Anda di halaman 1dari 1

Nama : Eni Komalasri Kelas : IX D

Pengetan 17-an
Assalamualaikum Wr Wb Ingkang kinurmatan Kepala Sekolah saha Bapak Ibu guru, rencang-rencang sedaya para siswa SMP N 02 Banjarharjo ingkang kula tresnani. Sumangga kita sesarengan ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti Allah ingkang Maha Kuwaos awit saking rahmat saha karunianipun kita sadaya saget kempal ing Aula ngriki setunggal manapa. Kula minangka walinipun rencang-rencang panitia pengetan punika ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun sanget awit panjenengan sedaya sampun kersa ngrawuhi pengetan ppunika. Ing dinten punika kita sedaya mengeti dinten kamardikan Indonesia jangkep ingkang kaping 68. tanpa perjuanganipun para pahlawan, mbok menawi ngantos dinten punika kita taksih dados bangsa ingkang dipun jajah dening bangsa sanes. Mangga kula ngajak para rencang sedaya supaya ihklas berjuang nindakaken tugas lan kuwajiban lare sekola kanthi makaten perjuangan para pahlawan boten muspra. Para rawuh ingkang kula urmatimugi-mugi kegiyatan menika saged kaleksanan kanthi sae rahayu boten wonten rubeda menapa kemawon. Mekaten atur kawula mbok menawi wonten atur kula ingkang mboten mranani ingpanggalih para rawuh, kula sarencang nyuwun agunging pangapunten. Matur nuwun. Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah Wassalamualaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai