Anda di halaman 1dari 6

DINAS PENDIDIKAN

KABUPATEN PACITAN
KKG GUGUS 02 KECAMATAN PACITAN
Sekretariat: Jl. Brigjend Katamso no. 17 Telp. (0357) 884358 Kode Pos 63512

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT)


TAHUN PELAJARAN 2022/2023

KURIKULUM 2013

Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : IV (Empat)
Hari/Tanggal :
Waktu :

PETUNJUK UMUM:
1. Tulislah nama dan nomor presensi di sudut kanan atas pada lembar jawaban
yang disediakan!
2. Bacalah setiap soal dengan sebaik-baiknya!
3. Kerjakan dahulu soal yang kamu anggap paling mudah!
4. Periksa kembali pekerjaanmu sebelum kamu serahkan kepada Bapak/Ibu guru!

I.Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d ana ing wangsulan kang
bener!
1. Bahane teks narasi bisa saka….
A. pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang
dhewe.
B. asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan pengalaman uripe
manungsa.
C. asil rekadaya pikirane pengarang dhewe lan asile panaliten sing dianakake
dening para ahli.
D. asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan saka kabar ing ariwarti
utawa kalawarti.

2. Gunane pepindhan (perbandhingan) ing teks deskripsi yaiku….


A. supaya katon endah.
B. kanggo nguripake gambaran.
C. kanggo nambahi teks.
D. supaya katon akeh.

3. Isine tembang dolanan sejatine kanggo menehi piwulang marang bocah-bocah


ngenani….
A. ilmu pengetahuan.
B. tata krama.
C. budi pakerti.
D. sopan santun.

4. Lumbung Desa
1
Lumbung desa pra tani padha makarya
Ayo dhi, njupuk pari nata lesung nyandhak alu
Ayo yu, padha nutu yen wis rampung nuli adang
Ayo kang, dha tumandang yen wus mateng nuli madhang
Nilai budi pekerti saka tembang ing dhuwur sing bisa dijupuk yaiku….
A. kerjo bakti.
B. mandiri.
C. kurmat kinurmatan.
D. gotong-royong.

5. “Yen wus mateng nuli madhang”, tembung madhang basa krama aluse….
A. mangan.
B. nedha.
C. nedhi.
D. dhahar.

6. Ukara “metu mburi toko” yen ditulis nganggo aksara Jawa migunakake
sandhangan swara kanthi urut….
A. pepet, suku, wulu, taling.
B. taling tarung, pepet, wulu, suku.
C. pepet, suku, wulu, taling tarung.
D. taling, suku, wulu, taling tarung.

7. “Cecak” yaiku sandhangan sigeg gantine aksara sigeg….


A. swara “ng”
B. swara “h”
C. swara “r”
d. swara “y”

8. Yen ditulis nganggo aksara Jawa “prau layar” yaiku….


A. p] au l t/
B. p] au l y/
C. w] au l t/
D. w] au l y/
9. ?s ki= [ao mh . Yen ditulis nganggo aksara latin….
A. saking omah.
B. beling pecah.
C. piring pecah.
D. kacang garing.

10. Adhik nulis geguritan. Tembung ‘nulis’ asale saka tembung lingga….
A. tulis
B. tinulis.
C. nulisi.
D. tulisan.

11. Aku…latar saben esuk. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut
yaiku….
A. daksapu.

2
B. disapu.
C. nyapu.
D. koksapu.

12. Lintange pating kelip ing angkasa. Tembung ‘kelip’ yen oleh seselan, mathuke
muni….
A. kerelip.
B. kelap-kelip.
C. kelip-kelip.
D. kinelip.

13. Kabeh siswa nduweni kapinteran dhewe-dhewe. Tembung ‘kapinteran’ yen


diudal manut tembung linggane yaiku….
A. seselan ka- + pinter + ater-ater –an.
B. ater-ater ka- + pinter + panambang –an.
C. panambang ka- + pinter + seselan –an.
D. ater-ater ka + seselan pinter + panambang –an.

14. Crita rakyat iku panganggite ora dimangerteni, mula diarani….


A. antonim.
B. legenda.
C. mite.
D. anonim.

15. Tembung camboran sing tembung siji lan sijine isih nduwe teges dhewe-dhewe
diarani camboran….
A. tunggal.
B. tugel.
C. wutuh.
D. wudar.

16. Kosok balene tembung “boros” yaiku….


A. nastiti.
B. gemi
C. prigel.
D. ati-ati.

17. Tuladhane tembung camboran tunggal, kajaba….


A. nagasari.
B. wayang golek.
C. gandarukem.
D. daramuluk.

18. Tembang gambuh iku cocok digunakake kanggo ngungkapake bab-bab kang
duweni sipat….
A. panglipur.
B. leluhur.
C. ora penting.
D. kekeluwargaan.

3
19. Ja seneng adu-adu
Sipat sing ala aja ditiru
Gawe kanca padha serik lara ati
Luwih becik urip rukun
Aja padha seneng goroh
Guru wilangan tembang ing ndhuwur yaiku….
A. 7, 10, 12, 8, 8.
B. 7, 10, 10, 8, 8.
C. 7, 10, 12, 7, 8.
D. 7, 12, 10, 8, 8.

20. Cacahing wanda saben sagatra iku diarani….


A. guru lagu.
B. guru wilangan.
C. guru gatra.
D. guru pada.

21. Tembang gambuh iku salah sawijining tembang….


A. macapat.
B. dolanan.
C. Jawa.
D. kenangan.

22. Underane crita uga diarani….


A. latar.
B. wejangan.
C. tema.
D. alur.

23. Salah sawijine titikan teks pacelathon yaiku….


A. mung nggunakake ukara crita.
B. katulis kanthi wujud dhialog (imbal wacana).
C. diparagani dening pawongan siji.
D. nggunakake ukara sing ngambrawara.

24. Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu….
A. katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng.
B. katon bungah supaya sing ngrungokake melu sedhih.
C. katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih.
D. katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng.

25. Raden Werkudara iku satriya ing….


A. Amarta.
B. Jodhipati.
C. Bumi retawu.
D. Sawojajar.

4
II. Isenana ceceg-ceceg iki kanthi bener!
1. Langkah sepisanan nalika ngarang narasi yaiku….
2. Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek,
panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa
ngalami dhewe objek sing digambarake panulis diarani….
3. Tembang dolanan iku ditembangake bocah-bocah nalika….
4. “Gedhang goreng” yen ditulis nganggo aksara Jawa….
5. Rina adreng kepengin ngendhangi kancane.
Tembung sing dicetak miring iku patute diwenehi ater-ater….
6. Bapak lunga kantor numpak motor. Ukara iku menawa didadekake krama alus
yaiku….
7. Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani….
8. Aja uncal uwuh.
Gugon tuhon kasebut duwe karep….
9. Pengkal iku kalebu sandhangan….
10. Crita rakyat kang nyritakakake lelakon utawa parjuangane para pahlawan
diarani….

III. Rampungna garapan ing ngisor iki kaya prentahe!


1. Sebutna titikane teks dheskripsi!
2. Sebutna telu bae judhule tembang dolanan!
3. Sebutna limo wujude, jenenge, lan pocapane sandhangan swara!
4. Gambuh

Sekar gambuh ping catur


kang cinatur polah kang kalantur
tanpa tutur katula tula katali
kadaluwarsa katutuh
kapatuh pandadi awon
Tulisna guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane tembang gambuh kasebut!
5. Wenehana tuladha telu bae tumindak sing nuduhake pakerti peduli marang
lingkungan!

5
6

Anda mungkin juga menyukai