Anda di halaman 1dari 3

Cover

SERAT ULEM
Burhan lan Devi

Sabtu, 5 Februari 2022

Ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu/Sedherek


ISI

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Kanthi nyadong sihberkahing Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih lan nindakaken sunnah Nabi
Muhammad SAW ndhapuk kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, lan warohmah. Ing
pangangkah kawula sagotrah anglaksanakaken pawiwahan dhaup saha syukuran putra-putri kula
punika :

Devi Amaliana Listiani

Putri Bapa Sunyoto & Ibu Eni Istianah (almh.)

Kaliyan

Mohammad Burhanuddin

Putra Bapa Jaenuri & Itah Ambarwati

Akad Nikah :

Jumat, 16 Juli 2021


Menggah titi wancanipun tasyakuran :

Dinten : Sabtu

Surya Kaping : 5 Februari 2022

Wanci Tabuh : 09.00 – 21.00 Wekdal iring kilen

Papan Panggenan :

Desa Sumber Doko, Jl. Melati RT/RW 36/06, Kecamatan Ngasem, Kabupaten Kediri

Satuhu damel bingahing manah kula sagotrah, bilih sarana dhanganing penggalih lan sepen ing
sambekala, Bapak/Ibu/Sedherek kesdu rawuh paring donga pangestu dhateng pengantin kekalih.

Wusana kawula sagotrah ngaturaken agunging panuwun, saha nyuwun paringing pangaksami
bilih wonten kekirangan lan kalepatan.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang atur uninga

Bapa Sunyoto Bapa Jaenuri


Ibu Eni Istianah (almh.) Ibu Itah Ambarwati

Burhan & Devi

Denah Papan Pahargyan


(Di isi denah rumah)

Anda mungkin juga menyukai