Anda di halaman 1dari 1

‫السالم عليكم ورحمةهللا وبر كا ته‬

‫ امابعد‬...‫ صالة وسال م على رسو هلل‬.,‫حمدا وشكرا هلل‬

Dumateng bapak ibu dewan juri ingkang kawulo hormati, lan sedoyo rencang peserta lomba pidato ingkang kawulo
trisnani.

Kaping setunggal monggolah kito muji lan syukur dateng Allah SWT kanti lafal ‫ الحمد هلل وشكر هلل‬ingkang sampun nyoto
paring kenikmatan dumateng kito sedoyo, sahinggo kito saget kempal wonten ing acara lomba pidato wekdal puniko
kanti keadaan sehat wal afiyat.

Kaping kalih sholawat salam mugio tansah konjuk dumateng Rasululloh SAW kanti waosan ‫اللهم صل على سيدنا محمد وعلى اله‬
‫سيدنا محمد‬

Mugio kito sami benjang pikantuk syafaatipun ing dinten akhir zaman, amin allahumma aamiin…

Bapak ibu dewan juri lan sedoyo rencang ingkang mugi-mugi dipun Rahmati Allah. Wonten ing kalodangan puniko, kulo
ajeng njabaraken perkawis cinta NKRI.

Sinten ingkang mangertos singkatan saking nopo NKRI meniko..?????


Bettulll seratus kagem sedoyo…
NKRI puniko kepanjangan sangking Negara Kesatuan Republik Indonesia.
Negari Indonesia puniko, benten kalayan negari sanes-sanesipun, kados dene negari india, arab Saudi, irak, iran, korea,
Thailand. Lan sanes-sanesipun. Negari kasebat meniko negari ingkang wilayahipun setunggal blok. Dados, gampil
anggenipun seserawungan ugi ngordinasi rakyatipun.
Benten kalayan negari kito, ingkang tansah benten-benten wilayah, suku bangsa, bahasa, keturunan, utawi ras, agami,
ugi sanes-sanesipun. Ananging sinaoso kados mekaten, poro kinasis kang sami wasis tetep saget nggadahi pinanggih
langkung kuncoro kados dene pancasila, uud 45, bhineka tunggal ika lan setunggaling wilayah ingkang kasebat
nuswantoro. Milo monggo kito cepeng saestu rencang-rencang kulo poro kaneman sampun ngantos lacut. Allah sampun
ngendiko wonten ing Al Quran.

‫َيا َأُّيَها الَّناُس ِإَّنا َخ َلْقناُك ْم ِم ْن َذ َك ٍر َو ُأْنثى َو َج َعْلناُك ْم ُش ُعوبًا َو َقباِئَل ِلَتعاَر ُفوا ِإَّن َأْك َر َم ُك ْم ِع ْنَد ِهَّللا َأْتقاُك ْم ِإَّن َهَّللا َع ِليٌم َخ ِبيٌر‬
Ingkang artosipun “Hee manungso, sak temene ingsun (Allah) ndadeake siro sangking wong lanang lan wong wadon lan
ndadeake siro bernegari lan bersuku supoyo siro podo kenal. Sak temene wong sing paling mulyo ing siro kabih yaiku
wong sing paling taqwa. Sak temene Allah zat kang maha mangertosi ugi maha mengenal.” (QS al Hujurat ayat 13)

Milo sangking puniko monggolah kito sami cancut tali wondo pancasila, uud 45, soho bhineka tunggal ika meniko
sampun ngantos lukar sahingga negari Indonesia pecah belah. Conto sederhananipun kito dados murid kedah sinau kanti
saestu, ta’dzim kalayan guru ugi tiyang sepah kekaleh, soho rukun kaleh rencang sesami sahinggo saget mujudaken
negari kesatuan republic Indonesia . ingkang dipun sebat NKRI

Hadirin wal hadirot rohimakumullah, supados ningkataken rasa cinta kita dateng negari Indonesia, sumonggo kito sami-
sami nyanyiake lgu yalal wathon, saget geh… monggo…

Mekaten ingkang saget kawulo aturaken, mugio dadosaken manfaat lan barokah kagem kito sedoyo, sak derengipun
kawulo tutup, kawulo wonten pantun sak kedik

Buah mangga manis rasanya


Setelah matang jatuh ke kali
Mari kawan-kawanku semua
Bersama kita cintai nkri
‫او صكم ونفس بتقوهللا وهللا الموا فق الى اقوا م الطريق‬
Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh

Anda mungkin juga menyukai