Anda di halaman 1dari 1

Gatekna geguritan ing ngisor banjur wenehana tandha macane!

MERDEKA KAKANG MBEKAYU


Anggitane : Wahyuniati

kang ...
siki wektune wong wis padha merdeka
ucul sekang kabeh bebandha
arep kepriwe bae bisa lakonana
ngalor kowe kena, ngidul ya bisa
ngetan ora ana larangan
maring ngulon ya diulihna
apa sing dadi karep bisa kena
ning yakuwe, aja banjur salah nglarahna
kabeh ana aba-aba kanggo rika
mbekayu...
jere urip siki lewih kepenak kanggo mlaku
ngendi bae kepengine bisa dituju
akeh piranti sing sumadya bakal ketuku
kabeh gemebyar, katon sarwa ngreridu
arep ndi sing dadi pilihan kanggomu
sing abang, putih, kuning, ijo apa biru?
pilih sing ndi? siji, loro, apa telu?
Nanging elinga, aja nganti kliru mbok keblenggu
kakang.. mbekayu...
siki jamane wong wis merdeka
mlaku amiturut ndi sing dikarepna
ayuh pada gawe seneng kanggo bangsa
wis tinggalna sing jaman ganu
sing tau ngendeg-ndegi laku
karepe bias dadi gawe maju
merdeka...merdeka.. merdeka ...kakang mbekayu

Anda mungkin juga menyukai