjal ambegan. Panywangane tumuju sumliwere kendharaan
sing liwar.

“Mas...!” swarane Ronald sajak sedhih.

“Satemene bapak kuwi ora nyambut gawe ing njaban kutha. Nanging.... bapak nduwe bojo
maneh...”

“Lha...!” Pak Joko Lono kaget. “ Sepurane Mas aku ora ngerti.”

“Ora apa-apa Mas. Awit Mas Har wis dianggep kaya kaluwarga dhewe dadi ora ana alane
menawa ngerti sakabehane.”

“Hmmmm..sepurane mas.”

“Yahhhh.. kaya ngono Mas satemene kaluwargaku

Mesakake ibuku bisane mung ngalah. Dadi satemene korban perasaan. Nanging, kepiye maneh kabe
saka kahanan.”

“Ngapa ibumu sarujuk bapak krama maneh?”


“Ibu ngrumangsani wis ora bisa leladi marang bapak. Awir saka penyakit kaya radhang
kandhungan. Saben-saben mung ngetokake rah sing gawe mirise bapak. Satenebe ibu njaluk pegat
supaya bapak ana sing bisa ngladeni. Nanging, awit rasa tresanane bapak ora gelem. Ndyan ibu
kerep ndgeseg bapak. Lumakune wektu mbokmenawa bapak pancen isih butuh, dadi manut marang
karepe ibu. Ewasemana bapak ora gelem pegatan.”

“ Hahhh.. mesakake temen ibumu,” ujare Pak Joko lono karo unjal ambegan.

“Ibu pancen wonge sabar, bisa ngempet sakabehane kahanan kang kudu ditampa.”

“Pandongane Mas, muga-muga ibuku kuwar nyangga sanggane urip kang abot iki.”

“Nanging. Sajake bapakmu uga ora ninggalake tanggung jawabe mingangka kepala
kaluwarga. Nyatanekabeh isih dicukupi lan wigati banget marang ibumu.”

“Ya.. mung kala-kala..”

“Karepmu?”

“apa awit saka tambah panyanggane urip kudu ngopeni rongkaluwarga. Bapak kala-kala
bludreke kumat, banjur nesu-nesu.”

Alon-alon Ronald nyritaake kahanane kaluwarga marang Pak Joko Lono. Dumadakan watuk-
watuk nganti ngetokake getih.

“Ngapa Mas?” Pak Joko Lono kaget banget.

“Biyasa Mas...” wangsulane Ronald karo mesem.

Banjur tutuke dilapi nganggo tissu. “Umurku kari ngetung dina wae Mas..”

Krungu tembunge Ronald mesthi wae Pak Joko Lono dadi kaget. Satemene apa sing
dikarepake bocah nggantheng kuwi.

“Karepmu piye mas?”

“Hahhh.. ora Mas,sirahku rada puyeng sithik.”

“Menawa ngono ayo bali wae kanggo ngaso ing omah.”

“ Ora apa-apa Mas. Aku isih kuwar kok.”

“Nanging, iki ora becik tumrap awakmu.”

“Yahhh... nanging aku wis ora kaget maneh wiwit setaun kepungkur.”

“Lha satemene ana apa?”

Ronald mung mesem wae karo nyawang Pak Joko Lono. Bola- bali mung unjal ambegan
karosajak pikirane ora tentrem.

“Mas..satemene aku iki kena leukimia..”

“Hahhh..!” Pak Joko Lono banjur bengong.

“Sing bener?”
“Wiwitan aku ora percaya,. Nanging, kahanan pancen kay ngono. Nadyan kaya mangkono
aku kudu semangat ngadhepi uripku. Mesakake marang wong tuwaku sing wis padha nandhang
batin.”

“Wis priksa menyang dhokter?”

“Kerep Mas.”

“Lha apa kandhane dhokter?”

“Yahh.. positip. Nanging, muga – muga isih bisa ditututi lan entuk usada.”

“ Sabar ... sing kuwar ngadhepi kahananmu.”

“ Kabeh wis dakpasrahke marang weas sihe Gusti. Menawa pancen kudu ngene iki, arep
kepiye maneh. Jare manungsa sadrema nglakoni takdir”

“Banjur bapak ibu kepiye bareng weuh kahananmu?”

“ Mas.. aku nyuwun tulung, aja nganti wong tuwaku ngerti marang apa sing lagi dakcritaake
iki. Mligine ibuku sing wis nandhang prihatin. Aku ora bisa mbayangake, kayangapa tambah sedhihe
ibuku menawa nganti mireng kahananku satemene.”

“Iya, aku bakal nyimpen wadi iki. Nanging, kowe kudu kerep priksa dhokter lan njaga
awakmu.”

“Iya Mas..”

Wong loro banjur padha meneng sedhela karo ngombe wedang kopine. Ing pangangene
dhewe-dhewe sajak pdha nyimpen sewu rasa kang ora kawetu,

“Hmmm.. Mas apa kowe wis nduwe pacar?” swarane Pak Joko Lono karo panyawange
tumuju Ronald.

“ Hahh.. mas, aku ora mikir tekan kono. Kabeh ngelingi aku iki sapa?”

“Lha ngapa? Kabeh nduweni hak nresnani marang ;iyam.”

“Rasane ora tega menawa aku nganti gawe kuwicane wong sing daktresnani. Umpama aku
ndhedher tresna, nanging sawetara gethihku digrogoti karo penyakit sing mbebayani iki. Apa
mengkone malah ora nambahi dosa-dosaku marang wong sing daktresnani.”

“Nadyan kahananmu kaya mangkono, isih ana hak kanggo nresnani lan ditresnani.
Semangatmu ora oleh kendho. Kabeh kudu lumaku kaya wong liyane.”

“ Bener Apa sing Kok kandhaake Mas. Eman aku wis dadi wong ora mentalan. Umpama
wanita sing wis nitipake terna marang aku, banjur daktinggal mati kaya ngapa sedhihe.”

“Nanging , selawase iki Mas ronald nduwe pacar ta?” pitakone Pak Jok oLono karo mesem.

Sakawit Ronald mung meneng wae durung gelem blaka. Nanging, bareng dipancing-pancing
banjir kawetu.

“Ya Mas... pancen ana. Eman nganti saiki aku terus ngedohi marang dheweke..”

“Sapa jenenge lan isih sekolah apa ora?”

“jenenge Nastiti, dheweke saiki kerja ing toko.”


“Bocahe piye?”

“Satemene wigati banget marang aku. Dheweke bisa nampa kakurangan lan kaluwihanku.”

“Mas Ronald tresna marang dheweke?”

“Iya Mas..”

“Banjur Nastiti uga tresna?”

“Mbokmenawa malah ngluwihi saka tresnaku marang dheweke..”

Ronald panyawange banjur tumuju adoh. Pangangene sajake kelingan marang bocah wadon
kang lagi disebutake mau. Awit saka kahanane Ronald ora gelem nganti gawe kuciwane bocah
wadon kuwi.

Anda mungkin juga menyukai