Anda di halaman 1dari 2

PIMPINAN DAERAH MUHAMMADIYAH TRENGGALEK

MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH KELAS


SD MUHAMMADIYAH 1 TRENGGALEK
“Excellent School - Terakreditasi A”
Jl. KH Agus Salim No. 11 Telp. 0355 7690234 NPSN : 20570804NSS : 102051701007
1
Website : www.sdinovatif.sch.id/. Email : sdmuh1trenggalek05@gmail.com kodepos 66315

PENILAIAN HARIAN (PH)


Semester 2 Tahun Pelajaran 2019/2020
Nama : ……………………………… Mapel : Basa Jawa
Hari/Tanggal : ……………………………… Kelas : 1 …

I. Wenehana tandha silang (x) ing awaban kang bener!


Wacanen kanthi patitis!
Kerja Bakti Resik-resik Lingkungan
Saben dina minggu kulawargane Lani kerja bakti resik-resik lingkungan
ing cedhake omah.
Bapak lan mas Roni ngresiki larahan sing mbuntoni got.
Larahan ing got kudu diresiki supaya yen wayah udan banyune bisa mili
lan ora ndadeake banjir.
Mbak Weni lan Lani uga melu mbiyantu ibu.
Ibu resik-resik plataran.
Mbak Weni mbiyantu nyapu latar lan Lani resik-resik taman.
Suket sing njembrung kudu dibubuti supaya tanduran ing taman bisa
subur.

1. Irah-irahane wacana ing nduwur yaiku … .


a. kerja bakti resik-resik lingkungan c. kerja bakti resik-resik sekolah
b. dolanan ing taman d. kerja bakti resik-resik omah
2. Kulawargane Lani kerja bakti saben dina … .
a. senin c. minggu
b. selasa d. rabu
3. Bapak lan Mas Roni kerja bakti ngresiki … .
a. plataran c. taman
b. got d. pawuhan
4. Larahan ing got kudu diresiki supaya yen wayah udan banyune … .
a. mili c. reget
b. mambeg d. resik
5. Yen wayah udan banyune mambeg bisa ndadekake … .
a. resik c. banjir
b. longsor d. kolam
6. Mbak Weni mbiyantu ibu … .
a. mbubuti suket c. ngresiki taman
b. nyapu latar d. ngresiki got
7. Lani mbiyantu resik-resik … .
a. plataran c. pawuhan
b. got d. taman
8. Saben dina minggu Lani lan kulawargane kerja bakti … lingkungan.
a. mbuwang sampah c. ngrusaki
b. ndandani d. resik-resik
9. Suket sing njembrung kudu … .
a. dijarne c. disirami
b. dibubuti d. ditandur
10. Suket sing njembrung dibubuti supaya tanduran bisa … .
a. mati c. tambah cilik
b. resik d. subur

II. Isinen nganggo tembung-tembung sing cocog!


11. Yen buwang larahan prayogane ing … .
12. Siti mbuwang larahan nganggo … .
13. Ibu nyapu plataran ngango … .
14. Lingkungan kang resik ndadekake urip dadi … .
15. Ibu lan Mbak Weni lagi mbubuti … ing taman.

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!

16. Lani – kulawargane – saben – kerja bakti - minggu - dina

Rakiten dadi ukara sing bener!

Jawab : ............................................................................................................

17. Gawea ukara saka tembung “adiwiyata” !

Jawab : ............................................................................................................

18. Kepriye supaya tanduran yen mangsa ketiga ora mati?

Jawab : ............................................................................................................

19. Aranana loro wae cara supaya lingkungan bisa resik lan sehat!

Jawab : ............................................................................................................

20. Tulisen crita pribadimu kang gegayutan karo lingkungan resik, endah, lan asri!

Jawab : ............................................................................................................

Anda mungkin juga menyukai