Anda di halaman 1dari 3

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Ingkang kawulo hormati Bapak Bupati


Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu

Ingkang kula tresnani rencang-rencang kampung Pandang

Monggo kita sesarengan njunjungaken puji syukur marang Gusti Allah


SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia, saengga kita saged
makempal sesarengan ing papan menika kanti sehat wal afiat.

Ing papan menika, kawulo badhe nyampeaken sesorah bab lingkungan


kagem mengeti Hari Lingkungan Sedunia.

Akhir-akhir menika, kita ngraosaken lingkungan ingkang mboten sami


kaliyan lingkungan mangsa kita nom. Minggahipun toya segoro ugi
tambahipun panas wonten lingkungan ingkang kasebat pemasana global
menika contonipun dampak lingkungan ingkang sampun rusak amargi
polah manungsa. Ingkang nyebabken pemanasan global inggih menika
ngagem listrik ingkang luwih, mboten wonten wit-witan ing papan rame,
polusi saking motor lan mobil, ugi kahanan hutan ingkang sampun rusak.
Mula, ayo kita sedaya padha njaga lingkungan supados saged dinikmati
para generasi enom.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan atur saha
solah bawa ingkang mboten mranani penggalilh, kula nyuwun agenging
pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala Dinas Kesehatan
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu pengurus Puskesmas Dinirejo

Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu ingkang sampun rawuh

Saderengipun kula ngaturaken sesorah kagem mengeti Dinten Kesehatan,


sumangga kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang
Akarya Jagad, Allah SWT, awit sih nugraha ingkang kaparengaken
dhumateng kita sedaya, saengga ing papan menika kita sedaya saged
sesarengan makempal kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.

Kula ugi ngaturaken agenging panuwun dhumateng panjenengan ingkang


sampun nglonggaraken wekdal kersa rawuh undangan kagem mengeti
dinten kesehatan ing papan puskesmas Dinirejo menika. Samenika, papan
lan lingkungan kita sampun kathah tercemar amargi sampah. Menawi
sampah kasebat mboten diolah kanthi bener, masyarakat ingkang wonten
ing papan menika saged kena penyakit. Mula kagem njaga resikipun papan
panggonan, kerja bakti marang keluarga lan warga kampung saged diuri-
uri. Menawi lingkungan papan panggonan lan lingkungan kampung saged
resik, penyakit nular mboten bakal wonten.

Mekaten pidato saking kula. Menawi kathah kalepatan atur saha solah
bawa ingkang boten mranani penggalih panjenengan, kula nyuwun
pengapunten.

Wassalamualaikum wr.wb
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Ingkang kawulo hormati Bapak Kepala RW 70
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu para tamu Kampung Aksara

Ingkang kula tresnani, rencang-rencang sedaya

Puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit ing wekdal
menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga kita saged makempal
wonten acara tiraatan kagem mengeti dinten kemerdekaan kanthi
pinaringan karaharjan.  Kula Trisna, ngaturaken agunging panuwun
dhumateng Bapak Ibu ingkang sampun rawuh ing pawiyatan menika.

Bapak Ibu sarta sedherek ingkang kula urmati, kados sampun kita
mangertosi bilih rikala 17 Agustus 1945, Indonesia mbiyawaraaken
kamardhikan. Pahlawan bangsa punika gadhah cita-cita luhur kagem
merdekaaken Indonesia. Tanggal 17 Agustus, para pemimpin bangsa
wusananipun kasil maosaken proklamasi kamardhikan ingkang kedah kita
mangertosi. Mugi-mugi bangsa Indonesia saklajengipun langkung sae lan
saged ngisi kalihan njaga semangat nasionalisme.

Cekap semanten atur kula. Bilih wonten klenta-klentu anggenipun matur,


kula nyuwun agenging pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai