Anda di halaman 1dari 1

11 TIPS MUDIK LEBARAN NUMPAK MOTOR...

1. Pastek'no disik nek awakmu nduwe motor. ga usah nekat nyolong motor opo maneh sampek
konangan sing duwe, ujung2e malah gak sido mudik, ndekem nang pos polisi gak iso mangan kupat tahu
kon. wkkkkkk
2. Bane diitung disik, jumlahe kudu loro nek siji iku sepedae badut, nek telu iku becak utowo bajaj, nek
papat berarti awakmu numpak angkot nek gak onok bane berarti numpak prau nek gak onok apa2ne
berarti mlaku. Lak ngono to broo.. wkkkkkkk
3. Rem di check. Ojok nekad ngerem nganggo sepatu utowo sandal nang aspal, eman2 aspale nek
rusak.. kaet didandani wingi iku.
4. Check rante ambek gir e jik onok ta gak.. sopo ngerti wes ilang dicolong arek2 pelajar gawe tawuran
5. Check lampu ngarep, pastekno duduk lampu senter sing mbok pasang, opo maneh nekad gawe lampu
teplok iki ngono mudik broo.. duduk mbunteli kacang telor neng plastik gawe riyayan
6. Spion ojok lali gawe ngoco selama perjalanan, tapi ojok koco rias sing mbok pasang opo maneh sak
mejone.. abot nggowone bro
7. Nggaweo helm SNI masio awakmu kerjo proyek (budal prokoh moleh seyek) ojok pamer pas mudik
nggawe helm karyawan sing wernoe kuning iku mambu rambut sing penguk pisan. Kakean lengo
orang aring wkkkkkk
8. Nggowo barang2 sing ringkes ambek sing penting ae. Barang koyok kasur, tabung gas, mejo
computer, raket nyamuk opo maneh anake kucing ojok digowo.. mundak motormu njengat engkok
kabotan. wkkkkkkkkk
9. Pasang kecepatan roto2 40-70km/jam ae. Gak usah ngebut, opo maneh sampek 120-140km/jam
koyok valentine rossi ae nek kecepeten tekan kampung paling awakmu dikongkon ngewangi mboke
ngudek madumongso neng pawon, lek gak ngono dikongkon nimbo ngebeki jeding.
10. selama nang perjalanan bersikap sing wajar ae ojok lebay atek lepas setir barang.. opo maneh
ngadek nang jok atek ngangkat2 ban ngarep terus ambek goyang itik barang.
11. Ojok lali berdoa disik sing kenceng cek di keki selamet selama perjalanan n selamet sampek tujuan
nang kampung. Ojok ndungo mangan ae sing diapalno.. kaet jaman tk sampek sak iki isone iku ae.

Anda mungkin juga menyukai