nakir. Ono dunyo orah suwe ono kubur bakal dewe. Mompong seh urip podo tobato mompong mengo lawang tobat iseh mengo. Yen wes di tutop bakal susah awak iro jalok balek nang dunyo wes orah keno. Dunyo brono ojo di pikirno yen mati orah di gowo, amal sholeh kang di gowo ono akhirat bakal di takokno. Yen dunyane kebak akeh amalno fakir miskin tur pikirno, iku amal kang utomo ono akhirat bakal mulyo. Mompong seh urip seng sregep ngaji, kanggo sangu sesok yen mati, ono akhirat bakal di takoni orah biso jawab di gadani. Podo ilingo dawuhe nabi limang waktu kudu dilakoni, sekehe maksiat kudu di dohi ono akhirat bakal terpuji. Ngakehono lah dzikir wengi kelawan sholawat nabi, kanggo sangu yen tekan mati supoyo oleh syafa'ate nabi
Syi'ir LAKUNING URIP MAPAK PATI
Pengarang: al mukarom almarhum mbah habib jazuli al muqdzor