Anda di halaman 1dari 2

HIZHBUL WATHAN PANDUKU

Assalamu alaikum …..

Dumateng ngarsanipun bapak ibu pembimbing ingkang kinurmatan saha


kanca-kanca anggota CPA ingkang kulo tresnani.

Sakderengipun sumonggo puji lan syukur tansah kita aturaken dumateng


ngarsa dalem Allah SWT. Awit saking kemirahanipun kita sedaya saget derek
kegiatan kemah CPA Hizbul Wathan ing kesempatan menika.

Sagung para rawuh ingkang bagya mulya, kegiatan CPA ingkang nembe kita
lampahi ing salebeting tigang dinten kawiwit dinten jum’at kapengker dumugi
dinten minggu samangkih sejatosipun anggadahi manfangat ingkang saget
wigati tumrap kulo lan panjenengan sedaya. Pidato Bahasa jawa tentang
“Hizbul Wathan Panduku”

Sinoso kegiatan CPA menika nembe kalampah satunggal dinten ananging kulo
pribadi ugi kanca-kanca sedaya temtonipun sampun angraosaken pripun
gesang piyambak tanpo tumut tiyang sepuh wonten dalem.

Kanthi kegiyatan Kemah CPA HW menika mugi kita sedaya anggadahi


keterampilan uga kemandirian ingkang langkung sae tinimbang sakderengipun
kanthi mekaten, sinaosa acara HW sampun paripurna samangkih kita saget
mbiasakaken gesang kanthi mandiri ugo ngenteng – ngentengi beban tiyang
sepuh kita sedaya.

Sagung para rawuh ingkang kinurmatan, mbok bilih namung semanten atur
saking kulo. Katah lepat atur lan kirang trapsila ing manah panjenengan sedaya
saestu namung saget nyadong agungen pangapunten.

Kulo ahiri, wabillahi taufiq wal hidayah


Wassalamu alaikum …..

Anda mungkin juga menyukai