Anda di halaman 1dari 4

PERTEMUAN 4

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas/Semester : IX/Gasal
Kompetensi Dasar : Menanggapi isi teks cerita wayang
Ramayana lakon Anoman Duta
dengan ragam krama
Materi : Cerita Ramayana Anoman Duta
Gatekna carita Wayang Ramayana ing andhap menika kanthi permati!

Anoman Duta (4)


Kanthi pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi
Shinta banjur menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali kasebut
ora sesek lan bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar
mratandhakake yen Dewi Shinta isih suci. Kabukten yen Dewi Shinta isih
suci banjur menehake uga marang Anoman kanggo diaturake Prabu Rama
susuk kondhe minangka pralambang yen Dewi Shinta ngenteni banget
tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan kalawan Dewi Shinta
dumadak kapriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan
prajurite. Anoman digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa menyang
pasewakan. Printahe Dasamuka kang mangreteni bab kasebut, Anoman
dicencang tangan lan sikile kanggo diobong. Tanpa diweruhi liyane, Togong,
jelmaan Sang Hyang Antaga menehi Anoman banyu sacegukan kanthi
kesepakatan yen omahe Togog dijaga saka anane bahaya.
Prabu Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni
ngobong kayu. Ora disangka-sangka dhuwure geni kasebut ora kasil mateni
Anoman. Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang
digawa banjur diawut-awut neng pojok-pojoke praja nganti sanagara kobong
kabeh. Akeh prajurit mati saka pangamuke Anoman. Sawise Ngalengka
kobong Anoman banjur mulih saprelu sowan marang Prabu Ramawijaya ing
Pancawati. Ing pinggirane segara kang misahake Ngalengka lan Pancawati,
Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka) kang
semaput amarga dikepruk kangmase dhewe banjur diusadhani dening
Anoman. Minangka rasa panuwune, Anoman diterake bali menyang
Pancawati dening Raden Wibisana. Sabanjure teka ing Pancawati Raden
Wibisana diangkat dulur enom dening Ramawijaya lan didadekake penasihat
raja. Mengkone saka Raden Wibisana kasebut Prabu Ramawijaya bisa
mangreteni titik lemahe para senopati Ngalengka. Anoman kang slamet bali
maneh menyang Pancawati banjur crita ngenani lakune menyang Ngalengka
lan nuduhake susuk kondhene Dewi Shinta kang mratandhakake gelem
baline Dewi Shinta yen dipapag Prabu Ramawijaya.
 
Sumber
https://wisnuprasetyobekti.blogspot.com/2016/11/anoman-dhuta-bahasa-jawa.html
A. Kaserata tembung-tembung ingkang dereng ngertos tegesipun, lajeng
tegesana ngagem kamus utawi diskusi kalih kanca!
B. Kaserata ringkesan cariyos ing inggil ngagem bahasa Jawa Krama!
C. Diskusi saged lumantar sarana komunikasi upamanipun kaya WA lan
liya - liyane!
D. Wangsulan saged diserat ing kertas, difoto lan dikirimaken
dhumateng Bapak/Ibu Guru mawi daring!

Anda mungkin juga menyukai