Anda di halaman 1dari 7

PEMERINTAH KABUPATEN LUMAJANG

DINAS PENDIDIKAN
UJI KOMPETENSI SEMESTER II ( Genap )
TAHUN PELAJARAN 2010 / 2011
KEC. PASRUJAMBE – KAB. LUMAJANG

Mata Pelajaran : BAHASA DAERAH Nama Peserta : ………………………..


Kelas : IV ( Empat ) Sekolah : ………………………..
Hari / Tanggal : Nomor Absen : ………………………..
Waktu : Nilai :

Wacanen kang patitis !


Ki Hajar Dewantara
Ki Hajar Dewantara iku salah sawijineng tokoh pendidikan Indonesia seng wis misuwur
jalaran bebarengan karo tokoh – tokoh liyane berjuang mbudidaya kepriye amrih majune pendidikan
ing Indonesia. Mulane Ki Hajar Dewantara banjur entuk sesebutan “Pahlawan Pendidikan Nasional“.
Ki Hajar Dewantara asma asline yaiku Raden Mas Suwardi Suryaningrat ( R.M. Suwardi
Suryaningrat ) miyos tanggal 02 Mei 1889 ing Yogyakarta.
Tanggal 25 Desember 1912 Ki Hajar Dewantara, Dr. Cipto Mangun Kusumo lan Dowes
Dekker ( Multatoli ) kang kasebut “ Tiga Serangkai “ ngedekkake Indische Partij. Sing duwe tujuan
“Indonesia Merdeka”.
Ki Hajar Dewantara uga nyambut gawe dadi wartawan surat kabar “ Sedyo Tomo “
kanggo ngritik penjajah Walanda. Ki Hajar Dewantara nggawe karangan sing judule “ Als ik eens
Neder Lauder Was “ tegese “ Saupama Aku Wong Londo “ isine nyindir Bangsa Walanda sing
kurang tata. Akibat saka tulisane mau Ki Hajar Dewantara banjur dipidana lan diasingake menyang
Negara Walanda.
Sakwise metu saka pakunjaran lan mulih saka pangasingan Ki Hajar Dewantara
ngedekkake Perguruan Taman Siswa, tanggal 03 Juli 1922, sing duwe semboyang “ Ing Ngarso Sung
Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani “. Sakwise Indonesia Merdeka, Ki Hajar
Dewantara diangakat dadi Menteri Pendidikan lan Pengajaran sepisanan. Awit saka gedhe klabuhane
tumrap Bangsa lan Negara ing jagade Pendidikan, Pemerintah RI maringi anugrah dadi Pahlawan
Perjuangan Kemerdekaan lan Bapak Pendidikan Nasional. Dino wiyose tanggal 02 Mei uga dipengeti
dadi Hari Pendidikan Nasional.

I. Wenehana tanda ping ( x ) ing aksara a, b, c, utawa d minangka wangsulan sing bener !
1. Ki Hajar Dewantara asma asline yaiku ...............................
a. R.M. Surya Prawolo c. R.M. Surya Pratama
b. R.M. Suwardi Suryananggala d. R.M. Suwardi Suryaningrat
2. Ki Hajar Dewantara miyos tanggal .......................................
a. 20 Mei 1908 c. 2 Mei 1889
b. 20 Mei 1889 d. 2 Mei 1898
3. Tulisane Ki Hajar Dewantara sing nyindir penjajah Walanda judule ...............................
a. saupama aku wong londho c. saupama aku wong ardiko
b. saupama aku wong jawa d. saupama aku wong utomo
4. Sing kasebut Pahlawan Pendidikan Nasional yaiku .....................................
a. Dr. Cipto Mangun Kusuma c. Douwes Dekker
b. Ki Hajar Dewantara d. Drs. Muh. Hatta
5. Simbah mau wis mangan sego pecel nang Budhe. Tembung mangan sego pecel yen
didadekno basa krama dadi ........................
a. mangan sekul pecel c. dhahar sego pecel
b. dhahar sekul pecel d. dhahar nasi pecel
6. Aku diwenehi dhuwit Bapak. Ngoko aluse ...................................
a. Aku diparingi dhuwit Bapak c. Dalem dipun sukani yatra Bapak
b. Aku disukani dhuwit Bapak d. Kula diparingi yatra Bapak
7. Pak, omahe Pak Purwo iku ngendi ? ukara – ukara iku yen dikramakake
dadi ............................
a. Pak, griyane Pak Purwo punika pundi ? c. Pak, dalemipun Pak Purwo niku pundi ?
b. Pak, omahe Pak Purwo niku pundi ? d. Pak daleme Pak Purwo niku pundi ?
8. “ Budhe mundhut punapa Bu ? kalebu ................................
a. krama inggil b. krama c. ngoko alus d. ngoko lugu
9. Ki Hajar Dewantara miyos tanggal 2 Mei 1889.
Tembung miyos kosok baline ..................................
a. metu b. medal c. mlebu d. lungo
10. Bayu oleh teko isik wingi sore, saiki wis arep ............................. maneh
a. budhal b. wani c. wedi d. melu
11. Yen ngiseni jeding nganti amber. Kosok baline amber yaiku ..............................
a. kutah b. kebek c. asat d. milli
12. Ki Hajar Dewantara gedhe darma ............................... marang Negara.
a. bekti b. kusuo c. asih d. puji
13. Yen menehi wong iku kudu lego ......................... supaya ora dadi pikiran.
a. lali b. lita c. lunga d. lula
14. Pait ............................. wis dilakoni, saiki kari ngrasakkake kepenakke.
a. jamu b. madu c. nyetak d. getir
15. Sing klebu tembung saroja yaiku .............................
a. andhap asor b. bapa binngung c. pinter-pinter d. nagasari
16. Amat mangan gedhang .............................
a. saeros b. sasundhuk c. sauler d. satengker
17. Candi Prambanan dumunung ana ing kutha ..............................
a. Sleman lan Klaten c. Sragen lan Klaten
b. Yogyakarta lan Magelang d. sragen lan Sleman
18. Gambar wayang iki arane ....................................
a. Petruk
b. Gareng
c. Semar
d. Bagong
19. Larang yen ditulis aksara jawa dadi ................................
a. b. c. d.
20. Pasar yen ditulis nganggo aksara jawa dadi .....................................
a. b. c. d.
21. Dadi wong aja iri marang wong kang tinisah sugih. Tinitah linggane ..............................
a. itah b. nitah c. tini d. titah
22. Alot tan kena cinakot. Cinakot asale saka tembung cakot oleh seselan ...........................
a. in b. um c. un d. im
23. Srengenge sumunar ing sisih wetan. Tembung sumunar iku tembung lingga sing oleh
seselan ............
a. un b. el c. um d. in
24. Yen ditulis aksara lating dadi ...............................
a. tukna b. turua c. tuwua d. tumua
25. Dhandhang gula, megetruh, asmaradana, iku kalebu golongane tembang ........................
a. macapat b. gedhe c. dolanan d. tengahan
26. Tembang ngisor iki sing dudu tembang macapat yaiku .............................
a. kinanthi b. pangkur c. sinom d. parikan
27. Agama ageming ati. Guru wilangan lan guru lagune tembang ing kasebut
yaiku ........................
a. 8i b. 8a c. 3i d. 10a
28. Tembung pangkur cacahe ana .............................. gatra.
a. 8 b. 9 c. 7 d. 6
29. Cacahing wanda ing saben gatra diarani ..................................
a. guru lagu b. guru wilangan c. guru gatra d. sapada
30. Sing tuku endhog iku mbah Siti. Ukara pitakone ................................
a. Ing ngendi Mbah Siti tuku endhog ? c. Apa sing dituku Mbah Siti ?
b. Endhog sing dituku regane pira ? d. spa sing tuku endhog iku ?
31. Bapak Ibu kesah nunggang becak. Basa kramane sing becik yaiku ......................
a. Bapak Ibu kesah nunggang becak. c. Bapak Ibu tindak nitih becak
b. Bapak Ibu kesah nitih becak d. Bapak Ibu tindak nunggang becak
32. 1. preng garing 4. lem
2. kawat 5. paku
3. bolah 6. kertas minyak
Piranti kanggo nggawe layangan yaiku .................................
a. 1 – 3 – 4 – 5 c. 1 – 3 – 4 – 6
b. 2 – 4 – 5 – 6 d. 1 – 3 – 5 – 6
33. Bukuku disilih Wati. Ukara ing pinggir yen didadekakeukara tandhuk dadi ...........................
a. Wati bukuku daksilih c. Disilih Wati bukuku
b. Wati nyilih bukuku d. Wati disilih bukuku
34. Ratih arep dakampiri. Ukara ing pinggir yen didadekake ukata tanggap dadi ...........................
a. Aku arep ngampiri Ratih c. Ratih arep aku ampiri
b. Aku arep ampiri Ratih d. Ratih arep ampiri aku
35. Putuku bocah bagus,
Lawan kowe angger bocah ayu,
Sokur bage kowe manut,
Yen atimu krasa cocog.
Ukara ing dhuwur mujudakecakepake tembang ................................
a. gambuh b. mijil c. meghatruk d. pucung
II. Ceceg – ceceg ing ngisor iki isenono nganggo tembing sing mathuk !
36. Bapak duwe sepeda motor. Duwe krama inggile .....................................
37. Aja bungah disik gawene durung rampung. Bungah kosok baline ......................................
38. Dadi bocah iku kudu andhap .........................................
39. Satria bagus madakara yaiku Raden .............................................
40. Yen ditulis latin dadi .........................................
41. Tembung ayu yen diwenehi seselan –um dadi ............................................
42. Rambute simbah digelung. Rambut krama inggile ...................................................
43. Walang kadung yen ditulis aksara jawa .................................................
44. Jenar nganggo topi. Dadekna ukara tanggap ! ......................................................
45. Bapak pucung tanpa sirah lawan gembung, sabamu ing sendhang, pencoanmu lambung
kering, prapteng wisma si pucung muntak guwaya.
Batangane tembang pucung yaiku .................................................

III.Wangsulana pitakon ing ngisor iki !


46. Budhe lara, aku dikongkon tuku obat. Kepriye krama inggile ?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
47. Tulisen nganggo aksara jawa. Tangia !
Wangsulan : ..............................................................................................................................
48. Omahe Pak Edy arep dituku Bapak.
Kepriye basa kramane sing becik ?
Wangsulan : ..............................................................................................................................
49. Yen ditulis latin dadine !
Wangsulan : ..............................................................................................................................
50. Anto makani pithik. Dadekno ukara tanggap !
Wangsulan : ...............................................................................................................................
Kunci Jawaban Bahasa Daerah
Kelas IV

a. Pilihan Ganda.
1. D 11. C 21. D 31. C
2. C 12. A 22. A 32. C
3. A 13. B 23. C 33. B
4. B 14. D 24. B 34. A
5. B 15. A 25. A 35. A
6. D 16. C 26. D
7. D 17. B 27. A
8. B 18. B 28. C
9. C 19. A 29. B
10. A 20. C 30. D

b. Isian.
36. Kagungan
37. Susah
38. Asor
39. Janaka
40. Nunggang gajah
41. Kumayu
42. Rikma
43.
44. Topi dienggo Jenar
45. klenting

c. Isian
46. Budhe gerah kula dipun utus tumbas usada

47.

48. Griyanipun Pak Edy kersa dipun pundhut Bapak

49. Tetuku.
50. Pithik dipakani Anto

Anda mungkin juga menyukai