Anda di halaman 1dari 2

Assalammu ‘alaikum Wr.

Wb
Ingkang kula hormati Bapak Kepala Sekolah, Bapak lan Ibu Guru. Ingkang kula
tresnani para siswa-siswi.
Langkung rumiyin mangga kita sami atur unjuk puja saha puji syukur wonten
ngarsa dalem gusti Allah SWT, ingkang sampun paring maperang-perang kanikmatan,
karaharjan ugi kasarasan dumateng kita sami saengga kula panjenengan saged
makempal ing wekdal punika kanthi mboten wonten rubeda satunggal punapa.
Wonten ing wekdal ingkang bahagia punika kula nyuwun ijin palilah badhe
ambahas perkawis kebersihan kelas. Namung sakdherengipun kula ambahas punapa
sayektosipun kebersihan kelas, langkung rumiyin kula badhe ngaturaken punapa ta
makna kelas. Kelas sayektosipun panggenan utawi griya kaping kaleh tumrapipun para
siswa. Kelas ugi sawijining papan panggenan ngudi kawruh, ngudi kapinteran ugi
anampi wijangan saking para guru. Lha punapa ta gandheng cenengipun antawis
kebersihan kelas tumraping para siswa ? Kelas ingkang asri andadosaken para siswa
ngudi kawruh utawi kapinteran badhe pikantuk ketenangan batos saengga sedayanipun
ingkang dipun waos, dipun sinau tamtu kasilipun langkung sae. Dene saupami kelas
punika semrawut awit mboten ketata kanthi rapi ugi mboten njagi kebersihan kelas
tamtunipun para siswa anggenipun sami ngudi kapinteran kirang tenang.
Bapak Ibu guru ingkang kula hormati ugi para siswa ingkang kula tresnani.
Damel kelas resik lan asri punika gampil, saupami kita sami nyengkuyung
supados lingkungan kita, langkung-langkung kelas kita kapurih asri lan resik ugi
nyaman kagem kita para siswa anglampahi pendadaran ilmu saking guru. Kita kedah
sadar, maklum perkawis kerbersihan kelas punika sebab kelas kita badhe sae punapa
awon punika kuncinipun wonten kita para siswa. Kita kedah disiplin, taat sedaya
paugeran sekolah, gotong royong, bahu membahu anjagi supados kelas kita tansah asri
lan bebas saking sapadhaning kuman, bakteri, sampah, lan bibit penyakit. Insya Allah
samangke badhe pikantuk hasil ing amaremaken kita sami.
Bapak Ibu guru ingkang kula hormati ugi para siswa ingkang kula tresnani.
Ing wekdal-wekdal punika kawontenan kelas kita kirang mranani ing penggalih
amargi kita sami nembe regeng-regengipun anampi persiapan ujian sekolah lan ujian
nasional, saengga kita kirang kawigatosan tumraping kebersihan sekolah langkung-
langkung kelas kita. Mila saking punika, kita kedah imutaken para siswa langkung-
langkung pribadi kula bilih kita anggadhahi tanggel jawab ageng anjagi sekolah kita,
kelas kita supados tansah asri, tenang kangge ngudi ilmu lan kapinteran ugi tenang
anampi sedaya wejangan saking para guru.
Wonten pepatah ingkang ungelipun mekaten :”kebersihan itu sebagian dari pada
iman”. Mila saking punika kita kedah wigatosaken pepatah ing nginggil punika supados
kita kalebet golongan utawi kaum beriman. Amin ya robbal ‘alamin
Kula kinten cekap semanten ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi saged
nambah kawruh dumateng diri pribadi ku sumrambah para kanca. Bilih sawekdal kula
maparaken perkawis kebersihan kelas punika wonten atur utawi kirang mranani ing
penggalih panjenengan sami kula namung saged nyuwun agunging pangapunten
ingkang tanpo upami. Matur nuwun
wassalammu ‘alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai